Banjir dimarek'en
8
1-3 Sak’marine 150 dina, Pengeran nepati janjine nang Nuh karo sak’kabehe kewan ning njero prau iku. Dadi Pengeran nekak’en angin ning ndunya cekne banyu dadi mudun titik teka titik. Sak’kabehe ndase banyu teka isor karo banyu ning awang-awang disumpet pisan. Udane mandek, karo banyune tambah mudun. Pas iku banyu sing ana ning nduwure bumi kalong. 4 Tanggal pitulas, wulan kepitu, prau iku kesasang ning gegunungan sing ana ning wilayah Ararat. 5 Terus pas tanggal siji, wulan kesepuluh pucuk’e gegunungan kawit katok merga banyune tambah kalong.
6 Sak’wise oleh 40 dina maneh, Nuh mbukak jendela sing wis digawe ning prau iku. 7 Terus ana manuk gagak diculen, tapikne manuk iku nglibet mrana-mrene sampek banyu sing ana ning bumi asat. 8 Maringono Nuh ngeculen manuk dara cekne bisa weruh nek ana enggon sing wis garing. 9 Tapikne manuk iku mbalik nang Nuh merga orak oleh enggon gawe mencok. Nyatane banyu gek ngebek’i akeh enggon sing ana ning bumi. Manuk iku terus digawa maneh nang njero prau.
10 Nuh ngenteni pitung dina engkas, terus manuk dara iku mau diculen maneh. Pas surup manuk iku mbalik maneh nang Nuh. 11 La, Nuh seneng merga sak’iki manuk iku nggawa godong saituna sing ijo ning cucuk’e. Pas iku Nuh weruh nek’e banyu ning bumi asat. 12 Terus, sak’wise ngenteni pitung dina maneh, manuk dara iku diculen, tapikne orak mbalik maneh nang prau iku.
13 Nah, pas Nuh umure 601 taun, pas wulan kawitan, tanggal siji, Nuh mbukak sak’bageane payon, kate ndeleng kiwa tengene. La, sak’mono lemah katok kawit garing. 14 Maringono pas tanggal 27, sak’njerone wulan loro, lemah iki wis garing.
15 Teruse Pengeran guneman nang Nuh, 16 "Metu'a sira kabeh teka prau iku. Sira karo anak-bojone, karo pisan mantune. 17 Tokna pisan sak’kabehe manuk, kewan sing ngrayap, karo kewan liyane, cekne bisa temangkar terus nyebar ning bumi iki."
18 Terus Nuh ambek anak-bojone karo mantune pada metu teka prau. 19 Barengono sak’kabehe kewan alas, sak’kabehe kewan ngrayap, manuk-manuk karo kewan lemah pada metu, nurut golongane dewe-dewe.
20 Maringono Nuh ngedek’en pengobongan nang Sing Gawe Urip. Nuh njupuk teka saben macem manuk karo saben macem kewan sing ilok dikorbanen. Terus Nuh ngorbanen kewan-kewan iku mau ning nduwure pengobongan iku.
21 Sing Gawe Urip seneng ngambet korban obongan sing wangi iku, terus guneman nang Awak’e Dewe, "Masia atine menungsa molai cilik wis jahat, Reang orak kira ngukum ndunya iki maneh. Reang orak kira maneh musnahen paran sing urip ning ndunya, kaya iku mau.
22 Sak'wene bumi iki gek ana,
bakale ana wayah nandur karo panen
wayah adem karo panas
wayah ketiga karo salju
terus dina karo bengi orak bakal mandek."