3
Merga iku, nek sira wis diuripen bebarengan Kristus, golek'a sing ana ning swarga, ning endi Kristus lungguh ning sisih tengene Pengeran. 2 Pikirna paran sing ana ning swarga, ajo kangen paran sing ana ning ndunya. 3 Merga sira wis mati bareng Kristus, uripe sira diagem nang Kristus, ning njerone Pengeran. 4 Kristus Yesus wis dadi uripe kene. Pas Kristus dinyatak'en, kene bakale dinyatak'en pisan sak'njerone kamulyane.
Menungsa sing anyar
5 Merga iku, tinggalen sembarang kalire sing asale teka ndunya, yaiku sak'maceme cabul, kabeh hubungan sing najis, kepinginane daging, napsune sing jahat, karo pisan srakah, yaiku jenenge nyembah sak'liyane Pengeran. 6 Kabeh iku bakale nekak'en ukuman teka Pengeran nang wong-wong sing orak manut. 7 Biyen, sira ya nglakoni ngono pas uripe sira gek dikuwasai dusa. 8 Tapikne, sak'iki buangen kelakuane sing bongol, sing ngamuk'an, sing gregetan, mitnah karo pisan guneman sing elek. 9 Ajo maneh pada nggorohi, merga sira wis ninggalen urip ambek kelakuane sing lawas. 10 Apa maneh sak'iki sira wis nganggok'en menungsa sing anyar, sing dianyaren nurut rupane Sing Gawe Urip. 11 Menungsa anyar iki, nanak maneh sing mbedak'en nurut sing katok entah antarane wong Yunani utawa wong Ibrani, wong disunat utawa wong sing orak disunat, wong sing sopan utawa wong sing kasar, ya wong budak utawa wong sing bebas. Tapikne sing paling penting iku, Kristus sing ana ning njerone sak'kabehe wong percaya.
12 Merga sira wis dadi umat pilihane Pengeran sing wis disucek'en karo ditresnani, gawe'en ati sing iba karo apik, sumeh, unggah-ungguh, karo sing sabar. 13 Trimanen paran anane sak'pada kancane, terus pada sepuranen sak'pada kancane ngentah Gusti wis nyepura sira. 14 Teka kabeh iku, gawe'en welas asih. Welas asih iku bisa ngakori kabeh iku mau dadi siji sing sempurna.
15 Sak'jane, jarna ayem tentrem teka Kristus Yesus nguwasai atine sira, merga sira dipilih dadi bageane ragane Yesus dewe. Teka kono ayo pada nedanerima. 16 Wuruk'ane Kristus duwe sak'kabehe berkah. Jarna wuruk'an iku manggon ning atine sira kabeh cekne sira duwe kabeh bijak kanggo mulang karo nuturi wong. Ambek wuruk'an iku pisan, gawe'en kidung, masmur, karo pujian teka Roh Suci kanggo muji Pengeran merga saking nedanerima. 17 Apa maneh, sembarang kalir sing sira lakoni karo sira gunem, iku kudu makili Gusti Yesus. Terus, ngliwati Yesus, sira kudu nedanerima nang Pengeran, yaiku Bapakne kene dewe.
Carane rukun ning njerone umah
18 Gawe wong-wong wedok sing wis rabi, sira kudu manut nang bojone, merga iku pantes kanggo wong sing nurut nang Gusti.
19 Gawe wong-wong lanang sing wis rabi, sira kudu welas asih nang bojone. Ajo nglakoni sing kasar nang bojone.
20 Gawe lare-lare, nuruta nang wong tuwek'e, ya nang sembarang kalir kongkonane. Nek nglakoni ngono, atine Gusti Yesus disenengen.
21 Gawe bapak-bapak, ajo nglarani atine anak'e, cekne lare iku orak mangkel.
22 Gawe wong sing koli-koli, nuruta nang jeragane sing ana ning ndunya, ya nang paran wae sing dikongkonen. Ajo nglakoni apik ning ngarepan tok cekne disenengi, tapi nyambut gawea sing sak'temene ngentah sembahyang nang Gusti Yesus. 23 Paran wae sing sira lakoni, lakonana sing sak'temene ngentah kanggo nyenengen Gusti Yesus, duduk kanggo menungsa. 24 Merga sira bakale nerima warisan teka Gusti Yesus, dadi walesane sira. Anggepen Kristus iku Gusti sing sira ladeni. 25 Sapa wae sing nggawe salah bakale nanggung salahe, merga Gusti orak mbena.