Surat gawe umate Yesus ning kota Efesus
2
“Gawe utusan sing makili kumpulane wong percaya ning Efesus, tulisen iki:Iki sing digunemen Yesus, sing nggecek'i pitung lintang ning tangan tengene, terus sing mlaku ning antarane pitung cagak'e damar emas iku.
2 Reang weruh kabeh sing sira lakoni, jerih payahe sira ambek sabare sira masia susah. Reang weruh nek sira orak srantan nang paran sing jahat. Sira wis nguji sing ngarani awak'e utusane Pengeran, tapikne sak'benere duduk. Sira weruh sak'benere wong-wong iku goroh. 3 Sira tetep sabar masia susah merga jenenge Reang. Terus sira orak duwe payah.
4 Tapikne Reang nemok'en salah ning sira: Sira wis ninggalen welas asihe sira sing kawitan, sing biyen sira duweni kanggo Reang. 5 Merga iku, ilinga sak'adohe sira wis rotoh teka Reang. Tobata, terus lakonana maneh sing kawitan, sing wis tau sira lakoni. Nek sira orak tobat, Reang kate teka nang sira. Reang kate njupuk cagak'e damar emas iku teka enggone sira. 6 Tapi ana sing wis bener sing sira lakoni: Sira nyengiti kabeh wong sing melu Nikolaus.a Reang nyengit nang golongan iku pisan.
7 Sapa sing duwe kuping, rungokna paran sing digunemen Roh Suci nang kumpulane wong percaya. Gawe wong sing menang, Reang kate nggewehi mangan teka wit panguripan. Wit iku ana ning tamane Pengeran.”
Surat gawe umate Yesus ning kota Smirna
8 “Gawe utusan sing makili kumpulane wong percaya ning Smirna, tulisen iki:
Iki sing digunemen Yesus, sing Kawitan karo sing Pungkasan, sing wis mati terus urip maneh.
9 Reang weruh sarane sira. Reang weruh sira mlarat, tapikne sak'benere sira iku sugih. Reang weruh pitnah sing wis sira terima teka wong-wong sing ngarani awak'e wong Ibrani, tapikne nyatane duduk. Wong-wong iku umate Iblis. 10 Ajo wedi nang sara sing kate sira alami. Reang guneman nang sira, Iblis kate nglebok'en wong-wong ning antarane sira ning bui. Iblis nglakoni iku kabeh kanggo njajal sira. Sira bakale sara sak'suwene sepuluh dina. Tapi dadia setia sampek mati, terus Reang kate nggenehi sira mahkota panguripan nang sira.
11 Sapa sing duwe kuping, rungokna paran sing digunemen Roh Suci nang kumpulane wong percaya. Wong sing menang orak bakale ngalami sarane pepati sing ping pindone.”
Surat gawe umate Yesus ning kota Pergamus
12 “Gawe utusan sing makili kumpulane wong percaya ning Pergamus, tulisen iki:
Iki sing digunemen Yesus, sing duweni wedung sing landep kiwa tengene.
13 Reang weruh ning endi sira manggon. Iblis duwe kuwasa ning panggonan iku. Tapikne sira tetep setia nggendeli jenenge Reang. Sira tetep ngakoni percaya nang Reang, masia pas jamane Antipas.b Antipas iku saksine Reang sing setia, sing dipateni ning kotane sira sing dipanggoni Iblis.
14 Masia ngono, Reang nemok'en pepirang salahe sira: Ning antarane sira ana wong-wong sing melu wuruk'ane Pak Bileam biyen. Biyen iku Bileam nuturi Pak Balak kanggo nyesaten wong Ibrani. Wong-wong iku dusa mangan panganan sing wis dikorbanen nang reca dewa ambek nglakoni jinah.† 15 Ya pisan ning antarane sira iku ana sing melu wuruk'ane Nikolaus. 16 Dadi tobata! Nek sira orak tobat, Reang kate ndang teka nang sira, terus merangi wong-wong iku karo wedung sing metu teka cangkeme Reang.
17 Sapa sing duwe kuping, rungokna paran sing digunemen Roh Suci nang kabeh kumpulane wong percaya. Gawe wong sing menang, Reang kate nggewehi roti manna sing disingeten.c Terus Reang kate nggenehi watu putih. Ning watu putih iku tetulis jeneng anyar. Nanak sesijia wong sing weruh jeneng anyar iku kejaba wong sing nerima watu iku.”
Surat gawe umate Yesus ning kota Tiatira
18 “Gawe utusan sing makili kumpulane wong percaya ning Tiatira, tulisen iki:
Iki sing digunemen Anak'e Pengeran, sing mripate ngentah murupe geni terus sikile ngilap memper tembaga sing urupe mrukah ning geni.
19 Reang weruh kabeh penggaweane sira, ngenek'i welas asihe sira, percayane sira, ladene sira, karo sabare sira masia susah. Reang weruh nek sira nyambut gawe luwih akeh sak'iki ketimbang sak'durunge.
20 Masia ngono, Reang nemok'en siji salahe sira: sira ngejaren wong wedok sing jenenge Isebel sing ngarani awak'e iku nabiah. Isebel iku nggorohi abdi-abdine Reang liwat wuruk'ane, terus nyesaten umate Reang sampek nglakoni jinah ambek mangan panganan sing wis dikorbanen nang reca dewa. 21 Reang wis nggenehi wektu tobat teka kelakuane sing jahat, tapikne gek orak gelem. 22 Dadi, Reang kate ndadek'en Isebel iku ngalami lara sampek orak bisa tangi teka amben. Terus kabeh wong sing melu jinah bebarengan wong iku bakale sara nemen pisan, nek orak tobat teka kelakuan sing jahat iku. 23 Reang kate mateni anak buahe sing melu wong iku. Nek ngono, kabeh kumpulane wong percaya bakale weruh nek Reang iku siji-sijine sing weruh pikirane karo isi atine menungsa, terus kate mbalesen nang sira siji-siji nurut nang paran sing wis dilakoni.
24 Gawe sing liyane ning kota Tiatira, sing orak melu wuruk'ane Isebel iku, terus orak sinau sing diarani rahasiane Iblis, Reang seneng. Reang orak ngongkon sing liyane. 25 Tetepa gendelan sing siset imane sira sampek Reang teka.
26 Gawe wong sing menang, terus nglakoni kekarepane Reang sampek pungkasane, Reang kate nggewehi kuwasa kanggo mrentah bangsa-bangsa. 27 Wong iku bakal mrentah nggawe teken wesi. Bangsa-bangsa iku bakal dijuren memper kendi lemah. Reang nduwe kuwasa iku merga wis nerima kuwasa iku teka Bapakne Reang. 28 Reang bakale nggewehi pisan lintang isukd nang wong-wong iku. 29 Sapa sing duwe kuping, rungokna paran sing digunemen Roh Suci nang kabeh kumpulane wong percaya.”