4
Gawe jeragan-jeragan, lakonana sing bener nang koli-koline, merga ilinga, sira iku ya duwe Jeragan pisan ning swarga.
Dungakna!
2 Madep mantepa ndedunga, ya sing jejaga'a ambek nedanerima'a. 3 Dungakna kene pisan cekne Pengeran nggewehi dalan nang kene kanggo ngabaren Kabar Apik, yaiku mbukak rahasiane Kristus Yesus. Merga ngabaren Kabar Apik iku, reang dilebok'en bui iki. 4 Dungakna reang bisa nyampek'en rahasia iku cekne bisa dingerteni wong. Iku sing dadi tanggungane reang. 5 Uripa bijak bebarengan wong sing imane orak pada. Terus gawe'en saben wayah iku kanggo nyampek'en Kabar Apik. 6 Gunemane sira kudu ebek welas asih, ya enak dirungok'en.a Nek ngono sira bisa ngerti njare carane nyauri paran wae sing ditakok'en.
Paulus nutup surat nggawe salam
7 Pak Tikikus, sing nggawa surat iki nang sira, bakale nyampek'en kabare reang. Wong iku dulur sing ditresnani, utusan sing setia, ya rewange reang sing ngladeni Gusti. 8 Tikikus ya pisan tak kongkon nang sira, cekne sira bisa weruh njare uripe kene ambek nguwaten atine sira kabeh. 9 Reang ya ngongkon Tikikus dibarengi Pak Onesimus, yaiku dulure kene sing setia karo ditresnani, ya sing asale teka Kolose pisan. Wong-wong iku bakale nyampek'en kabeh sing kedadean ning kene.
10 Pak Aristarkus, kancane reang ning bui iki, nitip salam.
Salam pisan teka Pak Markus, yaiku dulure Pak Barnabas. (Soal Markus, sira wis dikongkonen - nek'e Markus wis njebul ning Kolose, trimanen sing apik.)
11 Pak Yesus, sing celuk'ane Yustus, ya nitip salam pisan. Mek wong telu iku mau wong Ibrani sing teterusan ngrewangi reang nyambut gawe kanggo Kerajaane Pengeran. Wong-wong iku sing pancene nguwaten atine reang.
12 Pak Epafras, abdine Kristus Yesus sing asale teka kumpulane sira, nitip salam nang sira pisan. Wong iku mesti ndedunga temenan kanggo sira kabeh cekne imane sira dadi jangkep, ya bisa ngadek jejek ning kekarepane Pengeran. 13 Reang weruh dewe njare payahe Epafras nyambut gawe kanggo sira kabeh bebarengan sing ana ning Laodikia karo Hierapolis.
14 Pak Lukas sing kene tresnani, yaiku sing tukang nambani wong, nggewehi salam bebarengan Pak Demas. 15 Sampekna salame kene kabeh nang dulur-dulur njero Kristus sing ana ning Laodikia, ya pisan nang Mak Nimfa karo kumpulane wong percaya sing nglumpuk ning umahe.
16 Sak'marine surat iki diwacak'en nang sira, kongkonen surat iki diwacak'en pisan nang umate Yesus ning Laodikia. Sewalik'e, surat teka kono kudu diwacak'en pisan nang sira.
17 Kongkonen nang Pak Arkipus: 'Penggawean sing sira terima teka Gusti kudu dimarek'en.'
18 Salam teka reang, Paulus. Salam iki reang tulis gawe tangane reang dewe.
Ilinga reang sing ditrante ning bui iki!
Mandar muga welase Pengeran mbarengi sira kabeh.