Sing dilakoni Kristus luwih penting timbang sing dilakoni menungsa
3
Ahire, dulur-dulur, pada bungaha merga sira dadi siji ambek Gusti! Reang orak kabotan nulis iki maneh. Beleh sira ngerti paran sing tak tulis, sira bakal nduweni dalan sing aman sing sira tuten. 2 Sing ati-ati nang golongane wong sunat, sing nglakoni jahat, sing pantes diarani “kerek-kerek.” Wong-wong iku mek ngajuren ragane wong. 3 Tapikne, kene kabeh wong sing bener-bener disunat rohanine. Kene kabeh sembahyang ngliwati Rohe Pengeran. Kene kabeh ngagungen paran sing wis dilakoni Kristus Yesus. Kene orak ndeleh percayane kene nang sapa anane kene, utawa paran sing wis tau kene lakoni.4 Masia ngono, reang akeh alasan gawe ngejok'en awak'e reang dewe merga paran sing wis tak lakoni. Nek wong liya duwe alasan gawe ngejok'en awak'e dewe, reang duwe alasan sing luwih akeh.
5 Reang disunat pas umure wolung dina.
Reang wong Ibrani.
Reang asale teka suku Benyamin.
Reang bangsawan Ibrani asli.
Reang wong Farisi sing manut nang saben aturan ning hukum agama Ibrani.
6 Reang saking mantep melu agama Ibrani sampek reang nyiksa umate Yesus.
Reang wong sing nanak cirine nurut paran sing diarani bener ning hukum agama Ibrani.
7 Biyen reang mikir kabeh sing wis tak lakoni iku kanggo apik'e reang. Tapi sak'iki tak anggep kabeh iku mau rugi merga wis kenal Kristus. 8 Sampek-sampek, reang nganggep kabeh iku nanak gunane ketimbang kenal Kristus Yesus, Gustine reang. Kenal Yesus iku luwih mulya ketimbang sembarang kalir. Reang milih kenal Yesus terus mbuang sing liyane. Sing liyane iku wis tak anggep wowoh,a cekne bisa nduweni Kristus. 9 Sak'iki reang wis ana ning njerone Yesus. Reang dadi bener duduk merga manut aturane agama. Reang dadi bener merga wis percaya nang Kristus. Pengeran sing mbeneren reang merga percaya nang Kristus. 10 Kekarepane reang sing paling gede: yaiku luwih jero kenal Yesus. Ya, reang kepingin ngalami kuwasa sing nguripen Yesus maneh teka patine. Reang kepingin dadi siji mbarek Yesus ning njerone sarane. Reang ya kepingin ngorbanen awak'e reang pada karo Yesus ngorbanen Awak'e dewe pas patine. 11 Kekarepane reang iku cekne diuripen maneh ning antarane wong mati.
12 Reang gek durung sampek oleh kabeh iku mau. Tapikne reang tetep usaha nyekel iku kabeh, merga Kristus Yesus sing wis nyekel reang. 13 Dulur kabeh, reang orak mikir nek reang wis nyekel iku, tapikne iki ngono salah sijine sing wis tak lakoni: reang nglalek'en paran wae sing wis tau tak lakoni. Terus, reang rekadaya nyekel paran sing ana ning ngarepe reang. 14 Reang maju nang tujuan kepe oleh ganjaran, yaiku celuk'ane Pengeran teka swarga sing tak duwe ngliwati Kristus Yesus.
Melu contone Paulus
15 Dadi kene kabeh sing mateng imane kudu mikir tiru iku mau. Nek'e pikirane sira orak pada soal iku mau, Pengeran bakale ndudohen soal iku nang sira. 16 Pokok'e kene urip pada karo paran sing wis kene duweni.
17 Dulur kabeh, contoen reang. Gatekna sing temenan wong-wong sing uripe tiru reang. 18 Sak'iki reang nyampek'en maneh ambek netesen eluh. Akeh wong wis urip dadi musuhe kabar patine Kristus. Reang wis gelek guneman iki nang sira. 19 Wong-wong iku bakal dimusnahen. Wetenge wong iku wis dadi gustine. Wong-wong iku ngajeni paran sing sak'kudune ngisin-ngisini wong iku. Wong-wong iku mek mikiren barang ning ndunya iki. 20 Tapikne, kene sing percaya wis dadi wargane swarga. Teka swarga iku Gusti Yesus Kristus bakale teka kanggo nyelameten kene. Iku mau sing kene enteni. 21 Pas iku, Yesus bakal ngrubah ragane kene ning ndunya iki cekne ngentah ragane Yesus dewe sing mulya. Iku bakal kedadean ngliwati kuwasane Yesus sing bisa ndadek'en sembarang kalir manut nang awak'e Yesus dewe.