Tekane “Wong sing Jahat” sak'durunge dina tekane Gusti
2
Dulur kabeh, kene kepingin ngomongen tekane Gustine kene, Yesus Kristus. Pas iku kene bakal diklumpuk'en kanggo urip bareng Gusti. 2 Kepe sira damang pikire, ajo gampang bimbang mikir dina tekane Gusti wis teka. Ajo percaya dina iku wis kedaden masia sira krungu teka roh, dongeng utawa surat sing jerene asale teka kene. Dinane Gusti durung teka! 3 Ajo sampek sira ngejaren awak'e disesaten wong liya nggawe cara paran wae! Merga sak'durunge dina tekane Gusti iku, mesti akeh wong kudu nglawan Pengeran dikek. Terus kudu dinyatak'en dikek “Wong sing Jahat”,a sing kudu dimusnahen. 4 Wong iku kate nglawan sak'kabehe dewa, ya paran wae sing disembah. Terus wong iku bakal ngejok'en awak'e dewe sak'duwure sembarang kalir. Malah wong iku bakal lungguh ning Umahe Pengeran, terus ngaku nek awak'e dewe dadi Pengeran. 5 Apa sira orak iling, nek iku mau gelek tak dongengen nang sira, pas reang gek bareng-bareng karo sira? 6 Sak'iki sira weruh paran sing nahan wong dusa iku, cekne wong iku bisa dinyatak'en pas wayahe sing wis ditentok'en. 7 Pancene kuwasa sing nglakoni jahat wis molai nyambut gawe ning ndunya meneng-menengan. Tapi sak'iki gek ana sing nyegat kuwasa jahat iku. Sak'marine sing nyegat kuwasa jahat iku disingkiren, 8 “Wong sing Jahat” iku bakal dinyatak'en. Tapi Gusti Yesus kate teka maneh sak'njerone padang sing mulya kanggo mateni karo musnahen wong iku nggawe ambek'ane wae. 9 Tekane “Wong sing Jahat” iku penggaweane Iblis. Tekane wong iku bakal dibarengi macem-macem penggawean gaib, tetenger karo mujijat-mujijat sing palsu. 10 “Wong sing Jahat” iku kate gawe gorohan sing jahat kanggo nyesaten wong-wong sing bakale mati. Wong iku bakale mati merga orak gelem nerima paran sing bener, sing bisa nyelameten wong-wong iku. 11 Merga iku, Pengeran ngirim kuwasa sing nyesaten wong-wong iku, sing nggarai wong-wong iku percaya paran sing orak bener. 12 Ahire, kabeh wong sing orak percaya paran sing bener bakale diukum merga seneng nang paran sing jahat.Dipilih kanggo dislameten
13 Tapi kene kudu teterusan nedanerima nang Pengeran merga sira, dulur-dulur, sing ditresnani Gusti. Merga teka wiwitane, Pengeran wis milih sira gawe dislameten ngliwati Rohe Pengeran sing nyucek'en sira. Sira slamet merga percaya paran sing bener ngenek'i Yesus. 14 Pengeran wis nyeluk sira ngliwati Kabar Apik sing kene sampek'en. Pengeran milih sira cekne sira oleh kamulyane Yesus Kristus, Gustine kene kabeh. 15 Mangkane dulur-dulur, ngadek'a jejek karo percaya temen nang wuruk'an sing sira terima teka kene, mboh sing sira rungok'en utawa sing sira waca ning surat.
16 Gustine kene, Yesus Kristus, ambek Pengeran, Bapakne kene, wis welas asih nang kene. Ngliwati welas, atine kene wis ditambani sak'lelawase merga kene ngenteni janji sing apik. 17 Mandar muga Pengeran nambani atine sira ambek nguwaten sira sak'njerone paran wae apik sing sira lakoni utawa guneman.