Wangsite Yesus Kristus
nang Yohanes
Berkah nang sapa wae sing maca
1
Iki ngono wangsit teka Yesus Kristus. Pengeran wis nggewehi wangsit iki nang Yesus kanggo ndudohen nang abdi-abdine paran sing kudu kedadean. Terus Yesus ngutus malaekate sing nggawa wangsit iki nang reang. Reang iki Yohanes, abdine Yesus. 2 Reang nyaksek'en paran wae sing wis dideleng ngenek'i Sabdane Pengeran, ya reang nyaksek'en ngenek'i Yesus Kristus. 3 Sapa wae sing maca wangsit iki teka Pengeran mesti diberkahi. Ya diberkahi pisan wong sing ngrungok'en mbarek nggatek'en paran sing ditulis ning njerone. Wektune wis parek.Salam teka Yohanes
4 Reang, Yohanes, nulis surat iki nang pitung kumpulane wong percaya ning Propinsi Asia Cilik:a
Mandar muga Pengeran nggewehi welas ambek ayem tentrem nang sira kabeh, yaiku Pengeran sing sak'iki ana, sing biyen ana, terus sing bakale ana sak'lelawase. Salam teka pitung roh sing ana ning ngarepe tahtane Pengeran. 5 Salam pisan teka Yesus Kristus, Saksi sing setia. Yesus iku Wong kawitan sing diuripen teka pepati. Yesus mrentah kabeh raja ning ndunya.
Yesus iku nresnani kene. Yesus sing wis ngeculen kene teka dusa-dusane kene ngliwati getihe dewe. 6 Kene didadek'en pengarepe sembahyang ning kerajaane Yesus, cekne ngladeni Pengeran, Bapakne Yesus. Sak'kabehe kamulyan karo kuwasa nang Yesus sak'lelawase! Amin.
7 Delengen, Yesus teka sak'njerone mendung.
Saben wong bakale ndeleng Yesus.
Wong sing wis mari nyuduk Yesus bakale ndeleng pisan.
Kabeh menungsa ning ndunya iki ya bakale nangis sedih merga mikiren patine Yesus.
Ya, iku bakale kedadean! Amin.
8 Gusti Pengeran guneman, “Reang iki sing Kawitan mbarek sing Pungkasan, sing sak'iki ana, sing wis biyen ana, terus sing bakale ana sak'lelawase. Reang iki sing Maha Kuwasa.”
Wangsit sing digewehen nang Yohanes
9 Reang, Yohanes, dulure sira sak'iman. Reang ya pisan rewange sira. Kene pada ngalami sara, pada mlebu Kerajaane Pengeran, terus pada sabar masia susah. Kabeh iku mau dadi duwek'e kene merga melu Yesus.
Reang dibuang nang pulau sing jenenge Patmos, ya diukum merga Sabdane Pengeran sing reang nyaksek'en ngenek'i Yesus.
10 Pas dinane Gusti,b Roh Suci nguwasai reang. Terus Reang krungu suwara sing banter ning mburine reang ngentah suwarane slompret. 11 Suwara iku guneman, “Tulisen ning njero kitab paran wae sing sira nguwasen. Kirimna tulisan iku mau nang pitung kota sing ana umate Yesus, yaiku: Efesus, Smirna, Pergamus, Tiatira, Sardis, Filadelfia, karo Laodikia.”
12 Reang noleh nguwasen wong sing guneman nang reang. Terus sak'marine reang noleh, reang nguwasen cagak'e damar sing digawe teka emas, sing kabehe pitu. 13 Reang nguwasen wong ning tengah-tengahe cagak'e damar iku. Wong iku memper “Rajane Menungsa.”c Rajane Menungsa iku nggawe sandangane pengarepe sembahyang: jubahe dawa sampek nang sikile, ana sabuk emas sing dislempangen ning dadane. 14 Ndase karo rambute ngentah wulune domba, putih memplak. Mripate barak ngentah geni. 15 Sikile ngilap kaya tembaga sing mongah-mongah sak'njerone werunge geni. Suwarane ngentah gembleduge banjir bandang. 16 Ning tangan tengene ana pitung lintang sing digecek'i. Wedung sing landep kiwa tengen metu teka cangkeme. Raine ngentah semorote sengenge sing ukip.
17 Pas reang ndeleng Wong iku, reang ambruk ning ngarepe sikile ngentah wong sing mati. Rajane Menungsa iku numpangen tangan tengene sak'duwure reang ambek guneman, “Ajo wedi. Reang iki sing Kawitan karo sing Pungkasan. 18 Reang iki ‘Sing Nggawe Urip.’ Reang tau mati, tapi, delengen, Reang urip sak'lelawase. Reang sing nyekel kuncine pati karo kerajaane pepati.
19 “Dadi, tulisen paran sing wis sira deleng, kedadean sing sak'iki, karo sing bakal kedadean sak'marine iki. 20 Iki maksute lintang pitu ning tangan tengene reang ambek karo cagak'e damar emas sing kabehe pitu sing wis sira deleng: lintang pitu iku tegese utusan pitu sing makili kumpulane wong percaya sing kabehe pitu. Terus cagak'e damar sing kabehe pitu iku tegese kumpulane wong percaya sing kabehe pitu.”