Surate Paulus nang umate Yesus ning kota Efesus
Efesus
Salam
1
Reang, Paulus, nulis surat iki. Nurut kekarepane Pengeran, reang dadi utusane Kristus Yesus.
Reang ngirimi surat iki nang sira, umat pilihane Pengeran sing ana ning kota Efesus. Sira setia nang Kristus Yesus sing nduweni sira.
 
2 Mandar muga Pengeran, yaiku Bapakne kene, karo Gusti Yesus Kristus nggenehi welas karo ayem tentrem nang sira.
Paulus muji Pengeran merga kabeh berkah rohani sak'njerone Kristus
3 Pujien Pengeran, Bapakne Yesus Kristus, Gustine kene kabeh sing percaya. Pengeran wis nggenehi kene saben berkah rohani sing ana ning swarga. Kene nduweni berkah iku merga kene iki dadi siji ambek Kristus.
4 Pengeran wis milih kene kanggo dadi duwek'e Kristus sak'durunge ndunya iki didadek'en. Pengeran milih kene kepe dadi suci karo orak ciri ning ngarepe Pengeran. Pengeran welas asih nang kene. 5 Dadi Pengeran mutusen molai kawitan kanggo ngangkat kene dadi anak-anak'e. Ngliwati Yesus Kristus kene dadi anak'e Pengeran. Pengeran seneng nglakoni kabeh iku. 6 Kabeh iku nggawe kene muji welase sing mulya. Pengeran nggenehi welas iku orak pamrih peparan nang kene ngliwati Anak'e sing paling ditresnani.
7 Kene wis dibebasen teka ukumane dusa ngliwati getih patine Yesus. Dusa-dusane kene wis disepura merga welase Pengeran sing nanak entek'e. 8 Welas iku sing amber memper banyu sing digewehen nang kene ning njerone sak'kabehe hikmat karo pengerten. 9 Pengeran ndudohen nang kene rahasia kekarepane Pengeran sak'njerone Kristus. Pengeran seneng ndudohen rahasia iku nang kene. 10 Rahasiane, yaiku, Pengeran kate ndeleh kabeh sing ana ning swarga karo ning bumi sak'isore Kristus, sing dadi Pemimpine sembarang kalir. Kabeh iku bakale kedadean pas wayah sing ditentok'en.
11 Pengeran nglakoni sembarang kalir persis karo kekarepane ambek tujuane. Ngliwati Kristus kene uga dipilih dadi duwek'e Pengeran, merga Pengeran mutusen kanggo milih kene molai kawitan. 12 Kene iku wong kawitan sing ngenteni paran sing dijanjek'en ning njerone Kristus. Kene dipilih cekne muji kamulyane Pengeran.
13 Sira uga dadi percaya nang Kristus. Iku kedaden pas sira ngrungok'en paran sing bener, yaiku Kabar Apik sing njelasen carane kene dislameten. Pas sira percaya, sira ditengeri cap. Cap iku Roh Suci teka Pengeran sing dijanjek'en nang kene. 14 Roh Suci iku mbuktek'en nek kene dadi duwek'e Pengeran. Kene sak'iki yakin nek sak'wijine dina kene bakale nerima paran sing dijanjek'en Pengeran iku. Dina iku bakale kedadean pas Pengeran marek'en nebus kene sing dadi duwek'e. Kabeh iku bakal nggarai kabeh wong muji kamulyane Pengeran.
Paulus nedanerima karo njaluk nang Pengeran nggewehi hikmat nang wong Efesus
15 Reang wis ngrungok'en sira percaya nang Gusti Yesus. Reang uga krungu nek sira welas asih nang kabeh umat pilihane Pengeran. 16 Merga iku reang orak tau mandek nedanerima nang Pengeran kanggo sira. Reang iki teterusan iling nang sira saben wayah reang ndedunga. 17 Reang dedunga nang Pengerane Yesus Kristus, Gustine kene. Pengeran iku Bapak sing mulya. Reang njaluk nang Bapakne Yesus iku cekne nggenehi sira bijak pikire karo pengerten teka Roh Suci. Nek ngono sira luwih temenan ngenal Bapakne kene. 18 Reang dedunga cekne batine sira dipadangi. Sira bakale ngerti paran sing sira enteni pas sira dipilih, yaiku warisan mulya sing diolehi umat pilihane Pengeran. 19 Terus sira bakale weruh sak'gedene kekuwatane Pengeran sing gede. Kuwasa iku luwih mulya ketimbang kuwasa liyane. Kekuwatan kuwasane Pengeran sing gede iku wis nyambut gawe ning njerone kene sing percaya. 20 Kuwasa iku didudohen pas Kristus diuripen maneh teka pati. Terus Pengeran nglungguhen Kristus ning sisih tengene Pengeran dewe ning swarga.
21 Ning kono Kristus lungguh luwih duwur teka kabeh sing mrentah, yaiku roh sing nduweni kuwasa, utawa raja-rajane menungsa. Yesus ana luwih duwur ketimbang sak'kabehe jeneng sing ana jaman sak'iki utawa jaman sing kate teka. 22 Pengeran ndeleh sembarang kalir sing ana sak'isore kuwasane Kristus. Terus Pengeran ndadek'en Kristus dadi Ndase sak'kabehe umat pilihane Pengeran. 23 Sak'kabehe umat iku dadi ragane Kristus. Ragane Kristus iku dibek'i kuwasane Pengeran sak'utuhe, sing ngisi sembarang kalir sing ana.