Anak Domba karo gulungan sing dicap
5
Maringono reang nguwasen ning tangan tengene Pengeran sing lungguh ning tahta iku ana gulungan surat. Gulungan iku duweni tulisan njaba njero terus ditaleni katek pitung cap.
Gulungan sing ditaleni pitung cap (5:1)
2 Terus reang nguwasen malaekat sing gagah guneman nggawe suwara sing banter, “Sapa sing pantes mbukak'en pitung cap iki, terus mbukak gulungan kitab iki?”
3 Tapi nanak sesijia sing ana ning swarga, ning bumi, utawa ning isore bumi sing bisa mbukak'en utawa mek ndeleng isine. 4 Reang nangis sak'nemen-nemene merga nanak sesiji-sijia sing pantes mbukak'en utawa nguwasen ning njerone.
5 Maringono salah sijine sesepuh iku ngomong nang reang, “Ajo nangis! Singa teka suku Yehuda wis menang. Yesus iku anak putune Raja Daud. Yesus bisa mbukak gulungan surat iku karo cap sing kabehe pitu iku.”
6 Terus reang nguwasen Anak Domba, tapi rupane memper wis dibeleh. Anak Domba iku ngadek parek'e tahta iku, terus diubengi makluk papat iku ambek patlikur (24) sesepuh iku. Anak Domba iku nduweni pitung sungu. Ana pitung mripat pisan sing nggambaren pitung roh teka Pengeran sing diutus nang sak'kabehe ndunya.
7 Anak Domba iku teka, terus njukuk gulungan surat iku teka tangan tengene Pengeran sing lungguh ning tahta. 8 Pas gulungan iku dijukuk, makluk papat iku karo patlikur (24) sesepuh iku sujud nyembah ning ngarepe Anak Domba iku. Saben wong iku nyekel kecapi. Wong-wong iku ya nggawa mangkok emas sing isine bek menyan. Menyan iku nggambaren dungane umat pilihane Pengeran. 9 Terus wong-wong iku ngidung kidung sing anyar kanggo Anak Domba iku,
“Rika pantes nerima gulungan surat iku karo mbukak kabeh cape,
Merga Rika wis dibeleh, terus karo getihe Rika dewe,
Rika wis nuku wong-wong kanggo Pengeran.
Wong-wong iku asale teka kabeh suku, basa, kaum karo bangsa.
10 Rika wis ndadek'en wong-wong iku sak'kerajaan.
Rika ya ndadek'en wong-wong iku pengarepe sembahyang sing ngladeni Pengerane kene.
Terus wong-wong iku bakale mrentah ning ndunya.”
 
11 Maringono reang nguwasen karo ngrungok'en suwara teka akeh malaekat. Jumlahe ewonan tambah ewonan, ya jutak'an nambah jutak'an. Malaekat-malaekat iku ngubengi tahtane Pengeran, bebarengan makluk papat karo patlikur (24) sesepuh iku. 12 Malaekat-malaekat iku guneman banter,
“Mek Anak Domba wae sing wis dikorbanen,
sing pantes digewehi sak'kabehe kuwasa, dunya brana, hikmat, kekuwatan, aji, kamulyan, karo puja!”
13 Terus reang ngrungok'en kabeh sing urip ning swarga, ning nduwure ndunya, ning isore ndunya karo ning segara, karo ning sak'kabehe panggonan guneman,
“Gawe Pengeran sing lungguh ning tahta, ambek Anak Domba,
digewehi sak'kabehe puja, aji, kamulyan karo kuwasa sampek sak'lelawase!”
14 Makluk papat iku guneman, “Amin.” Terus patlikur (24) sesepuh iku sujud nyembah.