Ngenteni raga sing anyar
5
Ragane kene memper kemah. Kene weruh nek'e “kemah ndunyawi” sing kene enggoni bakale dimusnahen. Tapi kene duwe bangunan sing digawe'en Pengeran. Ragane sing teka swarga entah umah ning swarga sing awet sak'lawase. Tangane menungsa orak bisa mbangun umah iku. 2 Pas wayah kene ning ndunya, kene ngersula. Kene kepingin ngenggoni umahe kene sing ning swarga, yaiku raga sing teka swarga. 3 Dadi kene orak bakal ngrumangsa muda blejet. 4 Suwene kene urip ning kemah ndunyawi iki, kene ngersula merga beban uripe kene sing abot. Kene orak kepingin ngrumangsa muda blejet. Sewalik'e kene kepingin nggawe klambi sing pantes ning umahe kene ning swarga. Paran sing bakal mati bakale dimusnahen nang paran sing urip. 5 Pengeran wis ndadek'en kene kanggo ngenteni iku. Pengeran wis nggewehi kene Roh Suci sing dadi jaminane. Roh iku sing gawe kene yakin paran sing bakale kedadean.6 Merga iku atine kene dikuwaten. Masia kene gek urip ning raga iki, kene gek adoh teka Gusti. 7 Merga kene urip liwat percaya, orak liwat paran sing katok. 8 Merga iku, kene yakin temenan ambek luwih seneng ninggalen raga iki kepe bisa urip bebarengan Gusti Yesus. 9 Dadi kene usaha temenan gawe nyenengen atine Gusti, mboh iku ning njero raga iki utawa ning njabane. 10 Kene kabeh kudu ngadek ning ngarepe Kristus kepe diadili. Siji-siji teka kene kabeh, menungsa bakale diakimi gawe paran sing wis kene lakoni pas ana ning njero raga ndunyawi kene, mboh sing dilakoni kene iku apik utawa jahat.
Pesen sing ndadek'en damang
11 Kene wis weruh njare carane ngajeni Gusti Yesus. Dadi kene njajal ngrewangi wong liya cekne ngerti iku mau. Pengeran wis ngenal kene. Mandar muga, sira ya ngenali kene kabeh. 12 Kene orak njajal ngejok'en awak'e dewe nang sira maneh. Tapi kene nggewehi sira alasan kepe sira bangga merga kene. Nek ngono sira bisa bales nang utusan-utusan palsu sing bangga nang paran sing dilakoni, yaiku paran sing katok, duduk paran sing ana ning atine. 13 Apa kene gendeng, persis sing digunemen pepirang uwong? Nek ngono, kene gendeng merga kepingin ngladeni Pengeran. Apa kene duwe pikir sing waras? Nek iya, kene waras pikire merga kepingin ngladeni sira. 14 Welas asihe Kristus meksa kene. Kene percaya siji Uwong mati gawe kabeh uwong. Dadi kene kabeh wis pada mati. 15 Kristus wis mati kanggo kabeh wong. Kristus mati kepe wong-wong sing urip kudune orak urip kanggo awak'e dewe maneh. Wong-wong iku kudu urip kanggo Kristus, sing mati kanggo wong-wong iku terus diuripen maneh.
16 Dadi molai sak'iki, kene orak bisa nilae sapa wae persis sing dilakoni ning ndunya nurut ukurane menungsa. Biyen kene ndeleng Kristus mbarek cara iku mau. Tapi kene wis ngerti terus orak mikir kaya iku mau maneh. 17 Nek'e ana wong sing wis dadi siji ambek Kristus, wong iku digenehi urip anyar. Sing lawas wis ilang! Sing anyar wis teka! 18 Kabeh iki teka Pengeran. Pengeran nggawa kene mbalik nang Pengeran dewe ngliwati patine Kristus ning kayu salib. Terus Pengeran wis nggewehi kene tugas nggawa damang teka Pengeran ngliwati Kristus nang wong sing orak akor ambek Pengeran. 19 Ngliwati Kristus, Pengeran gawe damang antarane wong ning ndunya iki ambek Pengeran dewe. Pengeran orak gelem ngitung dusane wong sing digawe iku mau. Pengeran wis mercayak'en nang kene pesen nek'e kabeh wong bisa oleh damang teka Pengeran. 20 Dadi kene iki utusane Kristus sing diakoni Pengeran dewe. Kekaya'a Pengeran nyeluk wong-wong ngliwati kene. Kene makili Kristus terus njaluk temenan: Didamangen ambek Pengeran! 21 Kristus orak duwe dusa. Tapikne Pengeran gawe Kristus dadi korbane dusa kanggo kene kabeh. Terus kene didadek'en bener nang Pengeran merga paran sing wis dilakoni Kristus kanggo kene.