Surate Paulus ping pindo nang umate Yesus ning kota Tesalonika
2 Tesalonika
Salam teka Paulus
1
Reang, Paulus, sing nulis surat iki. Silasa ambek Timotius ana pisan bareng-bareng reang. Kene ngirim surat iki nang umate Yesus ning kota Tesalonika. Sira sing dadi duwek'e Pengeran, Bapakne kene, ya dadi duwek'e Gusti Yesus Kristus. 2 Mandar muga Pengeran, Bapakne kene, ambek Gusti Yesus Kristus nggenehi welas karo ayem tentrem ning batine sira.Dunga karo nedanerimane Paulus
3 Dulur kabeh, kene kudu teterusan nedanerima nang Pengeran merga sira. Mestine kudu ngono, merga sira tambah percaya nang Yesus. Kene ya nedanerima nang Pengeran merga welas asihe sira nang wong liya-liyane tambah raket ning antarane sira kabeh. 4 Masia sira kabeh disiksa ambek sara, sira tetep percaya nang Yesus, ya orak nyerah. Merga sira kuwat percaya, kene seneng nyeritak'en sira nang umate Yesus ning kota-kota liyane.
5 Pengeran iku adil ngakimi. Pengeran wis nganggep sira pantes dadi warga Kerajaane Pengeran merga sira mantep percaya nang Yesus. Tapi sira sak'iki sara merga wis mlebu Kerajaane Pengeran iku. 6 Pengeran iku adil, terus bakale mbalesen sara nang wong sing nyiksa sira. 7 Pengeran bakal nggewehi damang gawe sira sing disiksa, ambek kene pisan. Kene bisa ngrasak'en damang iku pas Gusti Yesus dinyatak'en teka swarga bebarengan malaekat-malaekate sing duwe kuwasa. 8 Yesus bakale teka sak'njerone kuwasane ning njero geni sing mongah-mongah. Pas iku Yesus bakal mbalesen nang wong-wong sing orak kenal Pengeran ambek orak gelem nurut Kabar Apik'e Yesus, Gustine kene. 9 Wong-wong iki bakale kenek ukuman dimusnahen sak'lelawase. Wong-wong iku bakale didohen teka swarga cekne orak bisa ngadepi Gusti Yesus terus ndeleng padang kuwasane sing agung. 10 Kabeh iku bakale kedaden pas Gusti teka maneh kanggo dipuji ambek diajeni nang kabeh umat pilihane sing wis percaya. Pancene sira wis percaya nang paran sing kene saksek'en.
11 Merga iku, kene teterusan ndedunga gawe sira. Pengeran wis milih sira cekne dislameten. Kene ndedunga kepe Pengerane kene kate gawe uripe sira pantes nurut maksute milih sira. Kene ndunga pisan kepe Pengeran ndadek'en sak'kabehe kekarepane sira kanggo nglakoni apik dadi nyata. Terus kene ndedunga kepe Pengeran nyempurnak'en kabeh penggaweane sing sira lakoni merga percaya nang Yesus. 12 Kene ndunga kepe jenenge Yesus, Gustine kene, diajeni ngliwati sira. Kene ya ndunga kepe sira diajeni ngliwati Yesus. Kene ndedunga kabeh iku mau nurut welase Pengeran karo Gusti Yesus Kristus.