Yesus sing dadi korban sing ngrukunen kene ambek Pengeran
2
Anak-anak'e reang, surat iki tak tulis kanggo sira, cekne sira orak nglakoni dusa. Tapikne, nek ana wong sing nglakoni dusa, ana sing mbelani kene ning ngarepe Sang Bapak. Kene dibelani Yesus Kristus, sing bener iku. 2 Yesus iku dadi korban kanggo dosane kene, cekne kene rukun maneh ambek Pengeran.a Terus maneh, Yesus orak dadi korban kanggo dusane kene tok, tapikne ya kanggo dusane sak'kabehe ndunya.
3 Iki tengere kene kenal Pengeran, nek kene iki nurut nang prentahe Pengeran. 4 Nek ana wong sing guneman kenal Yesus, tapikne orak nurut nang prentahe, wong iku jenenge kempusan, terus uripe orak dikuwasai nang paran sing bener. 5 Tapikne sapa wae sing nurut nang pesene Pengeran, sak'temene welas asihe Pengeran wis disempurnak'en ning njerone wong iku. Iku tengere kene dadi siji ambek Pengeran. 6 Nek ana wong sing guneman, “Reang iki dadi siji ambek Pengeran,” wong iku kudu urip memper Kristus urip.
Prentah anyar
7 Dulur kabeh sing tak tresnani, kabeh iki duduk prentah anyar sing tak tulisen nang sira, tapikne prentah iki wis lawas sing sira nduweni molai kawitan biyen. Prentah lawas iku, yaiku pesen sing wis tau sira rungok'en molai kawitan. 8 Tapikne, tak tulisen uga prentah anyar nang sira. Prentah iku dinyatak'en bener ning uripe Yesus ambek ning uripe sira, merga pepeteng molai musnah terus padang sing bener sak'iki madangi.
9 Sapa wae sing guneman, “Reang iki urip ning padang,” tapikne sengit nang dulure sak'iman, wong iku tegese gek urip ning sak'njerone peteng dedet sampek sak'iki. 10 Sapa wae sing welas asih nang dulure, tegese wong iku tetep urip sak'njerone padang, terus wong iku orak sesat. 11 Tapikne sapa wae sing gek sengit nang dulure, wong iku gek urip ning pepeteng, ya gek mlaku ning pepeteng. Wong iku orak weruh dalane, merga pepeteng iku sing micek'en mripate.
Tujuane surat iki
12 Tak tulis nang sira, he anak-anak,
merga dusane sira wis disepura ngliwati Yesus.
13 Tak tulis nang rika, he bapak-bapak,
merga rika kabeh wis kenal Yesus. Yesus iku wis ana molai kawitan.
Tak tulis nang sira, he wong-wong nom,
merga sira wis ngalahen Sang Jahat.b
 
14 Tak tulis nang sira, he anak-anak,
merga sira kenal Sang Bapak.
Tak tulis nang rika, he bapak-bapak,
merga rika kenal Yesus. Yesus iku wis ana molai kawitan.
Tak tulis nang sira, he wong-wong nom,
merga sira kuwat,
terus Sabdane Pengeran manggon sak'njerone sira,
terus maneh sira wis ngalahen Sang Jahat.
Ajo nyenengi ndunya iki
15 Ajo sira nyenengi ndunya utawa paran wae sing ana ning ndunya. Nek ana wong sing nyenengi ndunya, welas asihe Pengeran nanak ning atine wong iku. 16 Merga kabeh sing kene olehi teka ndunya iki:
kekarepan ngumbar napsu,
kepinginan nduweni kabeh sing dideleng,
ambek urip sing ngejok'en awak'e dewe.
Kabeh iku asale orak teka Sang Bapak, tapikne teka ndunya. 17 Terus maneh ndunya iku kate musnah bebarengan kabeh sing dikarepen wong. Tapikne wong sing nglakoni kekarepane Pengeran bakal urip sak'lelawase.
Ati-atia nang wong sing sengit nang Kristus
18 Anak-anak'e reang, jaman iki jaman pungkasan. Terus memper sing sira wis rungok'en, musuhe Kristus kate teka ning ndunya. Sak'iki wis akeh wong teka sing dadi musuhe Kristus.c Iku tengere nek jaman iki wis dadi pungkasan. 19 Masia musuh-musuhe Kristus metu teka golongane kene, tapi duduk asline wong kene. Merga nek wong-wong iku temenan asale teka kene iki, mesti wong iku tetep bebarengan kene. Tapikne, wong iku wis misahen teka awak'e dewe, terus nyatak'en wong iku duduk wong kene.
20 Tapikne sira wis digewehi Roh Sucid teka Pengeran sing Maha Suci. Mangkane sira pada weruh paran sing bener. 21 Tak tulis nang sira duduk merga sira orak weruh paran sing bener, tapikne merga sira wis pada weruh, terus merga nanak gorohan paran wae sing asale teka paran sing bener. 22 Sapa sing goroh iku? Sing goroh iku wong sing orak ngakoni nek Yesus iku Kristus, yaiku Raja Pilihane Pengeran. Wong iku sing dadi musuhe Kristus, yaiku sing orak ngakoni nang Sang Bapak ambek Sang Anak. 23 Merga sapa sing orak ngakoni kenal Sang Anak, uga orak kenal Sang Bapak. Terus sapa wae sing ngakoni kenal Sang Anak, uga kenal Sang Bapak.
24 Kabar Apik ngenek'i Yesus sing wis sira rungok'en teka kawitan, iku kudu sira simpen ning njero ati. Nek sing wis sira rungok'en teka kawitan iku sira tetep simpen ning njero ati, mesti sira tetep urip raket ambek Sang Anak, uga Sang Bapak. 25 Terus iki sing wis dijanjek'en Pengeran nang kene, yaiku urip langgeng.
26 Kabeh iku tak tulis nang sira, ngenek'i wong-wong sing ngrekadaya nyesaten sira. 27 Tapikne, Roh Suci sing wis sira tampa teka Pengeran, gek manggon ning njerone sira. Merga iku orak perlu sira diwulang nang sapa wae. Tapikne Roh Suci sing ana ning njerone sira muruk'i sira ngenek'i sembarang kalir. Terus maneh, wuruk'ane iku bener, orak goroh. Dadi, nurut paran sing wis tau diwuruk'en nang sira, ngono uga sira kudu tetep manggon sak'njerone Yesus.
Wong sing lair teka Pengeran bakale nglakoni sing bener
28 Anak-anak'e reang, sak'iki tetepa manggon ning njerone Yesus, kepe pas wayahe Yesus nyatak'en Awak'e, kene kabeh dadi wani, ya orak isin ning ngarepe Yesus, pas wayahe Yesus teka maneh. 29 Nek sira weruh Yesus iku sing bener, sira kabeh kudu weruh uga, nek saben wong sing nglakoni bener, uripe wis dianyaren teka Pengeran.