Kamulyane Pengeran sak'njerone kene
4
Dadi merga Pengeran melasi kene, kene nduwe penggawean iki sing kudu dilakok'en, terus kene orak sampek motung. 2 Sewalik'e kene wis nolak kelakuan sing orak pantes karo ngisin-ngisini. Kene orak licik uripe ya orak mbalik ilat nang wekasane Pengeran. Sewalik'e kene ndudohen paran sing bener. Nggawe cara ngene iki, kene wis pasrah dinilae kabeh wong nurut batine dewe-dewe ning ngarepe Pengeran. 3 Umpama Kabar Apik sing kene beritak'en orak dingerteni, entah ditutupi nggawe gombal, mesti ketutup kanggo wong-wong sing bakale mati. 4 Wong-wong iku orak percaya merga pikire wis dipicek'en nang Iblis, yaiku sing nguwasani jaman iki. Dadi wong-wong iku orak bisa ndeleng padang, yaiku Kabar Apik sing nyeritak'en kamulyane Kristus. Kristus iku wujute Pengeran dewe. 5 Pesen sing kene beritak'en duduk awak'e kene dewe. Sing kene beritak'en iku Yesus Kristus, sing dadi Gusti. Kene mek ngladeni sira kanggo Yesus. 6 Pas nyiptak'en ndunya, Pengeran guneman “Dadia padang sing nyoroti peteng.”† Memper iku, Pengeran nggawe padang nyorot ning njerone atine kene. Padang iku madangi kene cekne bisa ngenal kamulyane Pengeran, sing katok ning praene Kristus.7 Paran sing bener ngenek'i Kristus iku memper dunya brana sing larang. Kene memper kendi teka lemah. Dunyane Pengeran, yaiku Kabar Apik, disimpen ning njerone ragane kene, sing asale teka lemah. Iki kabeh ndudohen nek kuwasane Kabar Apik asale teka Pengeran, duduk teka kene. 8 Kene kecepit temenan teka endi-endi, tapikne orak penyet. Kene bingung, tapikne orak sampek motung. 9 Kene disiksa, tapikne Pengeran orak ninggalen kene. Kene dibanting tapikne orak mati. 10 Kene teterusan ngrasak'en matine Yesus ning njerone ragane kene. Ngliwati cara iku, uripe Yesus bisa katok ning njerone ragane kene pisan. 11 Kene sing urip ana teterusan ning sak'njerone bahaya pati merga ngladeni Yesus, cekne uripe Yesus bisa katok ning ragane kene. 12 Masia pepati nyambut gawe ning njerone kene, tapikne urip nyambut gawe ning njerone sira.
13 Ning Kitab Suci ana unine ngene, “Reang percaya, terus ngono iku reang wis guneman.”† Merga kene yakin temenan entah ayat iku mau, kene percaya terus guneman. 14 Kene weruh nek Pengeran wis nguripen maneh Gusti Yesus teka pati, ya Pengeran uga sing kate nguripen maneh kene kabeh bareng karo Yesus. Apa maneh, kene kabeh kate digawa nang ngarepe Pengeran dewe. 15 Kabeh iku dilakoni kanggo sira cekne welase Pengeran bisa teka nang akeh wong. Terus bakale akeh sing nedanerima terus mulyak'en Pengeran.
16 Merga iku, kene orak motung. Ragane kene tambah nanak dayane, tapikne rohe kene dianyari saben dina. 17 Sak'sara-sarane kene bisa diarani enteng, terus mek diluk. Tapikne sara iku ngasilen kanggo kene kamulyan sing orak entek sak'lawas-lawase. Iku luwih gede ketimbang sarane kene iki. 18 Dadi kene orak mikiren paran sing dideleng ning ndunya iki. Sewalik'e, merga percaya, kene mikiren paran sing orak bisa dideleng nang menungsa. Merga paran sing bisa dideleng mek diluk. Tapikne paran sing orak bisa dideleng bakale ana sak'lelawase.