Wong sing percaya dadi ragane Kristus
4
Reang iki wong sing dibui merga ngladeni Gusti Yesus. Merga iku, tak surung sira sing diceluk Pengeran, uripa sing pantes nurut celuk'ane iku mau. 2 Ajo gendak. Kudune andap asor sing temenan. Sira kudu sabar. Tulung-tinulunga sak'pada-padane nggawe welas asih. 3 Rohe Pengeran gawe sira kabeh dadi siji. Rekadaya'a cekne sira kabeh tetep siji ning njerone damang.
4 Mek ana siji raga, yaiku kene kabeh sing dadi bagean ragane Yesus,
mek ana siji Roh sing suci, yaiku Rohe Pengeran,
mek ana siji tujuan sing kene enteni, sing dijanjek'en pas kene diceluk Pengeran,
mek ana siji tujuan celuk'ane sira
5 siji Gusti Yesus,
siji cara percaya,
siji cara ngakoni percaya, yaiku dibaptis,
6 siji Pengeran, Bapakne sak'kabehe menungsa, sing nguwasani sak'kabeh menungsa, nyambut gawe ngliwati sak'kabeh menungsa, terus ana ning njerone sak'kabehe menungsa.
7 Tapikne saben wong ning antarane kene wis nerima karunia. Karunia-karunia iki digenehen Kristus nang kene kabeh nurut watek'e Kristus sing loman temenan. 8 Mangkane ning njero Kitab Suci ana tulisan ngenek'i menange Kristus ngene,
“Pas munggah nang panggonan sing duwur, tawanan dibebasen terus digawa munggah,
Maringono wong-wong iku digewehi karunia.” (Masmur 68:18)
9 Paran tegese, “Yesus munggah nang panggonan sing duwur?” Iku tegese Kristus sak'durunge munggah, ya tau mudun nang enggon sing paling isor,a yaiku ndunya iki. 10 Kristus sing tau mudun iku ya munggah. Kristus munggah nang enggon sing paling duwur, cekne bisa ngebek'i sembarang kalir, yaiku swarga ambek ndunya. 11 Dadi Kristus dewe sing nggewehi karunia nang wong-wong sing dadi utusan-utusan utawa nabi-nabi, uga nang wong-wong sing mbritak'en Kabar Apik. Yesus uga nggenehi karunia nang wong sing angon ambek muruk'i wong percaya. 12 Yesus nggenehi kabeh karunia iki cekne umat pilihane Pengeran didadek'en mampu ngladeni wong liya. Nek ngono, ragane Kristus, yaiku kene sing percaya, bisa dibangun. 13 Kene kudu tambah gede teterusan sampek imane kene kabeh dadi siji. Kene kabeh uga kudu dadi siji ngenal Anak'e Pengeran. Kene bakale dadi dewasa sak'njerone iman. Kene bakale tambah-tambah sampek sempurna sak'njerone Kristus. 14 Dadi imane kene orak kayak bayi maneh. Nek kene gek kaya bayi, kene bisa diombang-ambingen nang macem-macem wulangan, entah prau sing diombang-ambingen nang ombak utawa angin. Nek ngono kene bisa kenek dijabung alus nang kepinterane wong-wong, sing nyingeten kekarepan jahate. 15 Sewalik'e, kene kudu nyatak'en paran sing bener sak'njerone welas asih. Dadi suwene-suwe kene dadi sempurna memper Kristus. Kristus iku ndase ragane, yaiku kene sing percaya. 16 Yesus mbangun sak'kabehe ragane cekne saben bagean ndukung ya dadi siji ambek bagean-bagean liyane. Maringono, saben bagean raga nglakoni tugase dewe-dewe, terus pada tambah gede sak'njerone welas asih.
Menungsa anyar kudu urip sing suci
17 Reang, Paulus, guneman temenan nang sira. Reang guneman nggawe kuwasane Gusti Yesus. Sira ajo urip maneh kaya wong sing orak percaya nang Pengeran, sing mikiren paran sing nanak gunane. 18 Wong iku orak bisa ngerti paran sing bener. Uripe pisah teka Pengeran. Orak ngerti peparan merga atine atos. 19 Wong-wong iku orak duwe isin maneh. Dadi wong-wong iku nyerahen awak'e nang napsu sing jahat. Wong-wong iku nglakoni paran wae sing elek. Wong iku srakah.
20 Tapikne cara urip iku mau orak pada karo sing diwuruk'i nang sira. Sira diwuruk'i urip memper Kristus. 21 Sira wis krungu, ya wis diwuruk'i ngenek'i Yesus. Paran wae sing bener ana sak'njerone Yesus. 22 Sira diwuruk'i cekne orak urip kaya biyen. Sira kudu mbuang cara urip sing lawas. Menungsa lawas iku wis dinajisen nang napsune raga sing nyesaten. 23 Sira diwuruk'i cekne pikirane sira dianyari. 24 Sira diwuruk'i cekne dadi menungsa sing anyar. Menungsa sing anyar iku digawe cekne dadi persis rupane Pengeran dewe, yaiku bener karo suci temenan.
25 Dadi sira kabeh kudu nyingkiren kelakuan sing kulina seneng goroh. Gunemana sing bener nang dulure sira, merga kene kabeh iku bagean teka sak'raga. 26 Ning Kitab Suci munine ngene, “Pas sira moring-moring, ajo sampek nglakoni dusa.” Memoringe kudu mari sak'durunge sengenge surup, 27 terus ajo sampek Iblis digenehi enggon ning atine sira. 28 Sapa wae sing kulina nyolongan, ajo nyolongan maneh. Sewalik'e, kudu nyambut gawe sing mantep. Kudu nglakoni paran wae sing ana gunane, nggawe tangane dewe. Nek ngono sira bisa nggewehi nang wong sing mbutuhen.
29 Ajo ngejaren guneman sing reget metu teka cangkeme sira. Gunemana paran sing tepak, sing bisa mbangun wong liya, cekne diberkahi. 30 Ajo sampek uripe sira gawe Roh Suci teka Pengeran susah atine. Roh Suci iku mbuktek'en nek sira iku duwek'e Pengeran cekne sira slamet pas dina pungkasan. 31 Buangen paran sing pait, ngamuk karo memoring. Ajo gegeran, ajo mitnah, buangen rasa sengit. 32 Sira kudu orak gendak siji nang sijine. Sepuranen siji nang sijine, pada karo Pengeran nyepura sira, merga Kristus ngorbanen Awak'e.