Gawe budak karo jeragan
6
Kabeh wong percaya sing didadek'en budak, kudu nganggep jeragane sak'mestine sing kudu diajeni. Ajo sampek jenenge Pengeran karo wuruk'ane kene dinyek wong liya. 2 Nek jeragane iku wong percaya pisan, ajo sampek wong iku orak disungkani. Wong iku ya pisan dulur sak'iman karo awak'e dewe. Sak'kudune jeragan iku diladeni sing luwih apik maneh, merga jeragan sing nerima asile leladen iku dulur sak'iman sing ditresnani. Wurukna karo tuturna wulangan sing apik iki nang dulur-dulur sak'iman liyane. Wuruk'ana ambek nuturi kabeh iki.Ajo nguber picis
3-4 Wulangan sing apik, yaiku wulangan sing teka Yesus Kristus Gustine kene. Wulangan apik iku ngasilen urip sing suci. Tapi nek ana wong sing muruk'i wulangan sing orak bener, wong iku sombong terus orak ngerti peparan. Wong iku seneng golek perkara, mbarek seneng mbolak-mbalik ilat, sing nggarai dengki srei, mitnah, duwe prasangka elek, 5 terus bebantahan sing orak entek-entek. Pikire wong iku cupet, orak bener maneh, terus mikir nek sembahyang iku sumbere untung.
6 Pancene nek sembahyang iku dilakoni ambek lega atine, bisa nggewehi untung sing gede. 7 Merga kene iki lair orak nggawa peparan, nek mati ya orak nggawa peparan. 8 Anggere ana sandang pangan, atine wis lega. 9 Tapikne wong sing kepingin sugih, pada orak kuwat nglawan gudaan, terus kejiret napsu sing nanak gunane, sing bisa mblaeni awak'e karo sing bisa gawe menungsa dimusnahen. 10 Merga seneng nguber picis iku dadi sumbere sembarang kalire sing jahat. Wis ana pepirang wong sing nguber picis, nyimpang teka iman, terus nyiksa awak'e dewe gawe macem-macem sarane.
Pesen sing pungkasan
11 Tapikne sira, Timotius, sing diutus Pengeran, dohana awak'e sira teka kabeh iku. Golek'ana sing suci, sing bener, iman, welas asih, sabar, ambek orak gendak. 12 Rekadaya sing temen sak'njerone tetandingan iman sing bener ambek rebuten urip langgeng. Kanggo urip iku sira wis dipilih pas sira ngakoni imane sira ning ngarepe wong akeh sing nyaksek'en.
13 Ning ngarepe Pengeran sing nggenehi urip nang sembarang kalir,
ambek ning ngarepe Kristus Yesus sing ngakoni paran sing bener ning ngarepe Pontius Pilatus,
tak kongkon sira:
14 Turuten paran sing tak kongkon, ajo sampek ciri karo luput dilakoni sampek tekane Gustine kene, Yesus Kristus.
15 Pas wayah sing ditentok'en Pengeran, Yesus bakal ngetok'en awak'e dadi sing paling bungah, siji-sijine sing Kuwasa, Raja sak'duwure sak'kabehe raja, Gusti sak'duwure sak'kabehe gusti. 16 Yesus iku siji-sijine sing langgeng, sing manggon ning padang sing orak bisa diparek'i, sing orak tau dideleng, ya orak bisa dideleng menungsa. Gawe Yesus kabeh kamulyan ambek kuwasa sak'lawas-lawase! Amin.
17 Gawe wong sugih ning ndunya iki kudu pada di'ilingen, ajo pada duwur ati, ajo mek arep-arep nang dunya brana sing orak mesti. Tapikne kudu ngarep-arep nang Pengeran sing nggenehen sembarang kalire kepe bisa dirasak'en nang kene kabeh. 18 Kongkonen wong sugih kepe pada nglakoni penggawean sing apik, kepe sugihe duduk picis tapi nglakoni apik, sing seneng nggewehi. 19 Nek ngono iku jenenge nglumpuk'en dunya brana sing apik kanggo awak'e dewe mbesok, pas urip sejati sing langgeng.
20 He Timotius, rumaten paran sing wis dipercayak'en nang sira. Dohana guneman sing nanak gunane, sing orak suci ambek bantah-bantahan sing asale teka pengerten sing orak bener. 21 Merga ana pepirang wong sing muruk'en iku, terus nyimpang teka percaya nang Yesus.
Welas mbarengi sira!