Surat gawe umate Yesus ning kota Sardis
3
“Gawe utusan sing makili kumpulane wong percaya ning Sardis, nulisa ngene:Iki sing digunemen Yesus, sing nguwasai pitung rohe Pengeran mbarek pitung lintang iku:
“Reang weruh kabeh penggaweane sira. Jerene sira iku urip, tapi nyatane sira iku mati. 2 Tangia! Kuwatna paran sing gek urip sak'durunge mati. Reang orak nemok'en sesijia penggaweane sira sing sempurna ning ngarepe Pengerane Reang. 3 Merga iku, ilinga wulangan sing wis sira terima mbarek sira rungok'en. Turutana iku, terus tobata! Nek sira orak jejaga, Reang bakal teka nang sira tiru maling. Sira orak bakale weruh wayahe Reang mara-mara teka nang ndunya.
4 Ana pepirang wong ning tengah-tengahe sira ning Sardis sing orak ngregeti sandangane. Wong-wong bakale mlaku bebarengan Reang. Wong-wong iku bakale nggawe klambi putih merga pantes oleh sandangan iku.
5 Wong sing menang bakale ya digawek'en klambi putih persis wong-wong iku. Reang orak bakal ngilangi jenenge wong iku teka Kitab Panguripan. Reang bakal ngakoni jenenge wong iku ning ngarepe Bapakne Reang mbarek ning ngarepe malaekat-malaekate nek wong iku duwek'ane Reang. 6 Sapa sing duwe kuping, rungokna paran sing digunemen Roh Suci nang kumpulane wong percaya.”
Surat gawe umate Yesus ning kota Filadelfia
7 “Gawe utusan sing makili kumpulane wong percaya ning Filadelfia, nulisa ngene:
Iki sing digunemen Yesus, Sing Suci karo Sing Bener, terus sing nggawa kuncine Raja Daud. Nek Reang wis mbukak, nanak sesijia sing bisa nutup. Nek Reang wis nutup, nanak sesijia sing bisa mbukak.
8 Reang weruh kabeh penggaweane sira. Delengen! Reang wis mbukak lawang gawe sira. Nanak sesijia sing bisa nutup lawang iku. Reang weruh nek sira orak kosi kuwat. Tapikne sira gek nuruti sabdane Reang, ya sira gek ngakoni jenenge Reang. 9 Rungokna! Ana pepirang wong teka balai agama sing diduweni Iblis. Wong-wong iku ngarani awak'e wong Ibrani, tapikne orak ngono, merga wong iku nggorohi. Reang bakal nyerahen wong-wong iku nang sira. Wong-wong iku kudu sujud ning ngarepe sira terus ngakoni nek Reang nresnani sira. 10 Merga sira wis nuruti prentahe Reang cekne sabar masia susah, dadi Reang ya bakal njaga sira teka dina-dina sing sara sing bakal teka nang kabeh ndunya. Dina-dina sara iku mau bakal njajal wong-wong sing manggon ning ndunya. 11 Reang bakal ndang teka. Gendelan sing siset percayane sira cekne nanak sesijia wong sing bisa njupuk mahkotane sira.
12 Wong sing menang bakal Tak dadek'en cagak ning Umahe Pengerane Reang. Wong iku orak bakal metu maneh teka enggon iku. Reang bakal nulisen jenenge Pengeran ning wong-wong iku. Reang ya bakal nulisen jeneng kotane Pengeran ning wong iku. (Kota iku mau Yerusalem anyar sing bakale mudun teka swargane Pengeran.) Reang ya bakal nulisen pisan jenenge Reang sing anyar ning wong iku. 13 Sapa sing duwe kuping, rungokna paran sing digunemen Roh Suci nang kumpulane wong percaya.”
Surat gawe umate Yesus ning kota Laodikia
14 “Gawe utusan sing makili kumpulane wong percaya ning Laodikia, nulisa ngene:
Iki sing digunemen Yesus, sing diarani ‘Sang Amin.’ Reang iki saksi sing setia ambek bener. Reang iki sumbere kabeh sing digawe Pengeran.
15 Reang weruh kabeh penggaweane sira. Sira iku orak adem ya orak panas pisan. Luwih apik nek sira iku adem utawa panas. 16 Sira iku anget-anget kuku; orak adem utawa panas. Dadi Reang bakal nglepeh sira teka cangkeme Reang. 17 Jerene sira, ‘Kene iki sugih, ya orak mbutuhen peparan.’ Tapikne sira orak weruh nek asline sira iku mlarat, uripe sara, orak duwe peparan, picek mbarek muda blejet. 18 Reang nuturi kepe sira tuku emas teka Reang. Emase Reang wis dimurnek'en ning njero geni kepe sira dadi sugih temenan. Terus, tukua klambi sing putih kepe sira bisa nutupi mudane sira sing ngisin-ngisini iku. Terus tukua lenga gawe nggosok mripate sira kepe sira bisa ndeleng temenan.
19 Wong sing Tak tresnani mesti Tak wulang ambek Tak budeni. Dadi sregepa, terus tobata! 20 Delengen! Reang ngadek ning ngarepe lawang mbarek ndrodok lawang iku. Nek ana wong sing ngrungok'en suwarane Reang terus mbukak'en lawange, Reang bakal mlebu ning njero umahe. Reang bakal mangan bareng wong iku, terus wong iku bakal mangan bareng Reang.