Paulus njelasen rahasiane Pengeran
3
Reang, Paulus, dadi wong tahanan merga ngladeni Kristus Yesus. Reang dibui merga penggaweane reang ning antarane wong sing duduk Ibrani. 2 Sira wis krungu nek reang digewehi welase Pengeran kanggo sira. 3 Welas iku, Pengeran dewe ndudohen rahasiane nang reang. Biyen reang tau nulis surat liya nang sira soal iku, tapi tak bahas rahasia iku mek titik wae. 4 Pas sira maca, sira bakale weruh paran sing reang ngerti rahasia ngenek'i Kristus.5 Mbah buyute kene orak weruh rahasia iki. Tapi, sak'iki Rohe Pengeran wis mbukak rahasia iki nang nabi-nabi ambek utusan-utusane Pengeran sing suci. 6 Ikilo rahasiane: Ngliwati Kabar Apik, janji-janjine Pengeran gawe wong Ibrani bisa dadi duwek'e wong-wong sing duduk Ibrani pisan! Klompok loro iku mek siji bagean teka raga sing siji, yaiku Kristus. Klompok loro iku duwe hak kanggo nduweni janjine Pengeran merga percaya nang Kristus Yesus.
7 Pengeran nggewehi tanggungan nang reang kanggo mbritak'en Kabar Apik iku. Reang nerima berkah iku ngliwati kuwasane Pengeran sing nggenehi welas iku nang reang. 8 Antarane kabeh umat pilihane Pengeran, reang sing paling orak dianggep. Tapi Pengeran milih reang gawe mbritak'en welase Kristus sing nanak entek'e nang wong-wong sing duduk Ibrani. 9 Reang dipilih pisan kanggo mbukak rahasiane Pengeran, yaiku sak'kabehe wong bisa ngrasak'en welase Kristus. Biyen, molai kawitan, rahasia iku disingeten ning njero atine Pengeran sing nyiptak'en sembarang kalir. 10 Sak'iki Pengeran kepingin kabeh umat pilihane nyatak'en hikmate Pengeran nang kabeh roh ambek penguwasa ning awang-awang. Hikmate Pengeran iku nanak watese ning sembarang kalir. 11 Iku ngono rencanane Pengeran teka kekawitan. Pengeran wis njangkepi rencanane ngliwati Kristus Yesus, Gustine kene. 12 Merga percaya nang Yesus, kene yakin duwe hak marek'i Pengeran njaluk peparan nanak rasa isin. 13 Dadi sing tak jaluk nang sira, ajo cilik ati merga reang alami sara kanggo sira. Sewalik'e, sira kudu rumangsa diajeni merga reang ana ning bui kanggo sira.
Paulus ndedunga cekne wong sing percaya bisa ngerti welas asihe Pengeran
14 Reang sujud ndedunga nang Bapakne kene ning swarga cekne sira tambah mantep. 15 Bapakne kene sing gawe saben keluarga sing ana ning swarga ambek ning ndunya. 16 Reang ndunga kepe Bapak, sing kuwasane nanak watese, nguwaten batine sira ngliwati Rohe Pengeran dewe. 17 Mangkane Kristus bakale manggon ning njero atine sira merga sira percaya. Reang ndunga cekne welas asihe Kristus ngoyot sing kuwat, ya dadi pondasi sing kuwat. 18 Mandar muga sira bareng kabeh umat pilihane Pengeran sak'temene bisa ngerti welas asihe Pengeran. Mandar muga sira bisa ngerti sak'gedene welas asihe Kristus, yaiku sak'ambane, sak'dawane, sak'duwure, ambek sak'njerone welas asih iku. 19 Mandar muga sira bisa kenal welas asih iku, masia orak bisa diweruhi sak'kabehe. Mangkane sira bakal dibek'i sembarang kalir sing diduweni Pengeran gawe sira.
20 Pujien Pengeran sing kuwat nglakoni luwih akeh teka sing bisa kene jaluk ambek pikiren. Pengeran bisa nglakoni kabeh iku nggawe kuwasane sing nyambut gawe ning njerone kene kabeh. 21 Pengeran wae sing pantes dimulyak'en ning antarane umat pilihane. Pengeran wae sing pantes dimulyak'en ngliwati Kristus Yesus molai kawitan sampek sak'lelawase! Amin.