Paulus nulis ngenek'i utusan palsu
11
Mendahe apik'e nek sira sabar pas reang muji awak'e reang persis wong goblok. 2 Reang ya duwe rasa cemburon teka Pengeran nggawe atine sira kabeh. Merga reang wis njanji nggewehen sira kabeh nang Bojo sing siji, yaiku Kristus. Reang kepingin bisa nggewehen sira nang Kristus kekaya'a sira kabeh iki prawan sing suci. 3 Tapikne reang wedi sira digorohi, persis Hawa digorohi Iblis sing nyamar dadi ula licik iku. Reang wedi pikirane sira bisa disesaten cekne orak setia sing tulus iklas nang Kristus. 4 Umpamane ana utusan palsu sing teka nang sira, terus nyeritak'en “Yesus” sing orak pada karo Yesus sing kene sampek'en. Utawa umpamane sira nerima “roh” sing orak pada karo Roh Suci sing sira tau terima. Utawa umpamane sira nerima “kabar apik” sing orak pada karo Kabar Apik sing kene sampek'en. Ngapa kabeh iku kok gampang wae sira sabar nerima!5 Nurut reang, utusan palsu sing jere bisa nglakok'en sembarang kalir iku orak duwe keluwihan blas timbangane reang. 6 Pancene bener reang durung dilatih dadi wong sing pinter guneman. Tapikne reang duwe pengerten. Reang wis njelasen masalah iku nang sira nggawe pepirang cara. 7 Reang mbritak'en Kabar Apik'e Pengeran nang sira orak katek njaluk buruhan. Merga reang orak gelem dibayar, reang ngasoren awak'e reang gawe nduwuren sira. Tah iku dusa? 8 Reang nerima bantuan teka greja-greja liya. Merga iku reang bisa ngladeni sira orak njaluk buruhan. Kekaya'a reang nyolong duwek'e wong-wong iku gawe nguntungen sira. 9 Biyen, pas reang gek bebarengan sira, terus reang mbutuhen peparan, reang orak tau ngaboti sapa wae. Wong-wong percaya teka Makedonia ndengok reang, terus nyawisen paran sing reang butuhen. Reang orak mbebani sira ning peparan wae. Apa maneh, reang bakal teterusan ngladeni sira nggawe cara iku. 10 Reang ngapik'en carane reang sing orak mbebani sira iku. Nanak sesijia wong ning daerah Korintusa bisa njupuk paran sing reang ngalem iku. Iku bener, persis paran sing bener teka Kristus ana ning awak'e reang. 11 Ngapa reang guneman ngono? Apa merga reang orak nresnani sira? Orak! Pengeran wis weruh reang pancene nresnani sira!
12 Dadi reang bakal teterusan ngladeni sira ambek orak njaluk buruhan. Iku bakale menengen utusan-utusan palsu sing gendak merga mikir derajate dewe pada karo kene. 13 Utusan-utusan palsu iku mau doyan goroh. Wong-wong iku ya mek api-api dadi utusane Kristus. 14 Iku orak nggawok'i. Merga Iblis iku dewe ya api-api dadi malaekate padang. 15 Dadi, orak nggawok'i nek budak'e Iblis ya api-api ngladeni Pengeran. Ahire wong-wong iku bakale nerima balesan sing pantes kanggo penggaweane sing jahat.
Paulus ngunggulen sarane dewe
16 Reang guneman sepisan maneh: ajo sampek ana sing nganggep reang goblok. Tapikne, nek sira nganggep ngono, anggepen wae reang iki wong goblok entah wong liya sing ngapik'en awak'e dewe. 17 Tapikne kepe weruh, nek reang ngapik'en awak'e reang dewe, reang orak guneman persis karepe Gusti. Reang guneman persis wong goblok. 18 Akeh wong ning ndunya sing ngapik'en awak'e dewe. Dadi reang ya kate ngapik'en awak'e reang dewe pisan. 19 Nek sira mikir awak'e sira iku pinter, ngapa kok sira seneng nerima gunemane wong goblok ngono iku? 20 Apa maneh, sira ngolehi utusan-utusan palsu ndadek'en sira budak ambek ngakali sira. Sira kekancan mbarek wong-wong sing ngrugik'en sira. Sira kekancan mbarek wong-wong sing gendak. Sira nerima wae wong sing ngampleng raine sira. 21 (Tapi reang ambek re-rewange reang orak wani ngakoni kasar-kasar ngono nang sira. Apa tah, kene kudu dadi isin merga orak “ngladeni sira” memper utusan palsu iku?)
Paran wae sing dadi alasan gawe utusan-utusan palsu ngapik'en awak'e dewe, reang ya wani ngapik'en awak'e reang dewe. (Reang guneman persis wong goblok!)
22 Apa wong-wong iku wong Ibrani?
Reang ya wong Ibrani!
Apa wong-wong iku wargane bangsa Israel?
Reang ya pisan bangsane wong Israel!
Apa wong-wong iku keturunane Abraham?
Reang ya keturunane Abraham!
23 Apa wong-wong iku ngladeni Kristus?
(Sak'iki sing reang guneman memper wong gendeng!)
Reang luwih akeh ngladeni Yesus timbang utusan-utusan palsu iku.
Reang wis nyambut gawe luwih nemen.
Reang luwih gelek dilebok'en bui.
Reang wis dipecuti luwih nemen.
Reang bolak-balik meh mati.
24 Ping lima wong-wong Ibrani mecuti reang mbarek telung puluh sanga (39) pecutan.
25 Ping telu reang digepuk'i nggawe pentungan.
Sepisan reang diantemi watu.
Ping telu prau sing tak tunggangi klelep.
Sepisan reang diombang-ambingen ning tengah segara sedina sewengi.
26 Ning mlakune reang akeh ngadepi blai.
Blai teka kali,
Blai teka rampok,
Blai teka wong-wong Ibrani,
Blai teka wong sing duduk Ibrani,
Blai ning njero kota,
Blai ning njabane kota,
Blai ning segara,
Karo blai teka wong-wong sing gorohan dadi wong percaya.
27 Reang wis nyambut gawe susah payah.
Wis kulina reang orak turu, orak mangan, orak ngombe sampek keluwen.
Gelek reang nanak sandang pangan sampek kademen.
28 Sak'liyane kabeh iku mau, saben dina reang prihatin gawe kabeh umate Yesus. Iku mau beban sing nemen abote. 29 Nek'e ana sing nanak dayane, reang ya ngrumangsa nanak dayane. Nek ana sing rotoh ning njero dusa, atine reang ajur.
30 Nek reang kudu ngapik'en awak'e reang, reang ngapik'en paran sing ndudohen nek reang nanak dayane. 31 Reang orak nggorohi. Pengeran sing dipuji sak'lelawase, yaiku Bapakne Gusti Yesus, sing dadi saksine reang. 32 Ning kota Damsyik, gubernur sing ngladeni Raja Aretas njaga kota iku. Wong iku kepingin nyekel reang. 33 Tapikne reang diduk'en ning njero keranjang teka bolongan ning tembok kota iku. Dadi reang ucul teka tangane gubernur iku.