6
Kene nyambut gawe bareng Pengeran. Dadi kene sampek'en nang sira, ajo sampek sia-sia terima welase Pengeran. 2 Gunemane Pengeran ngene,“Tepak wayahe, Reang ngrungok'en sira.
Pas dina kanggo nyelameten, Reang nulungi sira.” (Yesaya 49:8)
Gatekna, dina iki welas asihe Pengeran digenehen nang sira. Dina iki sira bisa dislameten.
Sarane Paulus
3 Kene orak ngalangi sapa wae. Nanak sing bisa nemok'en salahe ning njerone penggaweane kene kanggo Pengeran. 4 Sewalik'e, kene wis mbuktek'en nek kene ngladeni Pengeran sak'njerone sembarang kalir. Kene tetep ngadek jejek ning njerone kewohan, susah, karo sara. 5 Kene orak motung masia digepuk'i, dilebok'en bui, utawa ning njerone kisruh. Kene tetep nyambut gawe temenan, kadang orak turu, ya kadang orak mangan. 6 Kene ngladeni sing iklas, nggawe pengerten, nggawe sabar, nggawe ati sing apik. Kene ngladeni nggawe kuwasane Roh Suci ambek welas asih, 7 ambek ucap sing bener, ambek kuwasane Pengeran. Kene duwe gaman sing bener ning tangan kiwa ambek tengen.
8 Kene ngladeni Pengeran mboh diajeni utawa dinyek,
mboh dialem utawa diarani elek
mboh dianggep utusan sejati utawa utusan palsu,
9 mboh dikenal akeh wong utawa orak dianggep.
Kene meh mati, tapi kok urip terus.
Kene digepuk'i, tapi kok orak dipateni.
10 Kene susah atine, tapi bungah temenan saben wayah.
Kene mlarat, tapi ndadek'en akeh wong sugih.
Kene orak duwe peparan ning ndunya iki, tapi nduweni sembarang kalir ning swarga.
11 He wong-wong percaya sing manggon ning Korintus, kene wis guneman nggawe cara sing bebas nang sira. Kene wis mbukak amba atine kene kanggo sira. 12 Kene orak nahan welas asih teka sira. Tapi ngapa kok sira nahan welas asihe sira teka kene? 13 Reang guneman memper sira iku anak'e reang dewe. Sak'kudune sira mbukak atine sira sing amba kanggo kene pisan.
Ilinga, ajo nyembah nang reca dewa
14 Ajo dadi siji ambek wong sing orak percaya. Nanak sing pada antarane sing bener ambek sing salah. Orak kira padang ambek pepeteng dadi kekancanan. 15 Njare carane Kristus ambek Iblis dadi akor? Paran padane antarane wong sing percaya nang Yesus ambek wong sing orak percaya? 16 Nanak sing pada antarane Umahe Pengeran ambek reca dewa. Kene sing dadi Umahe Pengeran sing urip. Pengeran guneman,
“Reang kate manggon bebarengan umate Reang.
Reang kate mlaku ning antarane wong-wong iku.
Reang kate dadi Pengerane wong-wong iku,
terus wong-wong iku bakal dadi umate Reang.” (Imamat 26:12) †
17 Dadi,
“Metua teka wong-wong sing orak percaya
terus disejek'en,
sabdane Gusti Pengeran.
Ajo ngutik paran wae sing orak murni karo sing reget.
Mangkane Reang bakal nerima sira.” (Yesaya 52:11) †
18 Karo,
“Reang kate dadi bapakne sira,
terus sira bakal dadi anak-anak'e Reang,
sabdane Gusti Pengeran sing mrentah sembarang kalir.” (2 Samuel 7:14; 7:8)