Surate Paulus nang umate Yesus ning kota Kolose
Kolose
Paulus nggewehi salam nang umate Yesus ning kota Kolose
1
Reang, Paulus, sing nulis surat iki bareng dulur sak'imane dewe, yaiku Timotius. Reang dewe sing didadek'en utusane Kristusa Yesus, merga dipilih Pengeran. 2 Surat iki tak tulis nang umat pilihane Pengeran, yaiku dulur-dulur sak'iman sing setia ngladeni Kristus ning kota Kolose. Reang ndedunga cekne Pengeran, sing dadi Bapakne kene kabeh, nggewehi welas ambek ayem tentrem nang sira kabeh.Paulus ndungak'en wong sing percaya nang Yesus ning kota Kolose
3 Saben wayah kene ndungak'en sira kabeh, kene orak leren nedanerima nang Pengeran, yaiku Bapakne Gustine kene, Yesus Kristus. 4 Kene nedanerima merga wis krungu nek sira gek tetep percaya nang Kristus Yesus karo welas asih nang sak'kabeh umat pilihane Pengeran. 5 Sira tetep percaya karo welas asih nang dulure sak'iman, merga sira gek ngenteni warisan ning swarga sing bakale digewehen Pengeran. Sira wis ngrungok'en iku kabeh ning wekasan sing bener, yaiku Kabar Apik, 6 sing disampek'en nang sira. Memper wit-witan, kabar iku wis ngembang nang sak'kabehe ndunya. Wohe kabar iku nggambaren wong sing uripe tambah apik. Uripe sira ya pisan didadek'en apik merga krungu ambek ngerti welase Pengeran sing sak'temene. 7 Kabeh iku wis sira weruhi teka Pak Epafras, sing ngrewangi kene, ya sing ditresnani kene kabeh. Wong iku pancene setia ngladeni Kristus Yesus kanggo kene. 8 Pak Epafras iku ya pisan sing nggenehi weruh nang kene carane sira welas asih siji nang sijine nggawe welas asih sing asale teka Rohe Pengeran.
Dungane Paulus
9 Merga iku, kene orak leleren ndungak'en sira kabeh:
Kene njaluk cekne Rohe Pengeran nggewehi sak'kabehe bijak karo pengerten ngenek'i kekarepane Pengeran.
10 Kene ndungak'en cekne uripe sira dianggep pantes, ya nyenengen atine Gusti Yesus. Nek ngono, saben penggaweane sira sing apik bakale nguwoh sing apik. Apa maneh, sira kabeh bakale luwih weruh sapa Pengeran iku.
11 Kene njaluk nang Pengeran cekne sira dikuwaten karo kuwasane Pengeran sing gede temenan. Nek ngono sira bisa nyanggah sembarang kalir ambek mantep karo sabar.
12 Kene njaluk pisan cekne sira bisa nedanerima sing bungah nang Bapak, sing mantesen sira oleh warisane umat pilihane ning kerajaan sing padang.
13 Pengeran ya wis ngeculen kene kabeh teka kerajaane Iblis sing peteng, terus digawa nang kerajaan Anak'e sing ditresnani. 14 Merga percaya nang Anak'e Pengeran iku kene oleh tebusan, yaiku dusa-dusane kene disepura.
Kristus Yesus sing paling agung
15 Yesus iku wujute Pengeran sing orak katok.
Yesus iku ahli warisb teka paran wae sing wis digawe. 16 Merga ngliwati Yesus, sembarang kalir sing ana ning swarga karo ning ndunya didadek'en, yaiku sing katok karo sing orak katok, ya kabeh kerajaane menungsa karo kerajaane makluk alus.
Yesus sing gawe kabeh iku ngliwati Awak'e dewe, ya kanggo Awak'e dewe.
17 Yesus iku wis ana sak'durunge kabeh iku didadek'en.
Terus Yesus iku sing ngatur sembarang kalire.
18 Yesus iku sing dadi ndase sak'kabehe umate, terus sak'kabeh wong iku sing dadi ragane Yesus dewe.
Yesus iku sing ngawiti sembarang kalir, ya pisan dadi paling utama antarane wong sing tangi teka patine.
Mangkane, Yesus iku dadi sing paling penting teka sak'kabehe.
19 Pengeran seneng ngestoni sak'kabehe kuwasane nang Anak'e Dewe, yaiku Yesus.
20 Ngliwati Yesus, Pengeran gawe sembarang kalir sing maune orak akor dadi akor maneh ngliwati getihe Yesus pas mati ning kayu salib. Sing diakoren iku, sembarang kalir sing ana ning ndunya karo sing ana ning swarga.
21 Biyen, sira kabeh adoh teka Pengeran, ya dadi musuhe Pengeran merga pikirane karo kelakuane sira sing jahat. 22 Tapikne, sira wis diparek'en maneh ngliwati ragane Yesus sing dikorbanen, cekne disucek'en, ya disempurnak'en, terus orak bisa disalahen ning ngarepe Pengeran. 23 Kabeh iku bakal kedadean nek sira tetep madep mantep karo kuwat imane. Ajo sampek sira ngalih teka tujuane Kabar Apik, sing wis sira tampa. Kabar iki wis disampek'en nang endi-endi ning ndunya. Reang, Paulus, sing dadi abdine Kabar Apik iki.
Penggaweane Paulus gawe wong sing melu Yesus
24 Masia reang sara ning njerone bui iki, tapikne reang bebungah merga kabeh sara iki dilakoni kanggo sira, ya kanggo ragane Yesus, yaiku umate. Merga larane Kristus sing gek durung mari dijangkepi ning njerone ragane reang. 25 Nurut kekarepane Pengeran, reang dikongkon ngladeni umate Yesus. Sing kudu tak lakoni, yaiku nyampek'en nang sira sak'kabehe wekasane Pengeran. 26 Wekasan iki orak diweruhi nang sapa wae molai ndunya iki didadek'en, merga Pengeran ngrahasiak'en isine wekasan iku mau. Tapi sak'iki rahasia iku wis diweruhen nang umat pilihane Pengeran. 27 Pengeran arep ndudohen nang umate nek rahasia agung iku saking apik nang wong-wong sing duduk Ibrani pisan. Isine rahasia iku: Kristus ana ning njerone awak'e sira dewe. Maksute, sapa wae sing nerima Yesus bisa ngrasak'en kamulyane Pengeran ning swarga.
28 Kristus Yesus iku sing kene kabaren nang wong kabeh. Kene pisan ngilingen ya nuturi sak'kabehe wong gawe wulangan sing bijak. Tujuane, sak'kabehe wong digawa nang Pengeran, yaiku kabeh wong sing dijangkepen merga wis dadi siji ambek Kristus Yesus. 29 Iku ngono maksute reang sing tak arepen, ya sing tak susah payah nyambut gawe nurut kuwasa gede teka Yesus sing ana ning awak'e reang.