Paulus mbela penggaweane
10
Reang, Paulus, njaluk nang sira nggawe jenenge Kristus sing orak gendak. (Masia reang diarani orak wani nek pas reang adep-adepan ambek sira. Tapi nek'e adoh teka sira reang tambah wani ning njerone surat.) Reang njaluk sira mikir sing apik. 2 Nek'e reang wis teka nang Korintus, mandar muga reang orak perlu nggawe watek sing wani nang wong sing kudu di'ilingen. Merga ana pepirang wong sing mikir kene urip nurut carane ndunya. Benerna pikirane sira. 3 Masia kene urip ning ndunya iki, tapi kene orak nglawan musuhe kene ngentah wong-wong ning ndunya iki. 4 Gaman sing kene gawe duduk gamane sing digawe wong ndunya. Sewalik'e, kene nduweni gaman sing dikuwaten Pengeran, sing bisa ngejuren panggonan musuh sing kuwat. 5 Kene musnahen bantahane musuh sing gendak ambek ngalahen kabeh cara sing digawe kanggo ngedangi wong sing kate kenal Pengeran. Kene nyekel pikiran-pikirane menungsa kepe didadek'en patuh nang Kristus. 6 Sak'marine sira wis temen nuruti Kristus, kene siap ngukum wong-wong percaya ning antarane sira sing gek orak gelem patuh.7 Sira mek ngukur paran sing katok. Nek ana ning antarane sira sing yakin wis dadi duwek'e Kristus, ilinga! Kene ya duwek'e Kristus pisan. 8 Ajo kaget nek'e reang ngapik'en awak'e reang dewe merga kuwasane Gusti sing digewehen nang reang. Kene sing mimpin sira digewehi kuwasa cekne mbangun sira, duduk ngejur sira. Kene ya orak isin gawe kuwasa iku. 9 Ajo mikir nek'e reang meden-medeni sira katek surat-surat sing teka reang. 10 Ana wong Korintus sing salah mikir, “Surat-surate Paulus bek kuwasane, tapikne Paulus iku nek ketemu adep-adepan nanak dayane, terus gunemane nanak gunane.” 11 Wong-wong sing orak nggatek'en kene sing mimpin kudu ngerti: nanak bedane ning antarane paran sing kene nulis ning surat-surat pas adoh ambek kuwasane kene pas ketemu bareng sira kabeh!
12 Reang orak wani mbandingen uripe reang ambek wong sing muji awak'e wong iku dewe. Reang duduk wong sing ngentah iku. Wong-wong iku mbandingen awak'e dewe nggawe ukuran dewe. Wong goblok nglakoni ngono. 13 Tapikne reang orak ngalem awak'e reang dewe luwih teka sing pantes. Pengeran dewe sing wis nggewehi penggawean iki nang reang. Kene bakal ngapik'en paran sing wis kene lakoni, yaiku ngladeni bareng ambek sira. 14 Gunemane reang orak kotong. Umpama reang orak tau nang Korintus, pancene pamere keseron. Tapikne, reang wis teka nang kana mbarek nyampek'en Kabar Apik teka Kristus nang sira kabeh. 15 Nek reang ngapik'en penggawean sing dilakoni wong liya, iku mau ya keseron. Tapikne reang arep-arep imane sira tambah gede. Nek ngono penggaweane reang ning antarane sira bakale tambah gede pisan. 16 Terus kene bisa mbritak'en Kabar Apik ning daerah-daerah sing luwih adoh maneh teka sira. Kene orak kepingin ngapik'en awak'e kene merga penggawean sing wis dilakoni ning wilayahe wong liya. 17 Tapikne, nek ana wong sing ngapik'en peparan, kudune wong iku ngapik'en paran sing wis dilakoni Gusti Yesus. 18 Merga duduk wong sing ngalem awak'e dewe sing diarani setia, tapikne wong sing dialem Gusti Yesus.