Surate Yohanes ping pindo
2 Yohanes
Salam
1
Teka sesepuh,
nang ‘Emak’ sing dipilih mbarek anak-anak'ea sing tak tresnani sak'njerone paran sing bener. (Duduk reang dewe sing nresnani, tapi kabeh wong sing weruh paran sing bener nresnani pisan, 2 merga paran sing bener manggon sak'njerone kene terus bakal mbarengi kene sak'lelawase.)
 
3 Welas, berkah, ambek ayem tentrem teka Pengeran, Bapakne kene, mbarek teka Yesus Kristus, Sang Anak, mbarengi kene sak'njerone paran sing bener karo welas asih.
Urip nurut prentahe Pengeran
4 Reang bungah temenan merga weruh ana pepirang anak'e sira sing urip sak'njerone paran sing bener, ya nurut prentah sing wis kene nerima teka Sang Bapak. 5 Sak'iki reang njaluk nang sira, “Emak”, cekne kene pada welas asih siji nang sijine. Prentah iku duduk prentah sing anyar, tapi prentah sing wis kene duweni molai kawitan. 6 Iki ngono welas asih: kene urip nurut prentahe Pengeran. Iki ngono prentahe, persis entah sing wis sira krungu molai kawitan, cekne sira urip sak'njerone prentah iku.
7 Merga wis akeh wong sing nyesaten teka ning ndunya. Wong iku orak ngakoni Yesus iku Raja Pilihane Pengeran sing teka nggawe wujute menungsa. Wong iku sing nyesaten terus diarani musuhe Kristus. 8 Jejaga'a kepe sira orak kilangan paran sing wis kene rekadayak'en, tapi nerima ganjaran sing jangkep. 9 Saben wong sing mlaku metu terus orak manggon ning njerone wuruk'ane Kristus, wong iku orak nduweni Pengeran. Tapikne, sapa wae sing manggon ning njerone wuruk'an iku nduweni Sang Bapak, ya nduweni Sang Anak. 10 Nek ana wong sing teka nang sira, tapi orak nggawa wuruk'an iki, ajo nerima wong iku ning njerone umahe sira, ya ajo nggewehi salam paran wae. 11 Ngapa ajo nggewehi salam? Sapa wae sing nerima wong iku melu njero penggaweane wong iku sing jahat.
Yohanes nutup surat nggawe salam
12 Gek ana akeh sing kepingin tak tulis nang sira, tapi reang orak gelem nyampek'en gawe kertas ambek mangsi. Tapi reang arep teka nang sira terus mulang gawe cara langsung, adu-arep, kepe jangkep bungahe kene kabeh.
13 Anak-anak teka dulureb sira sing dipilih nyampek'en salam nang sira.