Wangsite Paulus karo sarane merga Iblis
12
Reang kate tetep ngapik'en awak'e reang, masia nanak gunane. Reang kate nyeritak'en sing tak alami ngenek'i wangsit karo wahyu teka Gusti Yesus. 2 Reang kenal wong sing percaya nang Kristus.a Patblas taun biyen wong iku dientas nang swarga sing paling duwur. Apa wong iku dientas njerone raga utawa ngliwati wangsit tok, reang orak weruh. Mek Pengeran wae sing weruh. 3 Sepisan engkas, nek wong iku dientas njerone raga utawa orak, reang orak weruh. Mek Pengeran wae sing weruh. 4 Sing reang weruh, pancene wong iku dientas nang swarga. Wong iku krungu gunem-gunem sing orak bisa diucapen nggawe gunemane menungsa, ya orak oleh diucapen sapa wae. 5 Reang mesti ngapik'en wong iku. Tapi reang orak gelem ngapik'en awak'e reang dewe, kejaba pas reang nanak dayane. 6 Masia reang ngapik'en awak'e reang dewe, orak tegese reang goblok, merga paran sing reang sampek'en iku bener. Tapi reang orak gelem ngapik'en awak'e reang dewe. Reang orak gelem dianggep luwih penting ketimbang paran sing bener. Kepe wong liya wae sing nilae reang nurut paran sing tak lakoni, ya nurut paran sing tak gunemen.
7 Nah, wong iku mau sing dientas nang swarga sak'jane reang. Tapi, cekne reang orak dadi gendak ngenek'i kabeh wangsit sing tau tak deleng, ana utusan teka Iblis sing nyiksa ragane reang, cekne reang orak gendak. 8 Wis ping telu reang njaluk nang Gusti Yesus cekne sara iku dijupuk teka ragane reang. 9 Tapikne Gusti Yesus guneman nang reang, “Welase Reang cukup kanggo sira. Kuwasane Reang disempurnak'en pas sira nanak dayane.”
Dadi reang bungah temenan pas reang nanak dayane. Pas iku kuwasane Kristus bisa manggon ning njerone reang. 10 Dadi kanggo Kristus, reang seneng nek nanak dayane, nek diremehen, nek ngalami kiwuhan, siksaan, ambek sara. Pas reang nanak dayane, reang dikuwaten.
Paulus mentingen wong Korintus
11 Maune reang guneman entah wong goblok. Tapi sira sing meksa reang guneman ngono. Sak'kudune sira kabeh muji reang. Masia reang duduk peparan, reang pancene orak kurang penting timbangane utusan-utusan sing diarani “sakti” iku. 12 Biyen pas reang bebarengan sira ning Korintus, reang teterusan mbuktek'en ciri-cirine utusan sejati. Kelakuane utusan sejati, yaiku, tetenger teka Roh Suci, mujijat-mujijat, ambek kuwasa sing gede. 13 Apa sira rumangsa kurang penting ketimbang greja-greja liyane sing tak ladeni? Mek ana siji sing orak pada, yaiku reang orak mbebani nang sapa wae ning antarane sira. Apa tah, sira getun merga reang orak mbebani sira? Reang njaluk sepurane sing gede!
14 Sak'iki reang siap campuh sira sing ping telune. Reang orak kate mbebeni sapa wae. Reang orak ngepingini paran sing sira duweni. Reang ngepingini atine sira. Apa maneh, lare-lare orak perlu nyawisi kanggo wong tuwek'e. Wong tuwek sing kudu nyawisi kanggo anak-anak'e dewe. 15 Dadi reang seneng temenan ngentek'en sak'kabehe keduwenane reang kanggo sira. Reang pancen gelem ngorbanen awak'e reang dewe kanggo sira. Nek'e reang luwih welas asih nang sira, apa welas asihe sira nang reang bakal tambah titik?
16 Wis kebukten reang orak mbebani sira, tapi jarene sira, “Paulus orak jujur, terus ngempusi kene sampek oleh untung.” 17 Apa reang nggolek untung ngliwati wong-wong sing diutus nang sira? Orak. 18 Reang ngongkon Titus nyampuhi sira. Terus reang ngongkon dulur-dulur liyane bebarengan Titus. Titus ya orak nggolek untung teka sira. Sira lak wis weruh Titus ambek reang nglakoni sing pada ambek watek sing pada.
19 Sak'suwene iki, apa sira mikir reang usaha mbela awak'e reang dewe? Orak. Reang wis guneman ning ngarepe Pengeran sing dadi saksine reang. Reang guneman nurut kekarepe Kristus. Kanca-kanca sing tak tresnani, paran wae sing kene lakoni, dilakoni kanggo nguwaten imane sira. 20 Reang wedi nek njebul ning Korintus, reang orak bakal nemok'en sira persis sing tak karepen. Terus, reang wedi sira orak nemok'en reang persis sing sira karepen. Reang kuwatir ning klompok'e sira ana tukaran, iren, ambek memoringan. Reang kuwatir saben wong mek mentingen awak'e dewe tok. Reang wedi sira kabeh tetep mitnah siji nang sijine, ya ngrasani siji nang sijine. Reang kuwatir sira gendak ya orak karuan. 21 Reang wedi pas reang teka maneh, Pengeran bakal ngisin-ngisini reang ning ngarepe sira. Terus reang bakal susah merga akeh wong sing tau gawe dusa sak'durunge, terus durung tobat. Cara uripe wong-wong iku najis, cabul, ya orak kekaruan.