Ngladeni sak'njerone Janji Anyar
3
Apa kene molai muji awak'e kene dewe memper utusan-utusan palsu? Terus memper wong-wong iku, apa kene kudu nggenehen surat nang sira sing ngapik'en kene? Utawa apa kene mbutuhen surat teka sira sing ngapik'en kene nang wong liya? 2 Sira dewe dadi surat sing ngapik'en kene. Sira wis tetulis sak'njerone atine kene, terus bisa diwaca kabeh wong. 3 Wis dinyatak'en nek sira iku surat sing ditulis Kristus. Sira iku asile teka penggaweane kene kanggo Pengeran. Sira iku duduk surat sing ditulis karo mangsi, tapikne ditulis karo Rohe Pengeran sing urip. Sira iku duduk surat sing diukir ning watu, tapikne ning atine menungsa.4 Ngliwati Kristus, kene wani guneman ngono ning ngarepe Pengeran. 5 Kene orak sanggup nglakok'en peparan dewe, merga orak kira ana asile sing asale teka kene. Kene bisa nglakok'en paran sing kene lakok'en iki merga didadek'en sanggup nang Pengeran wae. 6 Yesus wis gawe kene sanggup kanggo ngladeni ngliwati janji sing anyar. Janji iku orak dilandasi nang hukume agama sing tetulis. Janji iku asale teka Roh Suci. Hukum agama iku mateni, tapikne Roh iku nggenehi urip.
Janji sing anyar iku luwih mulya ketimbang janji sing lawas
7 Tulisan ning janji lawas sing disampek'en Nabi Musa iku diukir ning watu. Masia janji iku dinyatak'en ambek kamulyane dewe, janji iku uga sing nggarai pati. Kamulyane janji iku nggawe raine Musa semorot sampek wong-wong Ibrani orak bisa mandeng raine Musa sing suwe. Tapikne kamulyan iku orak kosi awet, terus suwene-suwe ilang. 8 Merga iku janji sing anyar, sing wis diteren nang Roh Suci, mesti luwih mulya! 9 Masia janji lawas iku duweni kamulyane dewe, tapi janji iku uga nggawa ukuman. Dadi luwih mulya maneh, Janji Anyar iku bisa gawe wong dadi bener ning ngarepe Pengeran. 10 Kamulyane janji sing lawas iku orak pada karo janji sing anyar, sing kamulyane luwih gede. 11 Kemulyan janji sing lawas mek kanggo sak'diluk. Luwih mulya maneh janji sing anyar merga awet sampek sak'lawas-lawase.
12 Merga kene ngenteni paran sing dijanjek'en, kene wani temenan nyampek'en Janji Anyar iku. 13 Kene orak pada karo Musa. Musa nutupi raine karo gombal cekne wong Ibrani orak bisa ndeleng sorote sing molai ilang. 14 Tapikne sampek sak'iki pikirane wong-wong Ibrani diatosen. Gombal iku tetep nutupi pikirane wong-wong iku pas janji sing lawas diwacak'en, merga gombal sing nutupi durung dibukak. Gombal iku bisa dijupuk nek percaya nang Kristus. 15 Sampek sak'iki, pas Hukume Nabi Musaa diwacak'en, gombal iku gek nutupi pengertene wong-wong sing ngrungok'en. 16 Tapikne pas wong-wong mbalik nang Gusti Yesus, gombal sing nutupi iku bakal dijupuk. 17 Gusti Yesus iku Roh Suci. Terus ning endi ana Rohe Gusti Yesus, kene dibebasen. 18 Kene sing percaya nang Yesus nduwe rai sing orak ketutupan gombal maneh. Mangkane kene bisa kesorot kamulyane Gusti Yesus. Kene ya pisan diubah kepe dadi sak'rupa karo watek'e Gusti Yesus. Suwene-suwe kene dadi tambah memper Yesus. Terus kamulyan iki asale teka Gusti Yesus, yaiku Roh Suci.