Akonana welas asihe sira
2
Dadi reang mutusen orak mampir maneh dikek, cekne orak nglarani atine sira. 2 Nek'e reang gawe sira susah, sapa sing bakale gawe reang seneng? Mek sira, wong sing tak gawe susah iku mau. 3 Paran sing tak tulis nang sira sak'durunge reang kepingin mampir, tak tulis cekne pas reang teka maneh, reang orak dilarani nang wong-wong sing kudu gawe reang bungah. Reang percaya, nek'e reang bungah, sira bakale bungah pisan. 4 Atine reang abot pas wayah reang nulis surat iku mau nang sira. Reang kuwatir. Mripate reang bek eluhe. Reang orak kepingin sira susah. Reang kepingin ndudohi sira nek reang iki welas asih nang sira sing temenan.
Sepuranen wong sing salah
5 Ana wong ning antarane sira kabeh sing gawe kene kabeh susah. Duduk reang sing digawe paling susah, tapikne sira kabeh. 6 Ukuman sing wis digewehen pepirang wong percaya nang wong iku wis cukup. 7 Sak'iki sira kudu nyepura mbarek nambani atine wong iku. Dadi wong iku orak bakale susah nemen sampek motung. 8 Dadi reang njaluk sira nyampek'en nang wong iku maneh, nek wong iku gek ditresnani. 9 Reang nulis nang sira maneh merga kepingin masen apa sira setia, ya apa sira bisa manut sak'kabehe sing tak jaluk. 10 Sapa wae sing sira sepura, reang ya nyepura. Paran wae sing wis tak sepura, wis dilakoni kanggo untunge sira ning ngarepe Kristus. 11 Kene orak kepingin Iblis ngakali kene. Kene weruh njare Iblis nglakoni penggaweane sing jahat.
Janji Anyar ndadek'en kene pantes
12 Dadi, ketimbang mampir ning Korintus, reang mutusen budal nang Troas gawe mbritak'en Kabar Apik'e Kristus. Ning kana reang nemok'en lawang sing dibukak nang Gusti kanggo ngladeni. 13 Tapi atine reang durung anteng. Reang orak bisa nemok'en dulure reang, Titus, ning kana. Dadine reang pamitan nang wong-wong percaya ning Troas terus budal nang Makedonia.
14 Nedanerima nang Pengeran! Pengeran teterusan mimpin kene kabeh memper wong tawanan ning arak-arak'an sing ngajeni Kristus. Ning endi wae, Pengeran nyebaren mambune wewangian, yaiku wong bisa kenal Kristus ngliwati kene. 15 Pengeran nganggep kene dadi ambune sing nyenengen teka Kristus. Ambune Kristus diambu wong-wong sing dislameten ambek wong-wong sing kate mati. 16 Gawe wong sing nuju pepati, kene ya ambune pati. Gawe wong sing kate dislameten, kene ya ambune panguripan. Sapa sing pantes nglakoni penggawean iki? 17 Akeh wong ngedol wekasane Pengeran cekne ngasilen picis. Tapi kene orak. Sewalik'e, ning ngarepe Pengeran, kene makili Kristus sak'jujur-jujure. Kene guneman ngono merga wis diutus Pengeran.