Andap asor ngentah Kristus
2
Merga wis dislameten Kristus, sira dadi kuwat. Welas asihe Kristus sing nambani atine sira. Terus sira ngrasak'en kuwasa teka Rohe Pengeran, ya melasi ambek mesak'en siji nang sijine. 2 Merga kabeh iku mau, duwea pikir sing pada. Pada-pada welas asiha. Sira kudu dadi siji, ya duwe tujuan sing pada. Nek sira nglakoni iku, sira gawe reang bungah temenan. 3 Ajo nglakoni peparan mek kanggo nyenengen awak'e dewe, utawa cekne awak'e dewe diajeni. Sewalik'e sira kudu orak gendak. Ajenana wong liya luwih teka awak'e sira dewe. 4 Ajo mek mikiren butuhe sira dewe. Tapikne sira kabeh kudu mikiren paran sing dibutuhen wong liya.
5 Sira kabeh kudu nduweni watek persis Kristus Yesus antarane siji nang sijine.
6 Masia Yesus iku pada karo Pengeran,
Yesus orak nggecek'i derajate sing pada karo Pengeran iku.
7 Sewalik'e, Yesus ninggalen sak'kabehe iku mau,
terus nggawe rupa entah wong budak,
merga lair dadi menungsa.
8 Pas dadi menungsa, Yesus orak gendak karo manut temenan.
Yesus ya manut sampek mati,
yaiku mati ning kayu salib.
9 Mangkane Pengeran njunjung Yesus
karo nggewehi Yesus jeneng sing luwih duwur ketimbang sak'kabehe jeneng liyane.
10 Pas jenenge Yesus diucapen, sak'kabehe makluk bakal sujud nyembah Yesus,
yaiku kabeh makluk ning swarga, ning bumi, ambek ning isore bumi.
11 Sak'kabehe makluk bakale ngaku nek Yesus Kristus iku Gusti.
Mangkane Pengeran, Bapakne kene, bakale dimulyak'en!
Wong percaya memper lintang ning awan-awan
12 Dulur-dulure reang sing tak tresnani, sira kabeh nurut saben wayah. Sira kabeh wis ndudohen carane sira nurut pas reang bebarengan sira. Sak'iki dudohna carane sira nurut sing luwih maneh, masia reang gek orak bebarengan sira. Sira wis dislameten, dadi rekadaya'a njangkepi slamete sira katek gregetan ambek wedi nang Pengeran. 13 Merga Pengeran sing nyambut gawe ning njerone sira, cekne sira bakale kepingin nglakoni paran sing nyenengen Pengeran.
14 Ajo ngersula pas nglakoni paran wae, ya ajo bebantahan. 15 Uripe sira bakale mbuktek'en nek sira wis dadi anak-anak'e Pengeran sing murni, orak duwe salah, ya orak duwe ciri ning antarane wong-wong ning ndunya iki sing jahat, ya sing keblasuh dalane. Sira bakale nyorot antarane wong iku memper lintang madangi bengi. 16 Gecek'ana sing siset nang Sabda sing nggenehi urip. Terus, pas dinane Kristus teka maneh reang bisa bungah temenan merga paran sing reang rekadayak'en ambek nyambut gawe njerone sira orak sia-sia. 17 Tapi umpamane reang mati, getihe reang bisa nggambaren korban sing diutahen ning duwure korbane sira. Sing sira korbanen, yaiku sira nulungi reang merga percaya nang Pengeran. Masia ngono, reang seneng terus bungah temenan ambek sira kabeh. 18 Dadi sira ya pisan kudu melu bungah karo seneng ambek reang.
Timotius karo Epafroditus
19 Reang kepingin ndang-ndang ngutus Timotius nang sira, nek Gusti Yesus ngolehi. Reang bakale bungah pas nerima kabare sira. 20 Reang orak duwe kanca maneh sing memper Timotius. Timotius iku bener-bener mentingen sira kabeh. 21 Kabeh wong sing liyane mentingen butuhe dewe, duduk butuhe Yesus Kristus. 22 Tapikne sira wis pada weruh buktine nek Timotius ana gunane. Ngentah anak bareng bapakne, Timotius tau ngladeni bareng reang nyeritak'en Kabar Apik. 23 Dadi reang arep ndang-ndang ngutus Timotius nang sira, sak'wise reang ngerteni paran sing kate kedadean nang reang. 24 Reang dewe percaya reang bakale bisa ndang-ndang teka nang sira, nek Gusti Yesus ngolehi.
25 Tapi, sak'wene ngenteni kabar iku, reang kate kongkon Epafroditus muleh nang sira dikek. Epafroditus iku dulure reang sak'iman sing sira utus mrene kanggo nyukupi reang. Epafroditus karo reang iki memper prajurit sing nyambut gawe bareng kanggo pesene Kristus. 26 Pancene Epafroditus kangen temenan nang sira kabeh sampek atine susah, merga sira krungu nek Epafroditus iku tau lara. 27 Nyatane Epafroditus pancene lara temenan, sampek meh mati. Tapikne Pengeran melasi Epafroditus, ya uga melasi reang, cekne susahe reang orak numpuk-numpuk. 28 Merga iku, reang kepingin ndang-ndang ngutus Epafroditus nang sira, cekne sira nguwasen Epafroditus sing wis waras, terus bungah pisan. Nek ngono reang orak abot mikir sira sing susah. 29 Dadi, terimanen Epafroditus kaya dulur sak'njerone Gusti ambek bungaha temenan. Ajenana wong-wong sing memper iku. 30 Epafroditus meh mati merga penggaweane Kristus. Epafroditus wani naruhen nyawane kanggo marek'en pitulungan sing sira orak bisa nggewehen nang reang.