9
Janjine Pengeran nang Ndunya
8 Terus Pengeran guneman nang Nuh karo anak-anak’e sing lanang, 9 "La, rungokna karo delengen! Sak’iki Reang Dewe gawe janji nang sira karo nang turunane sira, 10 karo sak’kabehe kewan sing urip, yaiku manuk karo sak’kabehe kewan lemah sing wis metu teka prau bebarengan sira. 11 Ngene janjine Reang sing Tak tetepen karo sira: Orak kira maneh ana banyu gede sing ngentek’en paran sing urip ning ndunya." 12 Terus Pengeran guneman nang Nuh, "Iki tengere janjine Reang ambek sira, anak temurune sira, karo kabeh sing urip. Tengere iki Tak tetepen sak’lawase. 13 Tak deleh kowonge Reang ning awan sing dadi tengere janjine Reang karo ndunya iki. 14 Sak’wayah-wayah kowong iku katok ning awan, 15 Reang bakale iling janjine Reang nang sak’kabehe sing urip, cekne nanak maneh banjir gede sing kate musnahen paran sing urip. 16 Nek’e ana kowong katok ning awan, Reang bakale mandeng karo nepati janjine Reang sing langgeng, sing wis Tak gawe antarane Reang karo sak’kabehe sing urip ning bumi. 17 Iki tengere janjine Reang, sing wis Tak tetepen antarane Reang karo sak’kabehe sing urip ning bumi iki."