Banjir sing gede
7
Sak’marine prau iku dadi, Sing Gawe Urip guneman maneh nang Nuh, "Sak’iki mlebu'a nang prau iku karo keluargane sira kabeh, merga mek sira tok wong sing Tak deleng uripe bener ning antarane wong-wong sing urip jaman iki. 2 Lebokna saben maceme kewan sing ilok dikorbanen, pitung jodo-pitung jodo. Terus teka saben maceme kewan sing orak ilok dikorbanen, sejodo-sejodo. 3 Lebokna pisan saben maceme manuk–manuk, lanang karo wedok pitung jodo, cekne engko bisa urip karo temangkar ning ndunya. 4 Sira kudu nglakoni ngono merga pitung dina engkas Reang kate nekak’en udan gede suwene 40 dina 40 wengi. Reang kate musnahen kabeh sing urip ning lemah, sing wis Tak dadek’en ning ndunya iki." 5 Maringono Nuh nglakoni kabeh sing wis dikongkonen nang Pengeran.
6 Pas banjir gede iku teka nang bumi, umure Nuh gek 600 taun. 7 Terus Nuh ambek bojone, anak'e karo mantune kabeh mlebu nang prau gede iku cekne slamet teka banjir iku mau.
8-9 Maringono, kewan kabeh iku mau pada teka nang Nuh, yaiku kabeh kewan sing ilok dikorbanen, sing orak ilok dikorbanen, manuk-manuk, karo kabeh kewan sing ngrayap. Kabeh kewan iku, lanang karo wedok, pada mlebu nang prau persis sing wis dikongkonen nang Pengeran.
13 La, dina iku uga, Nuh, bojone, anak’e sing jenenge Sem, Ham, Yafet karo mantune telu, pada mlebu nang prau iku. 14-16 Pas iku kabeh wernane manuk karo kewan-kewan liyane, sing teka alas karo sing ingonan, sing gede karo sing cilik, lanang-wedok sejodo-sejodo mlebu pisan, persis paran sing wis dikongkonen Pengeran. Terus sak’wise Nuh mlebu, lawange prau iku ditutup nang Sing Gawe Urip. 10 Terus bareng oleh seminggu, banjir iku teka nang bumi.
11-12 Sak’marine iku, pas dina ping pitulase, wulan ping pindo, sak’kabehe ndase banyu isore lemah pada mlutak karo banyu sing ana ning awang-awang mbukak. Terus ana udan gede suwene 40 dina 40 wengi. Pas iku umure Nuh 600 taun.
17 Suwene 40 dina, 40 wengi banyu iku ngebek’i bumi. Suwene-suwe banyu iku tambah akeh sampek prau iku kejunjung karo kemambang ning banyu. 18 Terus banyu iku tambah akeh maneh sampek prau iku kegawa aruse banyu. 19 Banyu iku tambah nduwur sampek kabeh gunung sing paling duwur kelelep. 20 Terus banyu iku tambah duwur maneh sampek pitung meter ning duwure pucuk’e gunung. 21-23 La, kabeh sing urip ning bumi pada mati. Molai teka sak’kabehe manuk, sak’kabehe kewan alas karo kewan ingonan, sak’kabehe kewan sing ngrayap, sak’kabehe menungsa, ya sak’anane sing urip pada mati. Ngono iku Pengeran musnahen sak’kabehe manuk, kewan alas karo kewan ingonan, kewan sing ngrayap, karo kabeh menungsa teka lemah. Sing slamet mek Nuh karo keluargane ambek kabeh kewan sing ana ning njero prau iku.
24 Suwene 150 dina banyu iku gek ngebek’i ndunya.