Syarat-syarat gawe pendeta karo sing ngrewangi
3
Guneman iki bener temenan: “Saben wong sing kepingin dadi pendetane wong percaya, kepingin penggawean sing apik.” 2 Merga iku, pendetane wong percaya kudune wong sing orak duwe ciri uripe, bojone mek siji, bisa ngekang napsu, bijak, ngerti tata krama, seneng nerima dayoh ning umah, pinter muruk'i wong, 3 orak mabuk'an, orak bongolan, orak gendak, seneng ngerukunen, orak mata picisen. 4 Wong iku kudu bisa ngatur keluargane dewe sing apik, disungkani karo diajeni nang anak-anak'e. 5 Nek orak bisa mimpin keluargane dewe, njare bisa mimpin umate Pengeran? 6 Ajo wong sing gek entas percaya, kepe orak sombong. Wong memper iku bakale kenek ukuman pada karo Iblis. 7 Pendeta iku kudune wong sing apik ning masyarakat, kepe orak diwelehen terus kenek jirete Iblis.8 Ngono uga pemimpin sing ngladeni umat iku mau, kudune wong sing diajeni, kenek digondeli guneme, orak seneng mabuk karo orak mata picisen. 9 Sing ngladeni umat iku kudu kuwat temenan percaya nang paran sing wis dinyatak'en ngenek'i Yesus, ya kudu urip ambek batin sing suci. 10 Sing ngladeni umat iku kudu diuji dikek. Nek wis kebukten orak ciri uripe, maringono bisa ditetepen dadi wong sing ngrewangi mimpin wong percaya.
11 Ngono uga bojone pemimpin kudune wong sing diajeni, orak seneng mitnah, bisa ngekang napsu, bisa dipercaya ning sembarang kalire. 12 Sing ngrewangi mimpin wong percaya kudu duwe bojo mek siji, terus bisa ngurus sing apik anak-anak'e karo keluargane. 13 Merga wong sing apik ngladeni wong mesti bakale diajeni temenan. Terus wong-wong iku bakale tambah wani nyeritak'en imane nang wong liya ngenek'i Kristus Yesus.
Umate Yesus sing dadi cagak'e paran sing bener
14 Kabeh iku, tak tulis kanggo sira senajan reang kepingin cepet nyampuhi sira. 15 Dadi nek reang gek orak bisa nyampuhi sira, sira bisa weruh njare carane wong percaya kudune urip dadi keluargane Pengeran. Umat iku sing dadi keluargane Pengeran sing urip, yaiku cagak'e paran sing bener. 16 Nanak sesijia wong sing bisa nolak rahasia sumbere urip sucine kene:
Yesus Kristus sing wis nyatak'en awak'e dewe dadi rupa menungsa;
dibeneren nang Rohe Pengeran;
dideleng nang malaekat-malaekat;
dikabaren ning antarane bangsa-bangsa sing orak percaya nang Pengeran;
dipercayai nang akeh wong ning ndunya;
diunggahen nang swarga.