9
Reang yakin orak perlu nyurung sira soal penggawean nggewehi sumbangan nang umat pilihane Pengeran ning Yerusalem. 2 Reang weruh nek sira iku iklas kepingin ngrewangi. Nek masalah iku, sira pancen wis tak alem nang wong-wong ning Makedonia. Reang wis tuturan nang wong-wong iku nek molai taun wingi sira sing manggon ning Akhaya siap nggewehi. Merga sira kepingin nemen nggewehi sumbangan, akeh wong pada kepingin nemen melu nggewehi bantuan. 3 Reang ngutus dulur-dulur nang sira ning Korintus, cekne paran sing kene banggak'en teka sira iku orak sia-sia. Reang kepingin sira siap nggewehi sumbangan, persis paran sing wis tak gunemen. 4 Beleh wong-wong teka Makedonia melu ambek reang, ajo sampek wong-wong iku nemoni sira gek durung siap nggewehi sumbangan. Kene bakale isin nek sira durung siap. Apa maneh, sira ya bakale isin pisan. 5 Dadi nurut reang, luwih apik nek dulur-dulur iku budal dikek nang sira sak'durunge kene njebul ning kana. Wong-wong iku bakale nulungi sira marek'en rencanane sira gawe wewehan gede sing wis sira janjek'en. Dadi sumbangan iku bakale siap dadi wewehan sing digenehen lan-lanan, duduk wewehan sing dipaksak'en.
Gewehi katek ati sing bungah
6 Ilinga: uwong sing nandur titik bakale panen setitik. Uwong sing akeh nandur bakale panen akeh. 7 Saben uwong kudu nggewehi paran sing wis diputusen ning njero atine. Ajo nggewehi nek sira orak lega. Ajo nggewehi gara-gara kepeksa. Merga Pengeran nresnani nang wong sing nggewehi katek ati sing bungah. 8 Pengeran sanggup nyawisi sembarang kalir berkah amber nang sira. Dadi ning paran wae ambek kapan wae sira bakale nduweni kabeh sing sira butuhen. Sira bakale duwe luwih teka cukup gawe paran wae penggaweane sira sing apik. 9 Ana tetulis ning Kitab Suci,
“Wong-wong iku wis ngedumen berkat gawe wong mlarat.
Penggawean apik'e wong-wong iku bakale tetep ana sak'lelawase.” (Masmur 112:9)
10 Nek Pengeran nyawisen weneh gawe wong sing nandur ambek panganane pisan, Pengeran mesti nyawisen karo nambahi jumlahe winihe sira sing bakal ditandur. Pengeran bakale ngakehen asil penggawean apik'e sira. 11 Sira bakale disugihen ning sembarang kalir cekne sira bisa loman saben wayah. Maringono akeh wong bakale nedanerima nang Pengeran merga paran sing sira gewehen ngliwati kene.
12 Sumbangan sing sira gewehen nyukupi umate Yesus. Terus orak mek nyukupi wong iku, tapi sira pisan ndadek'en akeh uwong nedanerima nang Pengeran. 13 Penggawean iki bakal mbuktek'en nek sira bener. Dadi wong liya bakale muji Pengeran merga sira percaya, ngakoni, terus patuh nang Kabar Apik'e Kristus. Wong iku bakale muji Pengeran pisan merga sira iklas ngedumen nang wong-wong iku, ya nang kabeh wong. 14 Ngliwati dungane wong-wong iku kanggo sira, wong iku bakal kangen sira, merga Pengeran wis nggewehi welas sing gede, sing amber entah banyu nang sira. 15 Nedanerima'a nang Pengeran merga welase sing gede iku orak bisa diucapen.