Roh sing asale teka Pengeran
4
Dulur-dulure reang sing tak tresnani, ajo percaya nang kabeh wong sing ngakoni duwe roh sing bener. Tapikne, ujien dikek wong iku kepe weruh nek roh sing diduweni wong iku asale teka Pengeran apa orak. Mergane wis akeh nabi palsu sing muncul ning ndunya. 2 Ngene carane sira kenal Rohe Pengeran: saben wong sing ngaku nek Yesus Kristus wis teka ning wujute menungsa pancen nduwe Roh sing asale teka Pengeran. 3 Saben wong sing orak ngakoni Yesus, nduwe roh sing orak asale teka Pengeran. Iku mau roh sing dadi musuhe Kristus, sing sira wis rungok'en bakale teka, terus sak'iki wis ana ning ndunya iki.
4 He anak-anak'e reang, sira asale teka Pengeran, terus sira wis ngalahen nabi-nabi palsu iku, merga Roh sing ana ning njerone sira luwih gede ketimbang roh sing nguwasai ndunya, yaiku Iblis. 5 Nabi-nabi palsu iku asale teka ndunya. Mergane iku, wong-wong iku gunemane nurut pikire wong ning ndunya. Terus wong ning ndunya ngrungok'en nabi-nabi palsu iku. 6 Kene asale teka Pengeran. Wong sing kenal Pengeran ngrungok'en kene, tapikne wong sing orak asale teka Pengeran orak ngrungok'en kene. Ngliwati iku mau, kene weruh wong sing nduwe Roh sing bener mbarek wong sing nduwe roh sing nyesaten.
Welas asih nang sak'pepadane
7 Dulur-dulure reang sing tak tresnani, ayo kene pada welas asih siji nang sijine, merga welas asih asale teka Pengeran. Terus, saben wong sing welas asih nang wong liya wis dilairen teka Pengeran karo ngenal Pengeran. 8 Wong sing orak welas asih nang wong liya orak ngenal Pengeran merga Pengeran iku welas asih. 9 Ngene iki welas asihe Pengeran dinyatak'en ning antarane kene: Pengeran ngutus Anak'e sing ontang-anting nang ndunya kepe kene bisa oleh urip ngliwati Anak iku. 10 Ngene iki welas asih sing sak'temene: duduk kene sing wis welas asih nang Pengeran, tapikne Pengeran sing welas asih nang kene dikek, terus ngutus Anak'e dadi korban gawe nebus dusa-dusane kene.
11 Dulur kabeh sing tak tresnani, nek Pengeran nemen welas asih nang kene, kene ya kudu pada welas asih nang sak'pepadane. 12 Nanak wong sing tau ndeleng Pengeran. Nek kene pada welas asih nang wong liya, Pengeran bakale urip ning njerone kene kabeh, katek welas asihe Pengeran iku disempurnak'en ning njerone kene kabeh.
13 Merga iki mau kene weruh nek'e kene urip ning njerone Pengeran karo Pengeran urip ning njerone kene, merga Pengeran wis nggewehi kene Rohe dewe. 14 Terus, kene wis ndeleng mbarek dadi saksi nek'e Sang Bapak wis ngutus Anak'e gawe nyelameten ndunya. 15 Saben wong sing ngakoni nek'e Yesus iku Anak'e Pengeran, Pengeran urip ning njerone wong iku, terus wong iku urip ning njerone Pengeran. 16 Dadi, kene wis weruh mbarek wis percaya nang welas asihe Pengeran sing digewehi nang kene. Pengeran iku welas. Sapa wae sing urip ning njerone welas asih, urip ning njerone Pengeran. Ya ngono pisan, Pengeran urip ning njerone wong iku.
17 Dadi, welas asihe Pengeran disempurnak'en ning njerone kene. Mangkane kene bisa dadi wani pas dinane kabeh wong diakimi, merga wis kebukten kene urip ning ndunya persis Yesus tau urip. 18 Nanak rumangsa keweden ning njerone welas. Tapi keweden iku ditundung nang welas asih sing sempurna, merga keweden iku asale teka ukuman. Wong sing keweden ukumane Pengeran durung disempurnak'en ngliwati welas asihe Pengeran.
19 Kene welas asih nang wong liya merga Pengeran wis welas asih nang kene dikek. 20 Nek ana wong sing guneman, “Reang welas asih nang Pengeran,” tapi orak welas asih nang dulure, wong iku mau tukang goroh. Soale, dulure sing katok wae orak ditresnani, apa maneh Pengeran sing orak katok? 21 Terus, prentah iki kene nerima teka Pengeran: Saben wong sing welas asih nang Pengeran, kudu welas asih nang dulure pisan.