Kene wis dadi anak'e Pengeran
3
Gatekna njare gedene welas asihe Bapakne kene, kepe kene bisa diceluk anak-anak'e Pengeran! Pancen kene kabeh wis dadi anak-anak'e Pengeran. Merga iku, ndunya iki orak kenal kene, soale ndunya orak kenal Pengeran. 2 Dulur kabeh sing tak tresnani, sak'iki kene dadi anak-anak'e Pengeran, tapikne kaya paran wujute kene mbesok, kene gek durung weruh. Tapikne, kene kabeh weruh nek pas wayahe Kristus teka, kene bakal dadi entah Kristus, merga awak'e dewe bakale ndeleng Kristus ning wujute sing sak'temene. 3 Saben wong sing ngenteni janji iki teka Kristus, wong iku nyucek'en awak'e, persis kaya Kristus sing suci.
4 Saben wong sing nglakoni dusa ya nglanggar hukume Pengeran, merga dusa iku barang sing nglanggar hukum. 5 Sira weruh nek Kristus teka nang ndunya gawe ngilangen dusa-dusane wong. Terus ning njerone Kristus nanak dusa. 6 Saben wong sing dadi siji ambek Kristus orak gawe dusa teterusan. Nanak sesijia wong dusa sing weruh utawa ngenal Yesus.
7 He nak-anak'e reang, ajo sira jaren sapa wae mblasuhen sira. Wong sing nglakoni paran sing bener iku wong bener, persis kaya Kristus iku bener. 8 Wong sing gawe dusa asale teka Iblis, merga Iblis wis nduwe dusa molai kawitan. Anak'e Pengeran sing siji-sijine, yaiku Yesus, teka nang ndunya tujuane : musnahen penggaweane Iblis. 9 Nanak sesijia wong sing uripe dianyaren teka Pengeran sing gawe dusa teterusan, merga uripe Pengeran ana ning batine. Mbarek awak'e orak bisa gawe dusa soale uripe wis dianyaren teka Pengeran. 10 Mangkane, sapa iku anak'e Pengeran karo sapa iku anak'e Iblis dadi jelas. Wong sing orak nglakoni paran sing bener duduk anak'e Pengeran. Ya ngono wong sing orak nduweni welas asih nang dulur-dulurea ya duduk anak'e Pengeran.
Welas asihana sak'pepadane
11 Merga, iki kabar sing wis sira rungok'en molai kawitan, yaiku kene kabeh kudu welas sak'pepadane. 12 Ajo dadi persis Kain, sing asale teka Iblis, si Jahat iku, terus mateni adekne. Ngapa Kain mateni adekne? Merga kelakuane Kain iku jahat tapi kelakuane adekne bener. 13 Dulur-dulure reang, ajo gawok nek ndunya iki nyengiti sira. 14 Kene sing percaya nang Yesus wis diculen teka pepati terus digewehi urip langgeng. Kene weruh kene digewehi urip langgeng merga kene welas asih siji nang sijine. Wong sing orak welas asih nang dulure tetep dikuwasai pepati. 15 Saben wong sing nyengiti dulure iku jenenge tukang mateni menungsa. Sira weruh nek'e nanak tukang mateni iku sing nduwe urip langgeng ning njero awak'e.
16 Ngene carane kene weruh welas asih: Kristus wis mari nyerahen uripe gawe nyelameten kene kabeh. Dadi kene kabeh ya kudu nyerahen uripe kene gawe nulung dulur-dulure kene. 17 Tapikne, nek'e wong nduweni dunya brana, terus ndeleng dulure pas mbutuhen tapi nutup atine gawe dulure iku, apa bisane welas asihe Pengeran ana ning njero atine wong iku? 18 Anak-anak'e reang, ajo mek welas nggawe omongan tok, tapikne nggawea kelakuan sing mbuktek'en welas iku mau.
19 Nek ngono, kene bakal weruh nek kene asale teka paran sing bener. Nek ngono kene bakal nguwaten atine kene ning ngarepe Pengeran. 20 Merga, nek kene rumangsa salah ning atine kene dewe, pengertene Pengeran luwih gede teka atine kene, terus ngerteni sembarang kalir. 21 Dulur kabeh sing tak tresnani, nek kene orak rumangsa salah ning atine, kene orak nduweni wedi ning ngarepe Pengeran.
22 Paran wae sing kene jaluk, kene bakal nerima teka Pengeran merga kene nuruti prentah-prentahe Pengeran mbarek nglakoni paran sing bener, sing nyenengen Pengeran. 23 Terus, iki prentahe Pengeran, yaiku kepe kene percaya nang jenenge Anak'e Pengeran, Yesus Kristus, karo welas nang sak'pepadane persis sing wis Yesus prentahen nang kene. 24 Wong sing manut nang prentah-prentahe Pengeran dadi siji ambek Pengeran, karo Pengeran ya dadi siji ambek kene. Nek ngono, kene weruh Pengeran dadi siji ambek kene, yaiku Rohe Dewe sing digewehi Pengeran ana ning njerone kene.