Paulus njaluk didungak'en
3
Dulur-dulur kabeh, ndedunga'a kanggo Silas, Timotius ambek reang cekne pesene Gusti Yesus disebar cepet ambek diajeni ning endi wae, memper kedadean ning antarane sira biyen. 2 Ndedunga'a pisan cekne kene slamet teka wong-wong sing dusa karo jahat, merga orak kabeh wong percaya nang Yesus. 3 Tapikne Gusti Yesus iku setia. Gusti bakale nguwaten atine sira, terus njaga sira teka Sing Jahat.a 4 Kene percaya Gusti bakal nulung sira cekne bisa tetep nglakoni sak'iki karo teterusan paran sing tak kongkon nang sira. 5 Mandar Gusti Yesus nulungi sira cekne luwih ngerti welas asihe Pengeran nang sira, terus cekne sira dadi mantep entah Kristus.
Paulus ngilingen wong-wong sing orak gelem nyambut gawe
6 Dulur kabeh, kene pesen nang sira nggawe kuwasane Gusti Yesus Kristus, kepe sira ngedohi saben wong percaya sing orak gelem nyambut gawe. Wong-wong iku orak nuruti wulangan kene kanggo nyukupi butuhe dewe. 7 Merga sira weruh dewe nek sira kudu melu contone kene. Kene orak males nyambut gawe ning antarane sira. 8 Kene moh mangan paran wae sing duduk olehe keringete kene dewe. Sewalik'e kene nyambut gawe nyusang jempalik awan bengi, cekne kene orak ngrepoti sapa wae. 9 Kene nyambut gawe, masia duwe hak ditulungi sira. Tapikne kene kepingin ndadek'en panutan sing kudu sira turuti. 10 Pancene pas kene nglumpuk karo sira, kene wis ngilingen nang sira: sapa sing orak gelem nyambut gawe, ajo mangan. 11 Kene guneman iki merga kene krungu nek ana wong sing orak karuan uripe, klintreng-klintreng tok, orak nyambut gawe, tapikne ngeriwuk'i urusane wong liya. 12 Wong-wong sing kayak ngono tak kongkonen temen gawe kuwasane Gusti Yesus Kristus: nyambut gawe'a sing tentrem cekne bisa mangan olehe teka penggaweane dewe. 13 Terus maneh dulur-dulur, ajo ana jelehe nglakoni paran sing apik. 14 Nek'e ana wong sing orak gelem ngrungok'en paran sing tak kongkon ning surat iki, waspada'a nang wong iku. Sira ajo memidang ambek wong iku, kepe wong iku isin. 15 Tapikne ajo dianggep musuh. Sewalik'e, ilingna wong iku kaya dulure dewe.
Paulus nutup surat nggawe salam
16 Mandar muga Gusti Yesus, sing dadi sumbere ayem tentrem, nggenehi teterusan ayem tentrem sak'njerone sembarang kalir nang sira. Mandara Gusti Yesus mbarengi sira kabeh.
17 Salam teka reang, Paulus. Salam iki tak tulis nggawe tangane reang dewe. Iki tengere saben surate reang: ngene iki tulisane reang. 18 Mandara welase Yesus Kristus, Gustine kene, mbarengi sira kabeh.