Nyumbang nang umate Yesus katek ati sing iklas
8
Reang ambek Timotius kepingin dulur-dulur kabeh weruh welas sing digewehi Pengeran nang kabeh umate Yesus ning Makedonia. 2 Wong-wong Makadonia iku akeh cobaan urip ambek ngrasak'en sara. Tapikne ning njerone sara sing dialami, wong-wong iku luwih bungah atine. Wong-wong iku pada seneng nulung karo nggewehi nang wong liya, masia wong-wong iku dewe orak duwe. 3 Reang nyaksek'en nek wong-wong iku nggenehi sak'mampune katek ati sing iklas, ya nggenehi luwih teka mampune. 4 Wong-wong iku njaluk temenan nang kene cekne diolehi melu nggewehi sumbangan gawe ngladeni umat pilihane Pengeran ning Yerusalem. 5 Wong-wong iku nglakoni luwih timbang sing reang ambek utusan liyane karepen. Sing kawitan, wong-wong iku masrahen awak'e nang Gusti Yesus. Maringono wong-wong iku masrahen awak'e nang wong kene, merga iku sing dikarepen Pengeran.
6 Dadi, wong kene njaluk tulung nang Titus kepe marek'i sira ning Korintus, terus nulungi sira cekne marek'en penggawean welas asih, yaiku nggewehi nang wong susah ning Yerusalem. Titus iku sing wis ngawiti penggawean nyumbang iku ning sira. 7 Sira kabeh wis sugih ning sembarang kalir, yaiku:
percaya sing kuwat,
cara guneman sing pinter,
pengerten sing amba,
kepinginane ngrewangi wong liya,
welas asihe sira nang kene.
Merga iku, usaha cekne sira nglakoni sing apik soal nggewehi nang wong liya katek ati sing iklas.
8 Reang orak mrentah sira, tapikne reang kepingin nyobak sira. Reang kepingin weruh apa sira temenan duwe welas asih sing iklas. Reang kepingin mbandingen welas asihe sira karo wong liya. 9 Sira weruh welas sing didudohen Gustine kene, Yesus Kristus. Masia Gusti sugih, Gusti gelem dadi mlarat gawe sira. Gusti dadi mlarat kepe sira bisa dadi sugih nurut rohanine.
10 Ngene iki nurut reang ngenek'i paran sing apik kanggo sira. Taun wingi sira iku greja kawitan sing gelem nggewehi, ya sing molai nggewehi. 11 Dadi marekna penggawean nggewehi iku. Ayo dilakoni katek atine sira sing iklas. Gewehna sak'mampune. 12 Merga wewehan sing digewehen katek ati sing iklas bakale ditrima. Sing digewehi iku diukur teka paran sing sira duweni, duduk teka sing sira orak duweni.
13 Kene orak gelem ngabot-ngaboti sira gawe ngentengen bebane wong liya. Kene mek kepingin kabeh imbang. 14 Dadi kepe keluwihane sira digawe nyukupi sing gek kurang antarane umate Yesus ning Yerusalem. Terus mbesok, nek'e wong-wong iku nduweni keluwihan, wong-wong iku ya bisa nyukupi paran sing sira butuhen. Tujuane, ya kepe pada imbange. 15 Ana sing tetulis ning Kitab Suci:
“Wong sing ngumpulen akeh orak keluwihen.
Mbarek wong sing ngumpulen setitik orak sampek kekurangan.” (Keluaran 16:18)
Paulus ngutus Titus gawe nerima sumbangan
16 Reang, Paulus, nedanerima nang Pengeran, merga Pengeran nggewehi nang Titus welas asih kanggo sira. Welas asih iku pada karo welas asih sing reang nduweni kanggo sira. 17 Titus orak mek nerima penjaluk'ane kene gawe nyambangi sira. Nyatane Titus dewe kepingin temenan mrana. 18 Bareng-bareng ambek Titus, kene ngutus sak'dulur liyane gawe ngancani. Kabeh greja ngajeni wong iku merga penggaweane mbritak'en Kabar Apik. 19 Wong iku ya dipilih nang greja-greja gawe lunga bareng kene pas nggawa sumbangan kanggo ngrewangi wong-wong percaya ning Yerusalem. Kene nglakoni penggawean iku cekne Gusti diajeni. Kene kepingin ndudohen njare kene tulus iklas kanggo ngrewangi. 20 Kene ati-ati temenan cekne nanak wong sing bakale nyalahen kene merga carane kene nggewehi sumbangan sing gede iki. 21 Kene usaha temenan gawe nglakoni paran sing dianggep bener nurut Gusti ambek nurut wong-wong liya pisan.
22 Kene ya ngutus dulure kene sing liya bareng wong-wong iku. Wong iku ya gelek mbuktek'en nek siap temenan ngladeni sing iklas. Wong iku sak'iki malah tambah sregep merga nduweni percaya sing temenan nang sira. 23 Titus iku kanca sak'penggawean karo reang sing ngladeni ning antarane sira. Terus, dulur-dulur sing melu pisan iku, makili greja-greja liyane. Wong-wong iku kabeh mulyak'en Kristus.
24 Dadi, buktekna welas asihe sira gawe umate Yesus ning Yerusalem. Dudohna nang wong-wong iku ngapa kok'e kene bangga ngenek'i sira. Dadi greja-greja liyane bisa ndeleng njare banggane kene merga welas asihe sira.