Tuturan cekne dadi sak'ati karo sak'pikir
4
Dulur-dulure reang sing tak tresnani, sing tak kangeni, sing tak ajeni, ya sing gawe atine reang bungah: Ngadek'a sing teguh ning njerone Gusti Yesus.
2 Reang njaluk temenan nang Bu Euodia karo Bu Sintike cekne urip rukun ning njerone Gusti Yesus. 3 Reang njaluk pisan nang sira, rewang sing sejati, cekne sira nulung wong-wong wedok iku mau rukun, merga wong wedok-wedok iku wis nyambut gawe bareng reang nyampek'en Kabar Apik. Ya ngono uga Pak Klemens karo kanca-kanca liyane sing tau nyambut gawe bareng reang. Jeneng-jenenge wong iku kabeh wis kecatet ning kitab panguripan.
Prentah sing pungkasan
4 Bungaha teterusan merga sira dadi siji ambek Gusti Yesus! Reang guneman maneh, bungaha! 5 Jaren wong-wong weruh watek'e sira sing apik. Gusti Yesus bakale ndang-ndang teka. 6 Ajo kuwatir peparan wae. Paran wae sing sira alami, dongengna nang Pengeran. Njaluk'a, ndunga'a, nedanerima'a nang Pengeran. 7 Mangkane ayem tentreme Pengeran, sing luwih gede teka pengertene menungsa, bakale njaga atine ambek pikire sira ning njerone Kristus Yesus.
8 Ahire, dulur-dulur, paran wae sing bener, paran sing diajeni, paran sing adil, paran sing suci, paran sing apik, paran sing pantes dipuji - pikiren kabeh iku. 9 Paran sing sira wis sinauni, terima, rungok'en, ambek sing wis sira ndeleng teka reang, lakonana kabeh iku. Terus Pengeran, sumbere ayem tentrem, bakale mbarengi sira.
Paulus nedanerima nang umate Yesus ning Filipi
10 Reang bungah temenan dadi duwek'e Gusti Yesus merga sira kabeh nggatek'en reang maneh. Reang ngerti nek maune sira kepingin nggatek'en reang, tapi nanak dalane. 11 Reang guneman ngene iki orak merga reang sak'iki gek kurang. Reang wis sinau urip lega sak'anane. 12 Reang tau kurang, ya tau duwe luwih. Reang wis sinau rahasia rumangsa lega sak'njerone paran wae sing kedadean, yaiku masia keluwen utawa wareg, enak utawa mlarat. 13 Sembarang kalir bisa tak lakoni ngliwati Yesus sing nguwaten reang.
14 Tapikne, sira wis nglakoni apik merga nulung reang pas gek susah. 15 Sira dewe, dulur-dulur sak'iman ning Filipi, wis weruh paran sing kedadean nang reang sak'marine sira nerima Kabar Apik, terus reang ninggalen Makedonia. Nanak kumpulane wong percaya sesijia sing ndukung reang, kejaba sira tok. 16 Apa maneh, pas reang ana ning kota Tesalonika, sira ngirim picis pas reang mbutuh. Terus iku duduk sepisan tok, tapi bolak-balik. 17 Sing penting nang reang, duduk sing sira gewehi, tapi sing sira olehi. Nek sira loman, ganjarane sira ning swarga tambah gede. 18 Reang wis nerima picise sira sing luwih teka cukup. Reang wis duwe paran sing dibutuhen merga Epafroditus nggawanen picis iku mrene. Paran sing sira nggenehi iku dadi korban sing wangi, sesajen sing diterima, ya nyenengen Pengeran. 19 Pengerane reang bakal nyawisi kabeh sing sira mbutuhen, nurut sugihe Pengeran sing mulya ning njerone Kristus Yesus.
20 Kamulyan kanggo Pengeran, yaiku Bapakne kene sampek sak'lelawase. Amin.
Salam sing pungkasan
21 Sampekna salame kene nang kabeh umat pilihane Pengeran sing dadi duwek'e Kristus Yesus. Salam nang sira kabeh teka dulur-dulur sak'iman sing bebarengan reang ning kene. 22 Sak'kabehe umat pilihane Pengeran ning kene ngirim salam nang sira, kusus wong-wong sing nyambut gawe ning kratone Raja Gede Roma.
23 Welas teka Gusti Yesus Kristus mbarengi rohe sira. Amin.