Surate Yohanes sing kawitan
1 Yohanes
Yohanes nyaksek'en Sabda sing urip
1
Kene, utusane Yesus, kepingin nyampek'en nang sira ngenek'i Yesus. Yesus iku Sabdane Pengeran sing dadi urip. Sabda iku sing wis ana teka mulane, kene wis ngrungok'en, ya wis ndeleng nggawe mripate kene dewe. Kene nguwasen Sabda iku, ya nggrayai nggawe tangane kene dewe. 2 Yesus sing nyatak'en Sabda sing urip iku, terus kene sing nguwasen. Kene nyaksek'en ya nyeritak'en nang sira ngenek'i urip langgeng iku, sing wis ana bebarengan Sang Bapak, ya wis dinyatak'en nang kene. 3 Paran sing wis kene rungok'en ambek kene deleng iku, kene ya nyeritak'en pisan nang sira kabeh, cekne sira kabeh dadi siji bareng kene. Sak'temene, dadi siji ambek kene iku tegese dadi siji bareng Sang Bapak ambek Anak'e, yaiku Yesus Kristus. 4 Kabeh iki sing kene tulis nang sira, ditulis cekne bungahe sira ambek kene dadi jangkep.Pengeran iku padange urip
5 Iki ngono pesen sing wis kene rungok'en teka Gusti. Kene sampek'en pesen iku nang sira. Pesen iku ngene: Pengeran iku padang. Ning njerone Pengeran nanak pepeteng blas. 6 Nek awak'e dewe ngomong dewek'e wis dadi siji mbarek Gusti, tapikne awak'e dewe urip ning pepeteng, kene nggorohi awak'e dewe ambek orak nglakoni paran sing bener. 7 Tapikne, nek awak'e dewe urip sak'njerone padang, pada karo Gusti ana ning njerone padang, awak'e dewe dadi siji ambek kanca-kanca liyane, merga getihe Yesus, Anak'e, nyucek'en kene teka dusa.
8 Nek kene bantah awak'e dewe orak nduwe dusa, iku jenenge nggorohi awak'e dewe, merga paran sing bener nanak ning njero awak'e dewe. 9 Nek kene ngakoni dusa sing tau kene lakoni, Pengeran iku adil ambek setia nang janjine. Pengeran bakal nyepura dusa-dusane kene ambek nyucek'en kene teka kabeh sing jahat. 10 Tapi, nek kene bantah awak'e dewe orak tau nglakoni dusa, iku pada wae kene nganggep Pengeran iku tukang goroh. Pikire iku tegese Sabdane Pengeran nanak ning njero awak'e dewe.