6
Gawe lelare kabeh, nuruta nang wong tuwek'e sira, merga sira wong sing percaya nang Gusti Yesus. Nuruta merga iku ngono pantes dilakoni. 2 Kitab Suci unine, “Ajenana bapak emakne sira,” sing dadi prentah kawitan sing nduweni janji, 3 yaiku, “uripe sira bakale apik-apik. Sira bakale dawa umure ning ndunya iki.”†4 Gawe bapak-bapak, ajo gawe anak-anak'e sira mangkel. Sewalik'e, tuturana ambek wuruk'ana lelare iku nang dalane Gusti Yesus.
5 Gawe budak-budak, nuruta nang jeragane sira ning bumi iki. Ajenana mbarek ati sing iklas. Turuten jeragane sira persis sira matuhi Kristus. 6 Ajo nurut wektu diawasi tok gawe nyenengen jeragane sira kepe sira dipuji. Tapikne lakonana sing temenan, merga sira iku budak'e Kristus sing nglakoni paran sing dadi kekarepane Pengeran. 7 Ladenana jeragane sira mbarek ati sing iklas, entah sira ngladeni Gusti Yesus, duduk ngladeni menungsa. 8 Sira weruh, nek Gusti Yesus bakale nggewehi saben wong ganjaran nurut paran sing wis dilakoni wong iku mau. Gusti orak mbedak-mbedak'en budak utawa sing duduk budak.
9 Gawe jeragan-jeragan, sira kudu adil nang budak-budak'e sira. Nek pas sira ngilingen, ajo kosi kasar nang budak iku. Merga sira mbarek budak iku mau nduwe Gusti sing pada ning swarga sing orak tau mbena.
Perang ning ndunya roh
10 Ahire, kepe Gusti Yesus sing nguwaten sira kabeh nggawe kekuwatan kuwasane sing gede. 11 Gawenen kabeh alate perang teka Pengeran.† Kepe sira, yaiku ragane Kristus, tetep kuwat nglawan rencanane Iblis sing jahat. 12 Musuhe kene duduk teka menungsa, tapikne sing nglawan kene iku duwe kuwasa ning ndunya roh, yaiku roh-roh sing jahat, mbarek kabeh kuwasa sing peteng ambek sak'kabehe kuwasa rohani sing jahat ning awang-awang. 13 Dadine, gawenen kabeh bekakas perang teka Pengeran cekne sira bisa ngadek jejek pas dina-dina jahat teka. Sak'marine sira nglakoni iku, sira bakale tetep ngadek.
14 Dadi sira kabeh kudu ngadek jejek memper prajurit. Mangkane jupuk'en sak'kabehe bekakas perang iki:
Sira kudu sabuk'an,
yaiku wulangan sing bener.
Sira kudu klambinan wesi,
yaiku ngerti sira wis diarani bener ning ngarepe Pengeran.
15 Sira kudu sepatunan sing isore ana lincing-lincing,
yaiku rasa siap nglawan musuhe merga hubungane sira karo Pengeran wis didamangen ngliwati Kabar Apik.
16 Apa maneh sira kudu tamengan
yaiku percayane sira nang Gusti.
Tameng iku bisa mateni panah geni teka Sing Jahat.
17 Sira kudu heleman,
yaiku ngerti sira wis dislameten.
Sira kudu gawe wedunge Roh,
yaiku Sabdane Pengeran.
18 Dedunga'a saben wayah, nggawe kuwasane Rohe Pengeran. Sak'kabehe penjaluk'ane sira didungak'en. Terus sira kudu jejaga cekne sira bisa tetep ndedunga. Dedunga'a teterusan kanggo kabeh umat pilihane Pengeran. 19 Ndunga'a pisan gawe reang, kepe nek reang guneman, digewehi karunia gunem sing bener, kepe reang wani nyeritak'en rahasia Kabar Apik. 20 Merga reang iki utusane Kabar Apik iku, reang ana ning bui. Dadi dedunga'a kepe reang wani pas mbritak'en Kabar Apik iku. Iku ngono sing kudu tak lakoni.
Salam sing pungkasan
21 Tikhikus iku ngono dulur sak'iman sing ditresnani. Tikhikus iku setia ngladeni Gusti Yesus. Tikhikus bakale nggewehi weruh paran wae ngenek'i reang. Terus sira bakale weruh njare uripe reang ning bui iki. 22 Merga iku reang ngongkon Tikhikus nggawa surat iki nang sira, cekne sira weruh jarene kene, ya cekne Tikhikus bisa nambani atine sira.