6
Nuh dikongkon nggawe prau gede
5 Pas iku Sing Gawe Uripa nguwasen menungsa ning ndunya wis dadi jahat temenan. Apa maneh atine menungsa orak leren mikiren sing jahat tok. 6 Merga iku Sing Gawe Urip nelangsa karo getun temenan nggawe menungsa ning ndunya iki. 7 Terus Sing Gawe Urip guneman, "Reang kate musnahen menungsa karo sak’kehe manuk karo maneh kewan liyane sing wis Tak gawe. Reang getun gawe iku kabeh." 8 Tapikne mek Nuh wae sing nyenengen atine Sing Gawe Urip.
9 Ngene ceritane Nuh. Nuh iku wong sing apik ning ngarepe menungsa karo uripe bener ning ngarepe Pengeran, timbangane wong sing urip pas iku. Apa maneh Nuh iku uripe raket karo Pengeran. 10 Terus, Nuh duwe anak lanang telu sing jenenge Sem, Ham, karo Yafet. 11 Tapikne, nurut Pengeran, wong liyane jahat kabeh sampek ndunya iki wis bek wong elek. 12 Pengeran ndeleng ndunya iki rusak temenan merga kabeh menungsa uripe jahat. 13 Pengeran guneman nang Nuh, "Reang mutusen kate musnahen bumi iki karo kabeh sing urip, merga ndunya iki wis bek wong elek." 14 "Sak’durunge reang musnahen ndunya, sira kudu gawe prau sing gede karo kayu sing kuwat. Terus gawea ning njerone kamar-kamar sing akeh. Maringono tembelen njaba njero cekne banyu orak bisa mlebu. 15 Gawien praune ngene: dawane 133 meter, ambane 22 meter, karo duwure 13 meter. 16 Prau iku gawekna pager. Terus gawekna payon 45 sentimeter ning duwure pager iku. Terus, prau iku gawien susun telu. Gawekna pisan lawang ning pinggiran."
17 "Rungokna gunemane Reang iki: Kate Tak tekak’en banjir gede kanggo musnahen kabeh sing urip ning lemah. Paran wae sing urip ning lemah iki bakale mati. 18 Tapikne Reang gawe janji karo sira. Sira karo anak-bojone karo anak-mantune pisan bakale mlebu prau iku." 19-20 "Sira kudu nglebok’en nang prau iku sak’kabehe maceme kewan, lanang karo wedok. Sira kudu ngrumati kewan-kewan iku cekne orak mati pisan. 21 Gawa’a ambek simpenana saben macem pangan sing cukup kanggo sira karo kewan-kewan iku." 22 Maringono, Nuh nglakoni kabeh iku, persis kaya paran wae sing wis dikongkonen nang Pengeran.