Petrus nuturi sesepuh karo wong sing enom
5
Reang, Petrus, dadi sesepuh karo saksine sarane Kristus, ya bakal ngrasak'en kamulyane Pengeran bebarengan sira sing dadi sesepuh pisan. Reang nuturi sira kabeh: 2 Angonen domba-dombane Pengeran sing dipercayak'en nang sira, tapi ajo merga sira kepeksa. Sewalik'e, lakonana iku merga sira iklas. Iku sing Pengeran kepingin sira lakok'en. Ajo sira nglakok'en iku merga sira kepingin oleh picis gawe cara sing orak jujur. Lakonana iku merga sira bener-bener ngladeni. 3 Sira ajo dadi wong sing nguwasani nang wong-wong sing kudu sira emong iku. Sewalik'e, dadia panutan nang domba-domba iku. 4 Nek nglakoni ngono, pas Gusti Yesus, Sang Pengangon Agung iku teka, sira bakale nerima mahkota kamulyan, sing bakale tetep cemlorot sinare.
5 Sak'mono uga, reang guneman nang sira sing gek enom: Manuta nang wong sing luwih tuwek. Sira kabeh dadia wong sing orak sombong siji nang sijine. Merga Kitab Suci guneman,
“Pengeran nentang wong sing gendak,
tapikne nggenehi karunia nang wong sing orak sombong.” (Amsal 3:34)
6 Mangkane, dadekna awak'e sira orak gendak. Pasrahna awak'e sira ning isore tangan kuwasane Pengeran. Mesti pas wektune sing tepak Pengeran bakale njunjungen sira. 7 Pasrahna kabeh sing sira wedeni nang Pengeran, merga Pengeran mesak'en nang sira.
8 Sing waspada'a karo jejaga'a, ya nguwasai awak'e sira. Musuhe sira, Iblis iku, memper singa sing ngaung-ngaung. Iblis iku mlaku-mlaku mrana-mrene nggolek wong sing kenek dimangsa. 9 Lawanen Iblis iku, ya ngadek teguh ning njerone imane sira. Terus, ajo lali - sira iku orak sara dewe, merga dulur-dulure sira sing sak'iman ning ndunya iki ya ngalami sara pisan entah sira.
10 Masia sira sengsara ning ndunya iki, iku orak kosi suwe. Terus ilinga, Pengeran iku sumbere sak'kabehe welas. Terus, Pengeran wis milih sira cekne keduman sak'njerone kamulyane dewe sak'lawase merga sira iku duwek'e Kristus. Dadi, sak'marine sira sara, Pengeran dewe bakale mbangun sira maneh, sing kuwat karo mantep. 11 Pengeran sing nduweni kuwasa sak'lelawase! Amin.
Salam sing pungkasan
12 Reang nganggep Silasa iku dulure reang sing setia. Ngliwati Silas, reang wis nulis surat endek iki nang sira. Reang nulis surat iki kanggo nggugah atine sira ambek nyaksek'en nek kabeh sing sira alami iku pancene welase Pengeran sing sejati. Ngadek'a teguh sak'njerone welas iku.
13 Kabeh umate Yesus ning Babelb ngirimi salam nang sira kabeh. Wong-wong iku dipilih bareng karo sira. Markus, anak'e reang sak'njerone iman, uga nyampek'en salam nang sira. 14 Gewehna salam welas asih, siji nang sijine.
Mandar muga Pengeran nggenehi damang nang sira kabeh sing percaya nang Kristus. Amin.