Dunga gawe wong-wong sing percaya
2
Sing kawitan reang nuturi, njaluk'a nang Pengeran ya dungakna wong-wong liya, mbarek nedanerima'a gawe wong kabeh. 2 Dungakna raja-raja karo kabeh penggede, kepe kene bisa urip ayem karo tentrem, nglakoni sing suci, ya diajeni wong. 3 Iku mau sing apik mbarek sing dikarepen Pengeran, sing nyelameten kene. 4 Pengeran kepingin cekne kabeh wong dislameten mbarek oleh pengerten paran sing bener. 5 Merga Pengeran iku mek siji, terus ya mek ana siji wong sing bisa nggawa damang ning antarane Pengeran ambek menungsa, yaiku menungsa sing jenenge Kristus Yesus. 6 Yesus wis masrahen awak'e dadi korban tebusan gawe kabeh menungsa : iku mau wis dibuktek'en ning wektu sing wis ditentok'en. 7 Merga iku mau, reang wis dipilih dadi wong sing nyampek'en pesene Pengeran. Reang ya dipilih dadi utusane Pengeran. Kabeh sing tak tulis iki bener, reang orak goroh. Reang dipilih dadi gurune wong-wong sing duduk Ibrani cekne percaya sing bener.Tata kramane wong lanang mbarek wong wedok wayah sembahyang
8 Merga iku, reang kepingin wong-wong lanang ning endi-endi cekne dedunga katek tangan suci sing diangkat nang Pengeran, orak katek memoring utawa tukaran. 9 Mbarek pisan wong wedok: mestine wong-wong wedok iku macak sing pantes, sopan, sak'anane. Rambute ajo dimemacemen, ajo nggawe emas utawa mutiara utawa klambi sing larang-larang. 10 Tapi kudune wong-wong wedok macak'a sing pantes mbarek kelakuane sing apik, persis wong wedok sing sembahyang. 11 Mestine wong wedok kudu anteng pas sinau, ya nurut temenan paran sing diwuruk'en. 12 Reang orak ngolehi wong wedok dadi tukang muruk'i, ya orak ngolehi mrentah wong lanang. Mestine wong-wong wedok kudu anteng wae. 13 Soale Adam sing didadek'en kawitan, maringono Hawa. 14 Apa maneh duduk Adam sing diguda Iblis, tapi wong wedok iku sing kenek guda terus nglakoni dusa. 15 Tapi wong wedok bakale dislameten ngliwati nglairen anak, pokok'e tetep percaya, welas asih nang wong liya terus uripe suci ambek pantes.