Pengeran wis nggewehi kene urip anyar ngliwati Kristus
2
Biyen batine sira kabeh mati merga sira urip sak'njerone dusa mbarek nglanggar prentahe Pengeran. 2 Biyen sira urip dadi wong dusa merga meloni carane ndunya iki. Sira biyen nuruti nang Iblis sing nguwasai ndunya roh jahat. Iblis iku roh sing nguwasai kabeh wong sing orak matuhi Pengeran. 3 Biyen kene kabeh urip ya pada karo wong-wong iku mau. Kepinginane kene dikuwasani napsune raga. Maune kene nyenengen napsune ragane karo pikire kene sing elek. Biyen kene persis wong liya, sing ana ning isore amuk'ane Pengeran.
4 Tapikne Pengeran loman melasi wong. Pengeran sing nggewehi welas asihe sing gede nang kene. 5 Masia kene wis “mati” merga dusa, Pengeran nggewehi kene urip anyar bareng ambek Kristus. Welase Pengeran wis nyelameten sira. 6 Pengeran nguripen kene bebarengan Kristus. Pengeran wis nglungguhen kene bareng Kristus ning alam swargawi. Kene dadi siji ambek Kristus Yesus. 7 Pengeran wis nglakoni iku cekne, pas jaman sing bakale teka, kabeh menungsa bisa nguwasen sak'pira gedene welase Pengeran. Welase Pengeran luwih gede ketimbang paran wae. Pengeran wis ndudohen welase nang kene ngliwati Kristus Yesus. 8 Welase Pengeran wis nyelameten sira merga sira percaya nang Yesus. Sira orak slamet merga paran wae sing sira lakoni. Slamete sira iku digewehi Pengeran. 9 Sepisan maneh, sira orak slamet merga penggawean apik sing wis sira lakoni. Pengeran nglakoni ngono cekne nanak sing bisa dadi gendak gara-gara nyelameten awak'e dewe. 10 Kene iki asil penggaweane Pengeran dewe. Pengeran sing gawe kene ning njerone Kristus Yesus cekne nglakoni penggawean sing apik. Kabeh penggaweane kene sing apik iku wis direncanak'en Pengeran molai kawitan, cekne kene nglakok'en sing apik iku mau.
Wong Ibrani karo sing duduk Ibrani didadek'en siji ambek Kristus cekne dadi menungsa sing anyar
11 Ilinga, sira sing duduk keturunane wong Ibrani! Biyen sira diarani “wong sing orak sunat” merga wong Ibrani ngarani awak'e dewe “disunat.” Tapikne wong Ibrani mek disunat ragane tok ngliwati tangane menungsa. 12 Pas iku, sira durung percaya nang Raja Pilihane Pengeran. Terus sira duduk wargane bangsa Ibrani. Sira duduk bangsane wong Israel. Sira orak nduweni janjine Pengeran. Sira iku biyen orak bisa ngarepen peparan, ya orak duwe Pengeran ning ndunya iki. 13 Biyen sira adoh teka Pengeran. Tapikne sak'iki sira wis dadi duwek'e Kristus Yesus. Sira ditebus karo getih patine Kristus. Sira wis digawa marek nang Pengeran. 14 Merga Kristus iku sing dadi damange kene kabeh. Kristus sing gawe wong Ibrani bareng sing duduk Ibrani didadek'en siji cekne dadi sak'klompok. Maune klompok loro iku sengit siji nang sijine. Sengit iku memper tembok sing misahen klompok loro mau. Tapi Kristus wis musnahen tembok iku pas mati. 15 Ngliwati ragane Kristus sing disalib, sak'kabehe prentah karo aturane agama dibatalen. Kristus nglakoni ngono cekne nyiptak'en menungsa sing anyar ngliwati Awak'e Yesus dewe. Menungsa anyar iku digawe teka klompok loro iku mau. Ahire Kristus gawe damang ning antarane klompok loro iku sing maune sengit siji nang sijine. 16 Apa maneh, pas ragane mati ning kayu salib, Kristus gawe damang ning antarane Pengeran ambek menungsa anyar iku.
17 Yesus teka kanggo ngabaren damang nang wong duduk Ibrani sing diarani “adoh.” Yesus ya teka kanggo ngabaren damang nang wong Ibrani sing diarani “parek.” 18 Ngliwati Yesus, kene sing asale klompok loro iku nduweni siji Roh sing pada. Rohe Pengeran iku nggewehi kene hak kanggo marek'i Sang Bapak.
19 Dadi sira sak'iki wis dianggep warga, duduk wong liya sing orak duwe hak. Sira iku umat pilihane Pengeran. Sira wis dadi keluargane Pengeran. 20 Kene pepada dadi umah sing dibangun ning nduwure pondasine nabi-nabi ambek utusan-utusane Pengeran. Kristus Yesus dewe sing dadi watu pondasi sing kawitan. 21 Sak'kabehe watu umah iku didadek'en siji ning Yesus, terus umah iku tambah gede dadi Umahe Pengeran sing suci, sing duwek'e Gusti Yesus. 22 Merga sira ana ning njero Kristus, sira pisan ya gek dibangun bebarengan umat pilihane Pengeran sing liyane. Gedung iki dadi panggonane Pengeran ngliwati kuwasane Roh Suci.