Kene dislameten kanggo nglakoni apik
3
Ilingna wong-wong sing percaya cekne pada patuh nang kabeh wong sing digewehi kuwasa mrentah. Ilingna kepe manut karo sregep nglakoni penggawean sing apik. 2 Tuturana kepe ajo mitnah, ya ajo tukaran. Wong percaya kudu sumeh mbarek orak gendak nang kabeh wong. 3 Merga sak'durunge percaya Yesus kene kabeh uga urip jail, orak patuh, sesat, ngumbar napsu ragane, karepe dewe, ngrencanak'en sing jahat, iri, nyengiti ambek disengiti. 4 Tapikne Pengeran, sing nyelameten kene, wis ndudohen welas asih ambek apik atine nang kene. 5-7 Kene slamet, tapi duduk merga kene wis nglakoni paran sing bener. Pengeran sing nyelameten kene merga seneng nyepura. Kene digewehi Rohe Pengeran sak'utuhe ngliwati percaya nang Yesus Kristus, sing nyelameten kene. Rohe Pengeran iku sing nganyaren kene entah wong sing dilairen maneh. Jiwane kene disucek'en entah raga reget sing dirijik'i. Pengeran nglakoni ngono cekne kene diarani bener nurut Pengeran. Terus kene dibeneren cekne dadi ahli waris sing duwe hak ngenteni urip langgeng. 8 Wuruk'an iku mau bener temenan. Reang kepingin wuruk'an iki dibaleni sampek dingerteni. Kabeh tuturan iku apik, terus ana gunane kanggo wong akeh. Wong-wong sing percaya nang Pengeran kudu usaha nglakoni sing apik.
9 Tapikne, ajo nggawe congkrah. Ajo engkel-engkelan soal jeneng-jenenge keturunan mbah buyute wong Ibrani. Ajo nggarai tukaran ngenek'i hukum agama Ibrani.a Iku kabeh nanak gunane. 10 Tuturana wong-wong sing kulina nggawe congkrah. Nek pancet wae, tuturana maneh sepisan engkas. Nek gek pancet wae, dohana. 11 Sira weruh wong-wong memper iku sesat, terus dusa-dusane mbuktek'en nek wong iku salah dewe.
Paulus nutup surat nggawe salam
12 Reang kate ngutus Pak Artemas utawa Pak Tikhikus nang sira, Titus. Sak'marine salah sijine dulur iku wis teka, usahana cekne ndang-ndang ketemu reang ning kota Nikopolis. Reang wis mutusen kate manggon ning kana suwene wayah adem. 13 Tulungen temen Pak Senas, ahli hukum iku, karo Pak Apolos cekne bisa nerusen mlakune. Ajo sampek lelorone kekurangan peparan. 14 Terus maneh, wong percaya ning Kreta iku kudu sinau njare nglakoni penggawean sing apik. Nek ngono bisa nyukupi butuhe sing saben dinane, cekne uripe wong-wong iku ana gunane.
15 Sak'kabehe wong sing bareng reang nggewehi salam. Sampekna salame reang nang wong-wong sing nresnani kene, merga percaya nang Yesus memper kene. Mandar muga welase Gusti mbarengi sira kabeh.