Anak-anak'e Pengeran ngalahen ndunya
5
Saben wong sing percaya nek Yesus iku Raja Pilihane Pengeran, wong iku dilairen maneh teka Pengeran. Terus, saben wong sing welas asih nang Sang Bapak, ya pisan welas asih nang anak-anak'e Sang Bapak. 2 Ngene iki tengere kene weruh nek'e kene kabeh welas asih nang anak-anak'e Pengeran: kene welas asih nang Pengeran karo nuruti prentah-prentahe. 3 Merga ngene iki welas asihe kene nang Pengeran: kene nuruti prentah-prentahe. Terus prentah-prentahe orak abot. 4 Merga, sapa wae sing dilairen maneh teka Pengeran wis ngalahen kabeh sing jahat ning ndunya. Kuwasa sing nggarai kene ngalahen ndunya, yaiku kene percaya nang Yesus. 5 Sapa sing ngalahen ndunya? Sing ngalahen ndunya, ya pancene wong sing percaya nek'e Yesus iku Anak'e Pengeran.Urip langgeng ana ning njerone Yesus
6 Ana saksi-saksi sing nyaksek'en Yesus Kristus teka nang ndunya, yaiku banyu pas Yesus dibaptis, karo getih pas Yesus mati. Sing dadi saksi tekane Yesus iku duduk banyu tok, tapi banyu karo getih. Apa maneh Rohe Pengeran ya nyaksek'en tekane Yesus, merga Roh iku bener. 7 Merga ana saksi telu sing nyaksek'en: 8 Roh, banyu, karo getih. Terus telu-telune iku mau ya setuju. 9 Masia kene kabeh nerima sing disaksek'en menungsa, tapi sing disaksek'en Pengeran iku luwih kuwat. Mergane saksine Pengeran iku saksine ngenek'i Anak'e. 10 Wong sing percaya nang Anak'e Pengeran duwe saksi iku ning njero atine. Wong sing orak percaya nang Pengeran wis ngarani Pengeran dadi tukang goroh, merga wong iku orak percaya nang paran sing disaksek'en Pengeran ngenek'i Anak'e. 11 Terus, iki sing disaksek'en: Pengeran wis nggewehen urip langgeng nang kene. Urip langgeng iku kene terima ngliwati Anak'e. 12 Saben wong sing nduweni Sang Anak nduweni urip langgeng. Saben wong sing orak nduweni Anak'e Pengeran orak nduwe urip langgeng.
13 Reang wis nulisen surat iki gawe sira sing percaya nang jenenge Anak'e Pengeran kepe sira weruh nek sira nduweni urip sing langgeng.
14 Terus, sing kene yakin ning ngarepe Pengeran, yaiku nek'e kene njaluk paran wae sing nurut kekarepane Pengeran, Pengeran ya ngrungok'en kene. 15 Apa maneh, nek kene weruh Pengeran ngrungok'en dungane kene, kene weruh pisan nek kene wis nduweni paran sing dijaluk mau.
16 Nek ana wong sing ndeleng dulure gawe dusa sing orak nuju nang pepati, kudune wong iku njaluk tulung teka Pengeran, terus Pengeran bakal nyepura, ya nggenehi urip nang wong sing gawe dusa iku. Pokok'e dusa iku dusa sing orak nuju nang pepatine iku. Tapikne, ana siji dusa sing nuju nang pepati. Reang orak guneman nek'e wong iku kudu ndungak'en perkara iku. 17 Kabeh sing orak bener iku dusa, tapi ana dusa sing orak nuju nang pepati.
18 Kene kabeh weruh nek'e saben wong sing dilairen maneh teka Pengeran orak gawe dusa teterusan. Tapikne Sing Lair teka Pengerana ngayomi wong sing percaya, terus Sang Jahatb orak bisa ngganggu. 19 Kene sing dadi anak'e Pengeran weruh nek'e kene asale teka Pengeran, duduk teka ndunya. Kene weruh pisan nek sak'kabehe ndunya dikuwasani Iblis. 20 Apa maneh, kene weruh nek'e Anak'e Pengeran wis teka karo wis nggewehi pengerten nang kene, kepe kene bisa ngenal Pengeran sing bener. Terus kene ngerti nek kene ana ning njerone Pengeran sing bener, yaiku ning njero Anak'e, Yesus Kristus. Yesus iku Pengeran sing bener. Yesus iku sumbere urip sing langgeng.
21 Anak-anak'e reang, adohna awak'e sira teka paran wae sing disembah sak'liyane Pengeran.