5
Merga iku, sira wis dadi lare-lare sing ditresnani temenan nang Pengeran. Dadi, elonana contone Pengeran iku. 2 Uripa ning njerone welas asih, pada karo Kristus, sing welas asih nang kene karo nyerahen awak'e gawe kene kabeh. Kristus dadi sesajen karo korban sing wangi gawe Pengeran.3 Ajo sampek ana setitik'a dusa cabul utawa kelakuan sing orak murni ning antarane sira. Ajo srakah. Kabeh iku orak pantes gawe umat pilihane Pengeran. 4 Ajo guneman nggawe guyon sing kopros utawa orak pantes. Kabeh iku orak layak. Sewalik'e sira kudu nedanerima. 5 Iki sing bisa sira yakini: sapa wae sing nyerahen awak'e nang dusa cabul, paran sing orak murni, sing srakah (srakah iku pada karo nyembah sak'liyane Pengeran) orak bakale marisi peparan ning kerajaane Kristus karo Pengeran.
Uripa ning padang, tinggalen sing peteng
6 Ajo ngejaren uwong nyesaten sira mbarek guneman sing goroh. Wong-wong sing guneman ngono iku orak nurut nang Pengeran. Wong-wong iku bakale nerima amuk'ane Pengeran. 7 Dadi ajo srawong karo wong-wong ngono iku.
8 Biyen sira urip ning dalan sing peteng. Tapikne sak'iki sira mlaku ning dalan sing padang merga kenal Gusti Yesus. Merga iku, uripa memper lare-lare sing seneng padang. 9 Padang iku ngasilen paran sing apik, adil, karo bener. 10 Usaha nglakoni paran sing nyenengen atine Gusti Yesus. 11 Ajo melu maneh kelakuane uwong sing urip ning pepeteng. Kelakuan iku nanak gunane. Sewalik'e madangi kelakuan sing elek iku. 12 Kelakuan elek sing dilakoni meneng-menengan wong iku ngisin-ngisini nek diomongen. 13 Tapikne sembarang kalir sing disingeten ning pepeteng bakal dinyatak'en ngliwati padang. 14 Merga iku mau ana paribasan ngene,
“He sira sing turu, tangia!
Tangia teka pati,
terus Kristus bakale madangi sira!”
Uripa sing bijak
15 Dadi ati-atia njare carane sira urip. Ajo urip persis wong sing orak bijak. Uripa persis wong bijak. 16 Gawenen wayah sing ana merga jaman iki jahat. 17 Ajo goblok, sewalik'e ngertia paran sing dikarepen Gusti.
18 Ajo mabuk-mabuk'an. Nek wis mabuk bakale dadi urip sing mblarah. Sewalik'e, pasrahen uripe sira cekne dibek'i Roh Suci. 19 Gunemana siji karo sijine katek masmur, kidung ambek pujian rohani, ya gawea kidung ning atine sira kanggo Gusti Yesus. 20 Nedanerima'a teterusan nang Pengeran Sang Bapak kanggo sembarang kalir, nggawe jenenge Gustine kene Yesus Kristus. 21 Terus, pada nunduk siji karo sijine merga sira kabeh pada ngajeni Kristus.
Tata cara keluarga sing melu Yesus
22 Gawe bojo sing wedok, ajenana karo turutana bojone sira dewe memper sira tunduk karo nurut Gusti Yesus. 23 Merga bojo sing lanang iku mimpin bojo sing wedok memper ndase wong mimpin ragane. Iku pada karo Kristus sing dadi ndase umate. Umat iku ragane Yesus dewe sing dislameten. 24 Umate Kristus kudu nunduk nang Kristus. Memper iku uga wong wedok kudu nunduk nang bojone ning sembarang kalir.
25 Gawe bojo sing lanang, sira kudu welas asih nang bojone sira. Welas asihana bojone sira memper Kristus welas asih nang umate, ya masrahen Awak'e gawe umate. 26 Kristus masrahen Awak'e cekne umate disucek'en. Persis kene ngumbah nggawe banyu, Kristus ngrijik'i umate nggawe Sabdane dewe. 27 Kristus nyiapen umate gawe Awak'e Kristus dewe dadi umat sing mulya, memper kemanten wedok sing kate rabi, sing orak duwe reget utawa ciri utawa salah paran wae. 28 Gawe cara sing pada, bojo sing lanang kudu welas asih nang bojone dewe entah melasi awak'e dewe. Saben bojo lanang sing welas asih nang bojone tegese melasi ragane dewe. 29 Merga, nanak sesijia uwong tau nyengiti ragane dewe. Sewalik'e wong iku mesti nggewehi mangan karo ngrumat ragane. Ngene iki sing dilakoni Kristus gawe umate. 30 Kene iki dadi bagean teka ragane Kristus. 31 Kitab Suci guneman, “Merga iku wong lanang bakale ninggalen bapak karo makne, terus dadi siji karo bojone. Wong loro iku mau bakale dadi siji.”† 32 Hubungan iku rahasia sing jero. Tapi sak'jane reang maksuten Kristus ambek umat pilihane. 33 Njenjaria, bojo sing lanang kudu welas asih nang bojone sing wedok, persis melasi awak'e dewe. Terus, bojo sing wedok kudu ngajeni bojone sing lanang.