Timotius kudu ngadepi wuruk'an sing sesat
4
Tapikne Rohe Pengeran wis negesen nek'e ning pungkasane jaman, ana wong sing bakale ninggalen iman sing dipercayai, terus nyerahen uripe nang roh-roh sing nyesaten, ya nang wuruk'ane roh-roh jahat. 2 Merga diapusi wong-wong sing seneng goroh, sing batine wis kaku entah kulit sing tau diobong gawe wesi panas, sampek orak bisa mbedak'en paran sing bener utawa salah. 3 Wong-wong iki mau orak ngolehi wong rabi, ya orak ngolehi mangan pepirang maceme panganan. Kabeh iku digawe Pengeran cekne diterima ngliwati nedanerima nang wong-wong sing percaya karo sing weruh paran sing bener. 4 Merga kabeh gaweane Pengeran iku apik karo nanak sing najis, nek'e diterima mbarek nedanerima. 5 Merga kabeh iku mau disucek'en nggawe Sabdane Pengeran ambek dunga.6 Nek'e sira ngilingen iki mau nang dulur-dulur sing percaya, sira bakale dadi wong apik sing ngladeni Kristus Yesus. Sira bakal dikuwaten dasare iman karo wuruk'an sing sehat, sing wis sira eloni. 7 Adohana dongeng-dongeng sing orak bener, sing nyesaten mbarek dongenge wong tuwek sing biyen. Malah latien awak'e sira cekne dadi wong sing uripe suci. 8 Latian raga tok ana watese, tapi urip sing suci penting gawe kabeh urusan, merga ning urip sing suci ana janji gawe urip sak'iki mbarek urip langgeng. 9 Guneman iku mau bener mbarek kudu diterima sak'temene. 10 Merga iku mau kene susah payah nyambut gawe karo nyusang jempalik nyeritak'en Kabar Apik. Kene wis nemen percaya nang Pengeran sing urip, sing nyelameten kabeh menungsa, utamane wong sing percaya nang Yesus.
11 Sampekna ambek wurukna sak'kabehe pesen iku mau. 12 Ajo sampek ana sesijia uwong sing nganggep sira nanak ajine polae sira enom. Merga iku, dadia panutan gawe wong-wong percaya, sak'njerone gunemane sira, kelakuane sira, ning njero welas asihe sira, ning njero setiane sira, ambek sak'njerone cara uripe sira sing suci. 13 Sak'wene ngenteni reang teka, ajo memandek maca Kitab-kitab Suci, ya mbangun ambek muruk'i wong percaya. 14 Ajo lali karunia sing ana ning sira, sing wis digewehen nang sira pas pendeta-pendeta ndeleh tangane ning nduwure sira terus ngramal ngenek'i sira. 15 Gatekna kabeh iku mau. Uripa ning njerone kabeh iku cekne kemajuan percayane sira katok nang wong liya. 16 Awasana awak'e sira dewe, mbarek awasana wuruk'ane sira. Sira kudu sing madep mantep ning kabeh iku mau, merga nek nglakoni ngono, sira bakal nyelameten awak'e sira mbarek kabeh wong sing ngrungok'en sira.