7
Dulur kabeh sing ditresnani, kene duwe janji-janji iku mau teka Pengeran. Merga iku, ayo ninggalen sak'kabehe kelakuan sing ngregeti raga ambek jiwa awak'e dewe. Usahana dadi sempurna ning njerone cara urip sing suci, merga kene ngajeni Pengeran.Paulus bungah merga wong Korintus tobat
2 Terimanen kene ning atine sira! Kene orak duwe salah paran wae nang sapa wae. Kene orak nyesaten sapa wae. Kene orak ngakali sapa wae. 3 Maksute reang duduk kanggo nyalahen sira. Malah kene welas asih nang sira, entah reang tau guneman. Kene siap urip utawa mati bebarengan sira. 4 Gunemane reang iku jujur. Reang bangga merga sira. Merga sira gek percaya nang Yesus, atine reang ditambani sampek bungahe reang nanak watese, masia reang ana akeh sarane.
5 Maune, pas kene ana ning Makedonia, kene orak bisa leren. Kene dilawan nang endi wae. Ning njabane raga ana kisruh, ning njerone raga ana keweden. 6 Tapi Pengeran nambani atine wong-wong sing susah. Pengeran mbungahen kene ngliwati Titus sing njebul teka Korintus. 7 Atine kene ditambani merga Titus teka, tapi luwih maneh, merga sira kabeh nambani atine Titus pisan. Titus guneman nek sira kangen nang reang. Titus njelasen njare sira susah atine merga sira nggatek'en nemen paran sing reang tau tulis. Kabar iku ndadek'en bungahe reang tambah gede.
8 Masia surate reang sing tau tak kirim ndadek'en sira susah atine, reang orak getun. Kawitane reang getun, merga sira dadi susah atine. Tapi susahe sira iku mek dirasak'en diluk. 9 Sak'iki reang seneng. Duduk merga sira iku susah atine, tapi merga teka rumangsa susah iku sira tobat teka dusa-dusane. Sira dadi susah nurut kekarepane Pengeran, sampek sira orak dirugek'en nang kene setitik'a. 10 Susah ati sing bener, sing nurut kekarepane Pengeran, ndadek'en wong tobat teka dusa sampek wong iku dislameten. Nek ngono nanak rumangsa getun. Tapikne susah ati nurut ndunya nggarai getun sampek ndadek'en pati. 11 Delengen asil apik sing ana ning uripe sira, merga susah atine sing sira alami nurut kekarepane Pengeran. Sira nyambut gawe sing nemen kanggo ngrijik'i awak'e dewe. Sira sengit nang dusa, ya wedi nang Pengeran. Sira kangen campuh ambek reang. Sira sregep temenan. Sira kepingin mestek'en nek paran sing bener dilakoni. Sak'njerone sembarang kalir sira wis mbuktek'en nek sira orak duwe salah peparan ning masalah iku. 12 Dadi, masia reang nulis surat iku mau nang sira, iku duduk merga wong sing nglakoni salah iku mau. Ya duduk pisan merga wong sing disalahen. Malah reang nulis surat iku cekne sira bisa weruh nek sira nggatek'en kene temenan ning ngarepe Pengeran.
13 Kabeh iku ndadek'en atine kene bungah. Kene melu seneng ndeleng Titus sing bungah temenan. Sira kabeh wis nyenengen atine Titus. 14 Reang wis ngapik'en sira nang Titus. Pancen sira orak gawe reang isin. Sak'kabehe sing kene nyampek'en nang sira iku bener. Persis pada karo iku, paran sing kene apik'en nang Titus ngenek'i sira, ya nyatane bener. 15 Titus dadi tambah nresnani sira pisan, apa maneh nek iling nang carane sira patuh nang wulangane. Sira nerima Titus nggawe cara sing apik merga ngajeni karo nurut Titus sing sak'temene. 16 Reang bebungah, merga reang tambah percaya temenan nang sira.