Sembahyang ning swarga
4
Maringono reang ndeleng ana lawang ning swarga sing kebukak. Suwara sing maune reang krungu, sing unine ngentah slompret, guneman, “Renea! Kate Tak dudohen paran sing bakale kedadean.” 2 Langsung reang dikuwasai Roh Suci. Ning ngarepe reang ana tahta ning swarga sing dilungguhi wong. 3 Rupane wong iku semorot memper watu permata sing sinare abang, ijo, ambek warna-warni liyane. Tahta iku diubengi klowong sing semorot entah watu permata. 4 Sak'ubenge tahta iku ana patlikur (24) tahta liyane, sing dilungguhi patlikur (24) sesepuh. Sandangane wong-wong iku putih. Terus wong-wong iku nggawe mahkota ning duwure ndase. 5 Teka tahta sing gede metu semorote kilat ambek unine gembleger. Ning ngarepe tahta iku ana pitung damar sing murup. Pitung damar iku nggambaren pitung rohe Pengeran. 6 Ning ngarepe tahta iku pisan ana memper segara kaca, bening entah kristal.
Ning tengah-tengahe kabeh iku ana petang makluk sing ngubengi tahta iku. Makluk-makluk iku duwe mripat ning sak'kabehe awak, ning ngarepe ya ning mburine. 7 Makluk sing kawitan memper singa, sing nomer loro memper sapi, sing nomer telu praene memper menungsa, terus sing nomer papat memper manuk bido sing miber. 8 Kabeh makluk iku duwe swiwi enem. Mripate iku mau sing nutupi sak'kabehe awak ya ana ning swiwine, ya ning isore swiwine. Awan bengi makluk-makluk iku memelung teterusan:
 
“Suci, Suci, Suci
Gusti Pengeran sing Maha Kuwasa,
sing biyen ana, sing sak'iki ana, sing bakale ana sak'lelawase.” (Yesaya 6:3)
 
9 Pas wayahe makluk papat iku mulyak'en, ngajeni, ambek nedanerima nang Pengeran sing lungguh ning tahta iku, sing urip sak'lawas-lawase, 10 patlikur (24) sesepuh iku sujud nyembah nang Pengeran sing urip sak'lelawase. Patlikur (24) sesepuh iku ndeleh mahkotane dewe-dewe ning ngarepe tahta iku terus guneman,
11 “Rika sing pantes, ya Pengeran, Gustine kene,
dimulyak'en, diajeni, ambek digewehi kuwasa
merga Rika sing ndadek'en sembarang kalir,
ngliwati kekarepane Rika dewe kabeh sing ana digawe,
terus bisa urip.”