Pesen sing pungkasan
13
Pas reang teka nang Korintus, bakale ping telune campuh ambek sira. Ning Kitab Suci ana tulisan ngene, “Saben masalah kudu dibuktek'en nggawe gunemane saksine loro utawa telu.” 2 Wis tak ilingen sira suwene reang mrana ping pindone. Sak'iki tak ilingen maneh, masia adoh. Pas reang mbalik, nanak wong sing bisa luput teka ukuman nang wong percaya sing gek urip njerone dusa. 3 Apa sira gek kepingin reang mbuktek'en nek Kristus guneman ngliwati reang? Ajo mikir Yesus iku nanak dayane ngurusi masalahe sira. Kristus iku kuwat ning antarane sira. 4 Pancene Yesus dipaku nang kayu salib merga dayane dipasrahen. Tapi Yesus diuripen nang kuwasane Pengeran. Nggawe cara sing pada, kene sing dadi siji ambek Yesus masrahen dayane kene. Tapi ning ngarepe sira kene bakal urip bebarengan Yesus ngliwati kuwasane Pengeran.
5 Gatekna sing apik! Apa sira bener-bener percaya nang Yesus? Jajalen awak'e sira dewe! Apa sira orak weruh nek Yesus Kristus ana ning njerone awak'e sira? Nek orak ngono, pancene sira orak bakal diarani setia! 6 Reang kepingin sira weruh nek'e kene wis ditemok'en setia.
7 Kene ndedunga nang Pengeran cekne sira orak nglakoni salah peparan. Kene orak ndedunga cekne wong-wong nganggep reang wis lulus ujian, yaiku reang pancene utusane Yesus sing duwe asil. Sewalik'e, kene ndedunga cekne sira nglakoni paran sing bener, masia kene katok nanak asile. 8 Kene orak bisa nglawan paran sing bener. Kene mek bisa nyambut gawe bebarengan paran sing bener. 9 Kene bebungah pas kene nanak dayane, tapi sira sing kuwat. Dadi kene ndedunga cekne imane sira tambah sempurna. 10 Iku mau maksute reang nulis surat iki sak'durunge reang teka. Reang orak kepingin ngukum sing nemen, terus nggawe kuwasane reang njerone Gusti Yesus. Gusti iku nggewehi reang kuwasa kanggo mbangun sira, duduk kanggo ngrubuhen sira.
Salam sing pungkasan
11 Ahire, dulur-dulur, bungaha! Usaha cekne sira kabeh urip rukun siji ambek sijine. Terimanen pesene reang. Duwek'a sak'ati, sak'pikire. Uripa ayem tentrem. Pengeran sing nggewehi welas asih karo damang bakal mbarengi sira.
12 Gewehna salam welas asih sing suci, siji nang sijine. Kabeh umat pilihane Pengeran ning kene nggenehi salam.
13 Mandar muga welas teka Gustine kene Yesus Kristus, welas asih teka Pengeran, ambek rasa deduluran teka Roh Suci mbarengi sira kabeh.