2
Reang kepingin sira kabeh ngerti nek'e reang nyambut gawe sing nemen kanggo sira ning Kolose ambek kanggo wong sing ana ning Laodikia, karo pisan kabeh wong sing durung weruh reang dewe. 2 Tujuane reang, atine sira kabeh dadi siji ning njerone welas asih, ya dikuwaten cekne sira kabeh dadi sugih ning njerone pengerten sing jangkep. Nek ngono sira bisa ngerti rahasiane Pengeran, yaiku Kristus, Raja Pilihane Pengeran. 3 Sembarang kalir pengerten karo kaweruh sing larang temenan wis disingeten ning njerone Kristus.
4 Reang nyampek'en kabeh iku nang sira kepe sira orak ketipu nang wong sing gunemane alus. 5 Masia reang adoh teka sira kabeh, ati ambek pikirane reang ana ning antarane sira. Terus reang bungah merga weruh sira kabeh sak'ati, ya teguh keyakinane nang Kristus Yesus.
Urip ning Kristus
6 Sira wis nerima Kristus Yesus dadi Gustine sira dewe. Merga iku, uripe sira kudu nuruti kekarepane Yesus. 7 Uripe sira kudu temoyot ning njerone Yesus, terus ya dibangun ning duwure Yesus dewe. Terus sira kudu tambah kuwat imane sing wis diwuruk'en nang sira. Apa maneh, atine sira kudu saben wayah nedanerima.
8 Sira kudu sing ati-ati! Ajo sampek ana sing njiret sira gawe wuruk'an goroh sing duduk asale teka Kristus Yesus, tapikne asale teka mbah buyut biyen karo roh-roh jahat sing nguwasani ndunya. 9 Merga sak'kabehe kuwasane Pengeran sing ngebek'i ragane Yesus dewe, 10 ya sira dibek'i sak'kabehe karuniane Pengeran pisan merga melu Yesus. Yesus iku rajaa sing nguwasai sak'kabehe kerajaane menungsa karo kerajaane makluk alus.
11 Kabeh wong sing melu Kristus pada wae wis mari disunat, tapi duduk disunat ragane. Yesus sing nyunat atine sira cekne sira ninggalen kelakuane sing dusa. 12 Pas sira dibaptis, iku pada wae dikubur bareng Yesus. Bareng Kristus pisan, sira diuripen maneh merga percaya nang kuwasane Pengeran. Pengeran iku sing tau nguripen Yesus teka patine. 13 Sira biyen tau mati jiwane merga kelakuane sira sing jahat karo pisan ya orak disunat ragane. Tapikne sak'iki Pengeran wis nguripen sira bebarengan Yesus, ya wis nyepura dusa-dusane sira. 14 Maune, kabeh prentah ning hukum agama Ibrani sing wis kene langgar iku nyalahen kene. Kabeh salahe kene entah utang sing njiret. Tapikne, utang iku kabeh wis dipok'i Yesus, ya dipaku bareng Yesus nang kayu salib. 15 Ngliwati patine karo tangine Yesus, Pengeran pisan ngalahen kabeh kerajaane menungsa karo kerajaane makluk alus terus didadek'en tawanan sing didudohen nang sak'kabeh ndunya.
Sing melu Yesus orak kecekel adate menungsa
16 Dadi, ajo gelem melu-melu adat sing nentok'en:
paran sing kudu dipangan karo sing diombe,
dina-dina sing dianggep gede utawa apik,
mbulan anyar,
utawa aturane dina-dina Sabat.
17 Kabeh iku mek ayang-ayange teka paran sing bakale teka. Sing bener iku mek ana ning Kristus dewe. 18 Sira ajo gelem pisan dienggok'en teka dalan sing bener nang wong sing api-api orak gendak, ya pisan sing nyembah malaekat-malaekat. Sak'jane, wong entah ngono iku mek nduweni ati gemede merga jere oleh wangsit-wangsit, terus pikire kegawa ndunya. 19 Masalahe, wong iku orak duwe agem-agem nang Kristus sing dadi ndase kabeh wong sing melu Yesus, merga wong-wong iku sing dadi ragane. Raga iku dirumat karo didadek'en siji nang belung daginge, ya tambah gede nurut kekarepane Pengeran.
20 Sira iku wis dibebasen teka roh-roh sing nguwasani ndunya, merga uripe sira biyen wis mati bareng karo Kristus Yesus ning kayu salib. Na, ngapa kok sira gek nuruti aturane ndunya entah iki: 21 'Ajo jukuk iku! Ajo mangan iki! Ajo ngutik iku!' 22 Kabeh iku orak langgeng, ya bakale dimusnahen, merga kabeh iku mek aturan karo wuruk'ane sing digawe menungsa. 23 Katok'e aturane iku mau akeh bijak'e, tapi asale mek teka sembahyang sing gawenan dewe, sumeh sing gorohan karo nyiksa awak'e dewe. Nyatane kabeh iku nanak gunane gawe nguwasani napsune dewe.