Pituturan ngenek'i randa ambek pendeta
5
Ajo kekasar nang wong lanang sing tuwek, tapi ilingna ngentah nang bapakne dewe. Ilingna wong-wong enom ngentah ngilingen dulure dewe. 2 Wong wedok sing tuwek ngentah emakne dewe, ambek wong wedok sing enom ngentah adekne sira dewe nggawe ati sing tulus.
3 Ajenana wong-wong randa sing pancen temenan randa. 4 Tapi nek randa sing duwe anak putu, anak putune iku kudu luwih dikek ngrumati keluargane dewe ambek bisa mbales budine wong tuwek, merga iku sing dikarepen Pengeran. 5 Randa sing dewean temenan, sing uripe mek ijenan, sing ngenteni tulung teka Pengeran wae, sing mantep ndedunga njaluk tulung awan bengi nang Pengeran - randa memper iku sing bisa ditulungi. 6 Tapi nek'e randa sing uripe mek nyenengen awak'e dewe tok, iku wis mati masia gek urip. 7 Kabeh iku mau ilingna nang randa-randa iku, cekne uripe nanak cirine. 8 Tapi nek ana wong sing orak ngrumat sanak-dulure dewe, apa maneh dulur sak'umah, wong iku wis ninggalen imane, dadine luwih elek ketimbang wong sing orak percaya.
9 Sing oleh dicatet dadi randa temenan, yaiku:
sing umure orak kurang teka suwidak taun,
sing rabi mek sepisan,
10 sing wis kebukten nglakoni apik, yaiku,
ngemong anak,
seneng nampa dayoh ning umahe,
ngladeni umat pilihane Pengeran,
nulungi wong-wong sing uripe susah,
- pokok'e randa-randa sing wis sregep nglakoni penggawean sing apik.
11 Nek randa-randa sing enom iku, ajo didaftar. Merga nek'e randa-randa iku pada nduwe napsu birahi sing bisa njalari pisah nang Kristus Yesus, terus randa-randa iku gek kepingin rabi. 12 Reranda iku orak setia nang janji sing kekawitan nang Kristus Yesus. Dadi randa-randa iku nekak'en ukuman gawe awak'e dewe. 13 Apa maneh, reranda iku mlebu metu umahe wong, kulina males-malesan, orak mek males-malesan tok, tapi memelu urusane wong liya mbarek ngomong barang-barang sing orak pantes. 14 Merga iku, reang ngongkon randa-randa iku rabi maneh, nglairen anak, ambek ngurusi keluargane dewe. Nek nglakoni ngono musuhe orak duwe alasan gawe ngelek'en jenenge wong percaya. 15 Pancen wis ana randa-randa enom sing nyasar imane terus melu Iblis.
16 Nek wong lanang utawa wong wedok sing percaya duwe dulur sing randa, wong iku kudu ngrewangi randa iku cekne orak ngaboti umate Yesus liyane. Nek ngono, umate Yesus bisa ngrewangi wong-wong randa sing mlarat temenan.
17 Pendeta-pendeta sing mimpin umate Yesus gawe cara apik pantes diajeni ping pindo, yaiku nggawe ati ambek sumbangan. Apa maneh, pendeta sing sregep muruk'i ambek nuturi wong paling pantes diajeni ngono. 18 Merga Kitab Suci unine, “Ajo berangus sapine sing gek nyambut gawe,”a ambek, “Wong sing buruh kudu oleh buruhane.” 19 Ajo nerima tuduhan sing durung mesti nang pendeta teka sapa wae nek nanak buktine utawa saksine wong loro utawa wong telu. 20 Tapikne pendeta sing wis nglakoni dusa kudu di'ilingen ning ngarepe wong percaya kabeh, cekne wong liyane ya pada wedi nglakoni dusa. 21 Ning ngarepe Pengeran karo Kristus Yesus bareng malaekat-malaekat sing dipilih, gatekna pituturane iki sing temenan. Ajo duwe prasangka, ya ajo mbena.
22 Ajo kesusu numpangen tangan nang duwure wong sing kepingin ngladeni Pengeran, terus ajo katut nang dusane wong liya. Jagaen awak'e dewe cekne tetep suci.
23 Ajo ngombe banyu lawar tok, tapi ngombe anggur setitik kanggo nambani wetenge sira sing gelek lara.
24 Ana wong sing dusane langsung ketara sak'durunge diadili. Ana maneh sing keweruhan sak'marine. 25 Ya ngono pisan ana penggawean apik sing langsung katok. Ana maneh penggawean apik sing orak diweruhi tapi sing apik iku orak bisa disingeten sak'lelawase.